![]() |
ANGGUK KUTOSARI
Oleh : Syamsul Qodri
BAG :1
Desa Kutosari desa kang ora amba pisan, tapine ya ora ciut banget.
Ketiban sedeng. Pinggire dekubengi sawah mablak2 amba pisan. Arahe kira-kira sekang Gunung Slamet rongewu cengkal maring ngidul. Desane pancen ora rame banget, tapine ya cukup dengerteni wong akeh, sapa-sapa pada ngerti desa Kutosari. Ana rong perkara sebabe desa Kutosari dengerteni wong akeh.
Siji, sebabe nang desa kuwe ana kayu sing nggo pranti delengan. Kayune gedene ora lumrah, tau deukur wong selawe pada gandengan tangan kaya bocah lagi dolanan seliri menthing, jan babar pisan ora nyangkep. Kayu sing gedene samono jan aneh banget, ora ana tukulane, padahal ya woh shi, wohe kaya woh kedoya, tapi ya ora gelem tukul. Jarene wong tua , kayu kuwe tukulan tekene prajurit Pejajaran sing ngaso nang desa Kutosari dong lagi bali tes perang Bubat ngelawan Brawijaya. Sangking gembunge deweke nancepaken teken karo sesumbar , "kiye teken nggo wates antarane pejajaran lan majapahit". Aneh banget, suwe suwe teken mau koh banjur trubus, malah dadi wit sing gedene ora lumrah.
Mula asline wit mau ora ana jenenge. Tapine dong lagi Adipati Sokaraja sing jenenge Jebug Kusumo nglurug perang maring nggone Adipati Sambeng leren disit nang ngisor kayu gede mahu, dumadakan mekutane nglembreh, banjur sang adipati nyabdo njenengi kayu mahu kanthi jeneng Kayu Lemberang.
Manuk apa bahen ana nang Kayu Lemberang mau, awit manuk sing cilik, kaya manuk prenjak, brondol lan manyar , nganti manuk sing gede gede, kaya alap alap , kokok beluk lan ulung, ana kabeh. Mulane nek sore sore , nang sekitare kayu lemberang ana pemandangan sing apik tur nyengsemaken ati. Grombolan manuk manyar sekang arah papat pada teka tumuju maring wit siji, banjur pada tangkring karo ngoceh ngalor ngidul suwarane, jan kepenak pisan. Detambah maning anggeran nylingak ngetan , pucuk pring pada manggut manggut bebarengan karo blekok sing lagi makani peyike, delengan sing nyamleng banget. Manuk blekok kuwe manuk sing eman banget karo anake, nek saba nang sawah , baline mesthi karo ngemut precil, susuk melik utawa plentet, malah kadang iwak lunjar utawa mujaer cilik, nggo anake, adoh banget wateke karo jalmo manungsa, nang kana kana mangan ya kepenak bahe, ora kelingan anak, apa maning kelingan bojo sing labuh rewad rewod.
Hawane nang ngisor kayu lemberang ya kepenak pisan, ora perlu alat apa kahe jenenge sing nggo ngademaken hawa, ase apa apa jenenge. Mulane anggeran dina ahad akeh bocah pada dolanan nang ngisor wit mau, ana sing pada bentik, biasane bocah lanang, lan ana sing pada geprek sundamanda. malah kadang bocah senjabane desa Kutosari ya pada melu melu ngerasakaken aube ngisor kayu Lemberang, mulane desa Kutosari dengerteni wong akeh merga kayu lemberang mahu.
Kapindone, Desa Kutosari dengerteni wong akeh, sebab nang desa kuwe ana rombongan angguk. Angguk kuwe salah sijine tontonan ibing-ibingan. Nanging ibinge ora pada karo ebeg , apamaning karo sing jenenge sintren. Ibinge kaya wong pencak, tabuhane genjring. Ibinge sok dearani konto. Pemaine kadang bocah rolas, kadang bocah patlikur.
Kaki Paidi, dalang Angguk Kutosari tahu crita, jarene angguk kutosari wis lawas banget anane. Sedurunge Ki Banteng Kuntet, putrane Tumenggung Lowano Grabag teka maring desa Kutosari , Angguk Kutosari wis ana . Padahal tekane Ki Banteng Kuntet wis laganu pisan, tepate ya tahun 1830, dong Pangeran Diponegoro ditangkep Landa, Jendral Decock, nah Banteng Kuntet sing prajurite Pangeran Diponegoro melu bubar, mlayu maring arah ngalor kulon sekang Magelang, tumuju maring desa Kutosari.
Dadi tontonan angguk Kutosari ya pancen wis lawas pisan, mungkin dong Kaki Jagayuda apa dene nini Samini sing manggon nang pipir belik tesih nom ndeyan.
Awit terkenale Angguk Kutosari, angger detanggap sing nonton ambrung kaya laron. Lanang wadon gede cilik tua nom pada ambrungan. Apa maning bocah bocah wadon nom, mesthi pada mangkat, sebab arep ndeleng Siwil, putune kaki Paidi. Ujare bocah bocah wadon nom, Siwil kuwe pemain angguk sing paling pinter, dasar wonge bagus, cekatan maning anggere main konto. ' jan kaya rejuna ya", ujare Winah krisik krisik maring Santi dong lagi nonton Angguk Kutosari nang dukuh Nagasari.
Lan Agguk Kutosari dalange awit gemiyen ya turun temurun, kaki Paidi dadi dalang Angguk anu turunan sekang ramane , kaki Dipa Wangsa, nanging sekang kaki Paidi kayane temurun maring putune, dongen shi temurun maring anake lanang sing jenenge Wangsa Kalong, ya kuwe ramane Siwil, tapine wis mati dong Siwil tesih nang wetengane biyune wolung wulan. Mati dadakan, dong lagi ngaso nang ngisor wit kelapa, bar jukuti pongkor deresan, ijig ijig ana cumplung setundun bekas krokotone cukbo , bajing jlarang lan gendu nibane sirah, terus bahen meneng babar blas ora kena detakoni, malah paling paling rong menit, ambekane wis rampung, ngertine salah siji tanggane nempelaken kaca pengilon nang pereke irung, nyatane ora ana bekase apa apa, biasane angger tesih ambekan nang kaca pengilon ana bekase abab, wernane mandan putih.
Awit matine Wangsa Kalong, kaki Paidi mulai mandan prihatin, mikiraken sing arep nerusaken warisan dalang Angguk sekang turunane kaki Dipa Wangsa. Mulane kaki Paidi olehe ngrumat putune, Siwil, temenanan banget. Meh saben mbengi kaki Paidi marahi sawernane jenis konto maring putune, senajan kadang kadang Siwil mbegod merga arep nginggeng jangkrik karo kanca kancane nang sawah siwuluh.
_______
BAG :2
Malem Jemuah Kliwon, desa Kutosari sepi, langka wong sing pada metu. Dalane jeblog , sebabe mau dong jam papat udan deres. Lan wong Kutosari duwe kapercayan nek malem Jemuah Kliwon akeh Telulur Kaprok pada ngaton turut dapuran pring. Lewih lewih nang kiwa tengene omahe kaki Paidi, amleng jimet, ora ana wong kemlendang. Untung nang perek umah ana blumbang, nek bar udan mesti kebek banyu lan akeh blentung sing pada teka seperlu arep kotekan nganggo suwarane sing jemengglung tur nglawong tekan ngendi ora. Senajan gulune cendek, tapi suarane seru pisan, ora kaya banyak, gulune tah dawa, tapine suwarane ora seru.Dadi gulu dawa ora mesti suwarane lewih seru nimbang gulu cendek.
Tung kek, tung kek, tung kek, tung kek, suwarane blentung pada sauran nang blumbang pereke umahe kaki Paidi. Suarane teratur banget, siji bahe ora ana sing sulaya, anu pada wedi angger sulaya, mesthi deoyok oyok nang sing paling gede, banjur debrakot gulune , mati. Kaya kuwe aturan perundang undangan blentung, nek nyuwara ora selaras, ukumane mesti mati. Sejen karo aturane jalma manungsa, nyuara sakepenake dewek, mbuh gawe rugi karo liyan apa ora, ora masalah, ora ana sing nguber uber, apa maning mung sekedar suara, wong lagi nggondol duit rakyat taker karung bahen tesih bisa klayaban tekan ngendi ora.
Karo ngrungokna suwarane blentung sing lagi kotekan, kaki paidi njagong dewek emplek. Siwil putu lanang siji sijine mbuh lagi maring ngendi, ketone si mau kayong desamper kancane, deseng nonton sorot nang lapangan.
Empar empor, kaki Paidi nyedot kukus rokok klobot klembak menyan sing nganggo papir klaras jagung. Sedela sedela tangane ngranggeh lancinge sing mlorod. Nang sajeroning ati, gambare nini Sartem, bojone kaki Paidi sing wis limolas tahun malik dadi lemah rata, sedela sedela ngaton. Banyu luweh ndelwer ngliwati kempong perote pipi, kelingan jaman semenane dong lagi adu katresnan nang sangisore wit jeruk jamblang. Oh....ni-ni ni-ni, kowe koh tega temen ninggal aku, aku siki ngapa ngapa dewek, ngliwet sega gebogan dewek, gawe wedang clebek dewek. Kaya kuwe isen-isene atine kaki Paidi, mulane banyu luweh dleweran.
"sapa kuwe, sing dodog dodog', kaki Paidi nyuwara, takon maring wong sing ndodog lawange, terus menyat mlaku mereki lawang ngambi mbeneraken ikete sing arep udar.
" Lha kowe min, aya wene kethuyukan sekang ngendi bahen", ujare kaki Paidi maring Sarmin dong lagi mbukaken lawang. Sarmin mlebu ngetutaken mlakune kaki Paidi karo ngomong, " nembe tuwi sabin, wong nek ndalu enten lare sami nginggeng jangkrik dados, kulane kewatir mbok sami ngorak ngarik panjan oyong kali kecipir". Ooh....., saure kaki Paidi cekak. Kaki Paidi aseng Sarmin kon njagong nang kursine kang ngubengi meja bunder. Karo watuk watuk, kaki Paidi ngulir lampu gembreng, supaya delese mandan katon, dadine urube mandan padang, terus mlebu maring sentong, metune nggawa jander sepiring karo wedang clebek. 'gyeh..... jander gawehane inyong, enak tuli, jajal cicipi si", kaki Paidi nawani mangan maring Sarmin, Sarmin mantukaken sirahe, ngiyani.
- : Ora tumon siwil ?
+; mBoten , enten napa shi ?
-: Kiye kan malem jemuah kliwon, arep tek jak nyepi nang kuburane kiyai Mertinggi.
+ ; Kiyai Mertinggi sinten ?
- : Busyet busyet, jabang bayi tesih ana getieh abang, apa kowe ora ngerti, kuwe nang dukuh wetane desane dewek. critane kaya kiye, gemiyen, jaman mataram disit, sedurunge Hamengku Buwono Mataram Islam, raja mataram ngutus Kiyai Mertinggi supaya nekani Kerajaan Pajajaran. Dong baline kebener lara weteng nang nggon dukuh wetane dewek, malah mati sisan nang kono, banjur dekubur nang ngisor wit. Angger kowe maring nganah, kahe lho, belokan disit dewek maring ngidul terus, nang kono ana kuburan telu nang ngisor wit mandan gede, salah sijine kuburane Kyai Mertinggi utusan Raja Mataram disit.
Sarmin madep banget ngrungokna critane kaki Paidi. Ing sarehning wis wengi , Sarmin Pamitan bali.
Kaki Paidi nerusaken olehe njagong dewekan, ngrogoh papir klaras jagung sekang slothone , terus deiseni mbako, lan derajangna klembake sing sekimpul gedene decampuri remukan menyan . Dong desumed , ambune mirit mirit pisan, kayane angger ana mrutu merek bisa semaput.
***
Jam setengah loro Sorot sing deputer nang lapang sawetane desa Kutosari rampung. Penonton ambrungan pada metu sekang lapang. jumlahe akeh banget, yah wong nyatane ora saben dina ana tontonan sorot. Sing mesti setahun, dong melu mengeti dina lahire Ratu Wihelmina. Mulane angger ana wara-wara arep ana Sorot deputer nang lapang, warga pedesan pada mludag , metu kabeh, lewih lewih bocah nom-noman sing lagi mulahi nandang katresnan, awit jam papat olehe betiat betiut nyiap nyiapaken sing perlu degawa mengko mbengi dong nonton sorot. Klambi lan pantalone degosok mlipit banget nganti enggane ana laler menclok nggon lengene bisa kepleset saking mlipite. Kuwe sing duwe duit nggo tuku areng, nek sing ora duwe duit ya ora kurang akal, klambi lan pantalone degosok karo ceret seng sing nembe dejogi banyu wedang nang biyunge.
Gili sekang lapangan sing mujur ngulon tumuju maring desa Kutosari kebek manungsa sing tes pada nonton sorot. Malah bocah nom-noman olehe mlaku pada pating grombol, jan kaya deatur. Grombolan bocah cilikan pada lelagon parikan Lenggang kangkung. “ Lenggang lenggang kangkung, kangkung sekang semarang, semarang katon kang kene sing klambi abang sapa jenenge”. Grombolan sing nang mburine malah pada karo nabuih Gumbeng sing pancen wis desiapaken mau lagi dong jam papat. Gumbeng kuwe alat tabuhan sing degawe sekang pring, biasane pring wulung. Pring deketok antara nggon ros rosan loro, banjur tengahe diseset terus debolongi, kadang bunder kadang pesegi, terus nggon sesetan sisih pinggir degaweni kaya senar, nggon sisi tengah dejepit karo tugelan pring pesegi, maksude ben senar mau ora kendo lan dempet. Dene nggon ros-rosan sisih nduwur debolongi ,gunane nggo gawe suwara kendang. Kaya kuwe critane sing aran Gumbeng. Senajan alat mung kaya kuwe tok, tapi ari detabuh suwarane kepenak pisan, lewih lewih debarengi karo Dromenan Ilo Ilo Gontho sing blebede degawe sekang janur klapa, bisa gawe klengere bocah wadon sing lagi ngangken rasa kangene.
Senajan giline rame, bocah pada gembuyakan, tapine Siwil ora melu. Mbuh kenang ngapa. katone olehe mlaku leyad leyod ora mitayani. Keton ketone lagi ana sing ganjel nang sajerone pikir. Anu bocah meneng dadi, angel dekira kira. Anu lagi mikiraken bocah wadon apa ya ?. Eh wong brengose lagi mulahi tikil, senajan tipis tur nembe mencingis, tapine suwarane wis mandan agor, dadi ya ana mempere angger molahi duwe rasa seneng maring bocah wadon. Tapi ketone ora lho, wong wingi dong bali sekang kebonan nyangking lombok temekek , liwat metu ngarepe umahe Winah, deesemi nang Winah ora ngulati, malah tambah gibyak mlakune. Padahal eseme winah ampuh, endi si bocah lanang sing kuwat ndeleng eseme Winah. Apa maning ari mlirik, kaya kucing sangga buana temenan. Tapi Siwil babar blas ora ngulati.
Apa lagi mikir lan angen angen gambar mlaku sing nembe dedeleng. Soale Siwil bocah pikirane lantip tur banget tlitine. Buktine, senajan ora melu sekolah, kepinterane ngungkuli putrane Kanjeng Wedana apadene kanjeng Adipati.
Nah mau, gambar mlaku sorote nyritakaken Babad Ramayana, senajan gambare ireng putih, tapi jelas pisan sing pada ibing ibingan wong sekang negara India. Mulane rol kelise mesti anu kiriman sekang negara India.
Mau gambar mlakune nyeritakaken Dewi Shinta, bojone Sri Rama ratune negara Ngayodya, decolong nang Rahwana, ratune negara Ngalengkadireja. Banjur Sri Rama prentah maring Hanoman kone nambak segara sing temuju maring Ngalengka. Barang tambakake wis dadi banjur tentarane sri rama nyerang negara Ngalengka, akhire negara ngalengka debakar. Kaya kuwe ringkesane crita gambar mlaku sing dedeleng nang Siwil.
Mungkin cerita kuwe merekaken dadi ganjelan nang sajerone pikirane. Tontonan mau bisa dadi nukulaken pikiran sajeroning atine Siwil, nek wong wadon gede pisan pengaruhe nang sajeroning urip ngalam ngarcapada. Buktine gara gara ayune Dewi Shinta, Rahwana ngorbanaken negarane mung merga kepengin nduweni Shinta. Untung bahen Shinta wong wadon kang teguh cekelan waton olehe tresna maring Sri Rama, ora melik maring dunya brana sing dejanjekna Rahwana. Jajal enggane Shinta wong wadon melikan, mbok ancur karone, Sri Rama ancur kebakar atine, rahwana ancur kebakar negarane. Mulane ujare wong kang winasis ngomongna,” Wong wadon kuwe dadi sakane negara, nek wong wadon apik, negara dadi apik, nek wong wadon bobrok, negara dadi bobrok”.
Nek kaya kiye sing dadi ganjelan pikirane Siwil, mandan ana mempere, genah nyatane Siwil mereki dewasa, ya mestine wis ana pikiran kepengin mbangun somah, tapine durung nemu sing sreg nang ati. Mulane deesemi nang Winah ya durung ngulati, senajan si Winah kuwe dadi kembang desa Kutosari. Sebab wong ayu rupane durung mesti bagus aten atene.
Mbarang nang pertelon desa Kutosari, bocah bocah pada pisah tumuju maring omahe dewek dewek. Siwil mlaku ngidul dewekan. Ngutu bahen, ora clingak ora clinguk, enggane ana Telulurkaprok sing gelem ngaton nang dapuran pring sing deliwati Siwil, kayane ya isin dewek, tur medegel pisan, angel angel olehe ngododaken Telulure malah ora de deleng delenga nang Siwil, ya kesuh pisan.
Mbarang wis tekan ngarep omah, rasane adem njilep. Blentung sing nang blumbang pereke umah wis ora moni maning, mestine ya wis kesel olehe pada kotekan awit sore. Sing keprungu kari suwarane buli buli nang wit ketewel mburi ngumah, walang gerok sing nang dapuran pring, tapine mandan adoh, lan kodok ngorek nang wangan kulon ngumahe, tapine durung rame, nembe siji loro.
Siwil ora langsung nggenjlup maring omah, malah muter ngulon nongkrong nang duwur glugu sing nembe deentas, sing rencanane arep nggo nyalini penglari pedangan nang kakine, kaki Paidi.
Siwil madep ngulon mandan nduwur, matane keyap keyip mbarengi kediping lintang. Kadang kadang mandan njingkut angger ana lintang ngalih sing nylorot. Mbarang kira kira setengah jam, kang sisih lor kulon, katone metu kang kayu gede, ana cahaya ijo abang bunder gedene pada karo bal plung. siwil ndelengna bahe, matane ora keyip keyipa, dematmatna saya suwe saya mereki, Siwil ya ora menyat ora mlayu, “jajal anu apa, angger dadi sebabe aku mati ya ora papa, kadaran wis tahu urip ikih”, krentege atine siwil kendel.
Mbarang wis perek , cahaya mau nylorot banter pisan ngantem bathuke Siwil. Siwil kerungkag, gigire ngantem bongkotan pring lewihan ganjel glugu.
Kaki paidi sing nembe ngliyep nang senthong kaget, terus mlayu nggoleti rek sing ana gambare wayang werkudara, langsung maring pedangan njukut tingkong sing dedelah nang pipir sodo.
“ O alah Siwil putuku lanang mung mungan, kenangapa kowe kulup, kulup”. Swrane kaki Paidi njerit, weruh siwil putune njrengkanang, sikile kejet kejet, tangane ndledeg karo gentawilan. Cangkeme umad umed lirih swarane. Kaki paidi nodongaken kupinge maring pereke cangkeme Siwil, genah pisan swarane, “adam muntu mual aya besi, adam muntu kisang, mual aya waja, adam muntu bijil citaringen tsima cung curungan mual ayayi seri, istrikat istrikena nglagena sang klentheng putih nglayang kahandak sang klentheng herang,nglayang kaluhur”, kaki paidi njagong, nata ambekane sing mandan mangseg mangseg. “ angger kaya kiye, putuku olehe nrjengkanang ora sebahene”, ujare atine kaki Paidi. Deweke banjur kepengin weruh sejatine putune kenang ngapa. Kaki Paidi olehe njagong malik madep ngulon, nyilakaken sikil lorone, tangane sedakep kenceng, mripate merem, cangkeme umad umed manca mantera,” oom swasti astu, kaleho okane, kahi eluha ekolu, sun matek aji ngraga sukma, sukmaku metu saka ragaku, ragaku tininggal sanduwure bantolo,sukmaku enggal metua, metu,metu, metu.............................”. Terus ana cahya putih metu sekang awake kaki Paidi ngoyok rerupan manungsa nganggo jobah putih, jenggot putih sacengkal dawane.”hai sanak, mandeg disit”,kaki Paidi ngendeg wong jobahan putih sing mabure mulai duwur.
- : sampeyan niku sinten ?. lan napa mangsude ngganggu putune kula.
+ : hai Paidi, kowe ora perlu ngerti aku sapa, aku sekang tanah Pasundan, aku ora
ngganggu putumu, nanging aku kautus supaya aweh ajian kasekten maring putu
mu. Sebab putumu mbesuk sing arep nerusaken dadi dalang angguk, nalika kowe
wis dadi lemah rata. Malah ora mung ajian kasekten tok, tapi uga tek wehi ajian
Tlerep Nglayang karo Cecek Putih sing bakal dadi sebab kewentare angguk kutosari.
Wis ya Paidi, kowe ora usah sumelang, putumu Siwil siki wis sadar maning. Wis ya...
Wong sing nganggo jobah putih nglebat banter pisan. sukmane kaki Paidi banjur mlebu maning maring ragane. Nyata pancen, mbarang kaki Paidi melekaken matane, Siwil wis sadar, ngringik ngringik kelaranen gigire sing kenang bongkotan pring. Siwil denyataken nang kaki Paidi, terus derongse rongse, delebokna maring senthong.
***
Esuk kiye kaki Paidi pancen nguja ora nggugah putune, Siwil, wong katone olehe turu kepenak banget dadi. Lewih lewih mbengi gigire nembe nabrak bongkotan pring, mestine ya mandan pegel linu. Padahal wis mandan awan jane, hawane ya wis mandan anget kenang sorote srengenge sing nylesep ngliwati selan selan godong jambu mede ngarep umahe. Manuk crocrokan sing sok nangkring nang pange wit jeruk purut wetan ngumah ya mulai ngoceh. Wong wong tani ya wis pada katon arep mangkat maring sawah manggul pacul nyengkelang arit nganggo tudung glepot belet nyambi udud klembak menyan nganggo papir klaras jagung. Umume warga Kutosari pancen udude pada nganggo papir klaras jagung, sing nganggo papir klaras gedang buntel clebek ya ana, tapi arang arang.
Nyambi nggendong tangane kiwe, kaki paidi nyaponi clumpring sing kabur kegawa angin wingi sore dong udan. Dasare kaki Paidi pancen wong resikan, lewih lewih angger dina Jemuah kliwon, nggole resik resik tatas pisan, nganti longan jogan ambene ya mesti desaponi, banjur runtahe debakar nang blumbang nggon runtah. Sebab miturut wong tuwa tuwa desa Kutosari saben malem jemuah Kliwon para leluhur sing wis pada sumare metu sekang kuburan niliki anak putu, mulane angger panggonane anak putu ora resik bisa kesiku leluhure, misale lara panastis, malah kadang saking panase nganti ndleming ngomong ngalor ngidul ora genah maksude.
Kaki Paidi ngadeg jejeg saperlu ngeluk beyekane sing wis mandan nyangkreng, dong nylingak mburi, kaki Paidi ngguyu dewekan, weruh ana jago lagi ngoreh ngorehaken cakare nyambi moni, katone lagi ngundang babon sing lagi saba mandan adoh. Mbarang babone merek lan Jago wis katekan karepe banjur lunga. Delengan kaya kuwelah sing merekaken kaki Paidiklesam klesem ngguyu dewekan,”ana bahe polahe jago, angger lagi duwe karep”, kaki Paidi ngomong nang njero atine. Kaki paidi weruh delengan polahe jago sing kaya kuwe be ngguyu dewekan, padahal kelakuan kaya kuwe mbesuk nang rejaning jaman arep tumiba nang jalma manungsa. Wong lanange angger weruh wong wadon terus bahen ngaksi, kaya kaya wong sugih duit, kadaran nganggo klambi nyilih maring kancane be, olehe ngaksi ora ketulungan, ya sekedar kanggo narik wong wadon , mengko angger wong wadone wis merek lan ketekanan karepe, terus detinggal minggat ora genah arah panggonane. Mulane mbesuk nang rejaning jaman akeh wong wadon pada ketiban panlangsan, ngrumat anak dewekan, kaya babon sing ngiring pitik pitike merga jagone ora ana tanggung jawabe. Tapi wong lanange ya ora kena desalahaken nemen nemen, bisane wong lanang pada duwe polah kaya kuwe, mergane sing pada dadi pengonang onange wong wodon ya penampilane wong lanang. Angger depereki wong lanang klambine bagus duite akeh, ya mesti gelem, senajan wateke ora lewih apik ketimbang wateke ayam jago, dejak maring ngendi ngendi ya gelem, malah nganti dejaluk barang aji ajine sing palinglarang regane ya dewehaken. Mulane ana tembungan wong winasis, “ mBesuk nang rejaning jaman wong wadon kuwe pengerane duit, nabine jarit”. Ananing sering kedadiyan wong wong wadon sok delombo nang wong lanang, banjur wong wong wadon pada cancut tali wanda pada tiron nggolet duit , pada lunga maring manca negara, ana sing maring negara puser bumi, ana sing maring negarane maocetung lan uga ana sing maring negarane paman syam. Mbarang wis olih duit akeh banjur pada nggo gawe umah. Kahanan wong wadon sing kaya kuwe malah dadi ngrobah jaman, nek leganu wong wadon pada nggoleti wong lanang sing sugih duwit umahe apik, siki malah wong lanang geleme bebojoan karo wong wadon sing nembe bali sekang manca negara sing wis duwe umah. Oh.......wela dala wolak waliking jagat, pancen seser de wolak walik mesti dekok. Kahanan sing kaya kuwe kedadiyane mbesuk, dudu jaman siki, jamane kaki paidi ngrumat putune, Siwil.
Rampung nyaponi latar, kaki Paidi mlebu ngumah njukut wedang teh buket sing dejogi mau sadurunge nyapu . Teh buket gula batu sing nang teko cap sen dicoraken maring cawik cilik cilik sing detata jejer mubeng sanduwure bintang kang ginawe sekang prunggu. Nyambi nyruput teh bukete, tegesan rokok kang dicuncek mau mbengi desumed maning. Ujare tukang rokok, tegesan sing wis dendong sawengi luwih nyamleng nek deserot esuk esuk, lewih lewih debarengi karo nyruput teh buket sing dewadahi teko cap sen, tekone kaum piyayi, langka langka sing nduweni, paribasan ora niba wong telu sedesa sing nduweni, kaki Paidi nang desa Kutosari kegolong sing nduweni.
“kula nuwun”, ana swara bocah wadon keprurungu. “mangga”, sahure kaki Paidi mbari ndelah rokoke nang pinggire meja, terus menyat mbukak lawang. “ lho winah, gasik temen esuk esuk ngeneh, ana apa nduk”, ujare kaki paidi, banjur Winah njawab, “ anu.....kula dikengken biyunge ken dugekaken grontol kaliyan kluban krokot”. Kaki paidi ngulungaken tangane loro nampani tum-tuman grontol lan kluban krokot sing debuntel karo taplak. “ kesuwun ya nduk” cature kaki Paidikaro mlaku tumuju maring pedangan arep ndelah buntelan grontol lan kluban. Metu sekang pedangan, kaki Paidi weruh Winah mripate plarak plirik sekubenging pager, kayong ana sing degoleti. “ nggoleti apa kahe bocah ?”, kaki Paidi ngomong nang batin, ora dewetokna mbok nyinggung perasaane si Winah.“ deomongna biyunge ya nduk, matur nuwun, kaya kuwe”, cature kaki Paidi mbari ngulungaken taplak. Winah nampani taplak, banjur pamitan karo mandan klincat klincut. Sebaline si Winah, kaki Paidi temuju maring pedangan maning, njukut grontol setum, kluban krokote setum. Tum-tuman debukak, wah, grontole katon memplak pisan, kluban krokote ya katon ijo tua ana mandan coklate nang nggon gagang gagange, karo karone deurab lothoh pisan. Kaki paidi njukut grontole seplokan, banjur nyemol klubane, hem, jan, kayane enak pisan, ana asin asine, ana kecut kecute setitik, nyrupute teh buket nganggo teko cap sen, gulane batu. Mulane, senajan ora patiha ketara, kaki Paidi rasane bungah banget nang esuk kuwe, senajan banter olehe ceplak, tapi lambene ya katon bahe eseme.
sajerone lagi ngrasakaken enake mangan grontol lawuh kluban, ijig ijig kelingan polahe si winah olehe plarak plirik, tambah tambah dong lagi pamit katon klicutan, ora kaya biasane. “ana apa kahe bocah ?”, pitakon sajeroning batin. Pitakon sing angel jawabane mungguh kaki Paidi. Padahal pitakon sing gampang banget jawabane, angger kaki Paidi ngerti dong winginane Siwil bali sekang kebonan nggawa lombok temekek, liwat metung ngarep umahe Winah.
Uteke kaki Paidi deubeng ubengaken, nggoleti jawaban pitakon mahu, bola bali, bola bali, tapi ya tetep ora ketemu temu. Nganti wis entong rokok klobot rong ler ya ora ketemu bahen.
Sejerone lagi mikir, ‘ akhhhhhhhh, kiiiiii”, ana swara sekang senthong, rupane Siwil tangi. “wis tangi kowe Wil, ngeneh !”, pangundange kaki Paidi, ngajak Siwil kon metu sekang senthong. Kaki Paidi seneng banget weruh putune tangi turu katon bregas, mlakune ya jejeg, ora kaya wong tes ngrungkagi bongkotan pring. Rasa nir-niren awit mau mbengi, mbok putune kenang ngapa ngapa ilang blas. “ Kahe menganah maring sumur, mbuang ketep disit, jembangane tuli wis tek isi banyu.” Kaki Paidi prentah Siwil kon cepet cepet rahup, ‘ grontol karo kluban kuwe nang meja, de tutupi kekeb”,ujare kaki Paidi maning.
Siwil mlaku maring sumur, bar rahup terus njukut grontol karo kluban, setum setum. Grontol karo kluban depangan nang sandinge kaki paidi. Keton sethom banget Siwil olehe mangan. ‘ kuwe mahu si Winah sing njujugi grontol karo kluban”, kaki Paidi nerangaken sing aweh grontol. Krungu tembung “Winah”, jegagig, siwil kelingan winginane dong liwat metung ngarep umahe Winah. siwil krasa luput banget, kelingan winginane ora ngulati eseme Winah, mestine senajan atine ora nggrenjet maring Winah, deesemi ya ora malah tambah gipyak olehe mlaku. Siwil krasa kayong salah pisan maring Winah.
***
Platarane umahe Pak Setra, ramane Winah, cukup amba, alus, sebab ora nganggo gragal. Cuma angger bar udan, mandan mleseti, anu sok metu lumute ijo. Mulane angger kapan sore, bocah bocah akeh sing pada ngumpul dolanan nang kono. Olehe desenengi bocah mergane ari sore mandan aub, sorote srengenge kalingan dapuran gedang sisih kulon, lan kiwa tengene ana tandurane wit angsana keling karo wit salam duwur pisan. Angger ana angin sing mandan semrebed bocah bocah seneng pisan, pada nuturi salam sing pada gigal kenang angin, ora dekumbah ora ngapa, langsung bahe pada dipangan nganti lambene pada katon biru mandan soklat.
Srengengene wis meh mangslup nang sisih kulon, langit lor kidul wernane kuning mandan abang. Rombongan manuk blekok pada mabur maring ngulon, mestine anu tes pada nggolet pangan nang sebrang wetan. Rombongan manuk manyar sing maewu-ewu ya mulai pada bali, mabur ngidul tumuju maring susuhe sing pada pating grandul nang pang-pange kayu gede, kayu Lemberang.
Bar adus, Winah njagong metengklis dewek nang amben risban pring petung sing bar dekumbah mau dong wektu lingsir. Rambute deseriti alus maring sisih mburi dejiret nganggo karet kuning, mung bahe rambut ngarep deserit maring ngarep degawe megar seambane bathuk, jenenge “ponian”. Dearani kaya kuwe apa merga megar kaya buntut iwak poni apa kepriben, tapi sing jelas , cara nyeriti rambut kaya kuwe lagi dadi kesenengane bocah bocah wadon desa Kutosari.Tapih sing deenggo Winah sore kuwe, jarit batik kukila cap keris weton Solo, eh dasare anake Pak Setra, wong sing kepetung mandan duwe dewek nang desa Kutosari, mulane anggon penganggone si Winah ya mesti bahe paling moncer. Klambi sing deenggo winah , klambi lengen dawa pager irian. Bahan klambi pager irian kawentar bahan klambi sing paling larang regane. Angger dudu anake pak setra ya tangeh lamon kon bisa nganggo penganggo sing kaya kuwe.
Ari si Winah jane enggane ora usah nganggo penganggo kaya kuwe ya tetep katon ayu, wong gemiyen, jere mBok Painem, ya mBoke si winah kuwe, dong winah lahir ususe nggubed maring gulune. Miturut wong desa Kutosari, angger ana ponang jabang bayi lahir ususe nggubed gulu, mbesuk ngembene nganggo penganggon apa bahe katon luwes. dadi ayune winah pancen asli patlikur karat, alise ora mawi dekerok wis jlirit wulan nanggal sepisan, malah katon ireng menges senajan ora depotlopi , irunge ora usah depanthengi karo jumput wis katon mbangir, lambene ora usah deabang abangi nganggo gincu ya wis katon abang tur katon nggula satemplik, pipine ora usah decet abang ya katon abang mendukul pasone, pipine ora kandel ora tipis, wong Kutosari olehe ngarani nduren sajuring. Kedipe mripat ndamar kanginen, malah nek mlaku kaya macan kaluwen lan limbeyane mblarak sempal. Asli temenanan awake Winah, nganti tekan jentik tangane bahe bener bener mucuk ngeri, kukune mbanyu.
Winah njagong mbari klesam klesem ndelengna bocah bocah cilik sing lagi dolanan. Sisih kulon ana bocah wadon jumlahe nenem, sing telu mandan turon melumah, tlapakan sikile depadalaken maring tepes, sing telune maning nyekeli tangane bocah sing telu mahu, banjur mubeng karo moni bareng, ‘ seliring menthing suri angge angge, bancikane ing rejuna, apa dadi apa ora,apa dadi apa ora, apa dadi apa ora”, suwe suwe olehe mubeng mbanteri, mbanteri, mbanteri, banter pisan, sing akhire rubuh kabeh ngurugi sing decekeli tangane. Winah Ngguyu karo nutupi untune sing mblirik mijing timun.
Nek bocah cilik sing nang lor wetan, sejen maning dolanane. Bocah pitu ngadeg larikan, kabeh nyekeli pundak bocah sing nang ngarepe, kejaba bocah sing nang ngarep dewek. Carane nyekeli pundak karo tangan loro, sirahe mandan ndekukul, banjur mlaku mubeng mbari moni bareng bareng, “ Kuwukan, kuwukan, aja demek demek aku, demeke lara kotek mbakar bojo”. si Winah ya mesam mesem maning, senajan ora ngerti maksude tembangan bocah bocah mahu. Paling paling tembung “mbakar bojo” sing mandan mlebu maring pikirane si Winah. Kuwe bahe yang mung sekedar ngerti artine mbakar bojo, ora ngerti persis karepe tembung kuwe. apa maksude duwe bojo debakar, apa gawe panas karo bojo. Apa ya karo karone. mBok menawane tembangan bocah mau mengku isyarat polahe manungsa jaman mbesuk, arep ana wong lanang sing tegel mbakar bojone karo bengsin utawa lenga latung, lan uga ana wong sing tegel gawe panas atining bojo kanthi mbagi katresnan karo wong wadon liya.
Winah wegah kedawan gagang mikiraken karepe tembung “mbakar bojo’, sebab, winah dewek ora ngerti persis paromo sastro bahasa jawa, lewih lewih lagi kaminlangsan ora deulati nang Siwil lagi winginane. Malah nganti demungsuhi esuk esuk nglomboni kaki Paidi,reka reka dekongkon karo biyunge kon njujugna grontol karo kluban krokot, padahal ya karepe dewek, grontol lan klubane ya anu tuku dewek nang nggone nini Jiweng sing biasa ari esuk esuk adol gethuk pera, jembarak lan panganan liyane nang Pasar Grumung, istilah pasar sing angger jam sanga esuk wis bubar. Winah tumindak nglomboni kaya kuwe, mung bangeting kepengin ketemu karo Siwil.
Sejatine, Winah olehe klesam klesem mung kanggo lamisan. Ora nyocogi atine sing lagi kaminlangsan, rumangsa dadi wong wadon sing ora migunani, rumangsa dadi wong wadon sing ora nana regane. Malah sing lewih ala maning, rumangsa dadi wong wadon sing nganyus nganyus maring wong lanang, ora nduwe isin. Mulane, mbarengi mangslup metuni ambekan, mbarengi dagdigduging jantung sing kaya arep mandeg mandega, atine Winah nggumbreng :
“Oh alah............kakang Siwil, tegel temen kowe nyewek nyewek atiku, tegel temen kowe ngiris iris atiku nganggo landepe polahmu kang nglewihi landepe pemes penyukuran. Wayangan rupamu sing tansah nempel sajerone atiku ngilangaken rasa isinku, ngilangaken rasa wirangku. Kakang siwil, kakang siwil, saumpamane kowe ora nduwe katresnan karo aku babar blas, mbok ya aja kaya kuwe. Sepira isinku, sepira wirangku, nalika kowe kewat gipyak mlakune, aku lara banget kang Siwil”, banyu luweh Winah katon ndrodos, ndlewer tiba maring pangkone. Kedadian winginane kayong derasakna maning.“ Iya kang siwil, aku pancen rumangsa dadi wong sing paling elek dewek nang desa kene, ora pantes, ora patut sesandingan karo kowe sing baguse kaya Raden Harjuna. Aku.....aku....aku nelangsaaaa banget kang Siwil. mbok iyaha, mandan ndeleng persaane wong wadon. Hya kang Siwil, aku siki wis ngerti lan ngrumangsani, mbok menawane pancen aku delahiraken nang bapa biyungku supaya ora jejodohan karo awakmu kang Siwil. Kang Siwil, aku njaluk pangapura sing gede banget, aku wis ora maning maning ...................................”
Banyu luhe Winah banter banget ilene kaya banjir mangsan rendeng. Tangane nyekel pucuk klambine nggo ngesodi luweh sing ora mandeg mandeg.
Lagi ngesodi banyu luh, dumadakan ana dara mabur loro nggesit nang latar umahe Winah. Sing siji dara megan tritis, awake gede tur kecila matane, sewiwine nganggo penjawat pitulas iji, jarene tukang dara, nuduhaken dara kang apik. Sijine maning dara gambir, awake mandan cilik, tur mbanyu matane. Bar nggesit , kayong ora kesel kesela, dara megan tritis bekur kanthi gaya sing ngyakinaken. Gulune mlembung, ngatokaken sifat lanange, suwarane gede lan anteb minangka kanggo bukti sifat tanggung jawabe dadi dara lanang. Dara sijine, dara gambir sing matane mbanyu manthuk manthuk. Banjur dara loro mau buntute pada senggolan, tumpuk dadi siji. Winah ngguyu mandan cekikikan weruh dara loro buntute tumpukan. Mbuh apa sing ana njero pikirane Winah, tapi sing jelas rasa penlangsane dadi suda. Winah ngesodi lewihan banyu luh sing pating dlewer nang pipine karo ndeleng dara loro sing polahe lucu. Dara sing megan tritis ngetutaken bahe maring dara sing gambir, maring ngendi bahe detutna bahen, banjur bareng bareng pada nyucuk cuplik terus mabur. katone dara loro mau lagi musung. Pancen kaya kuwe kelakuwane dara angger lagi giring. maring ngendi ngendi bareng, katon banget tresnane, katon banget tanggung jawabe, lan ora tahu gonta ganti pasangan. Ora kaya kewan liyane.Angger debandingaken karo ayam jago, adoh melak meluk bedane.
Sedurunge duwe peyik, dara senenge pada tangkring nang pompok umah utawa blarak wit klapa, sing penting mandan aub, biasane dara sing lanang bekuri banjur deentuki nang dara wadon, nek wis ana kesepakatan dara sing lanang ngulungaken cucuke supaya detampani dening dara sing wadon, bocah Kutosari ngarani, loloh lolohan. Sing aneh maning angger dara sing wadon lagi angrem, dara sing lanang nunggoni bahen, kadang lunga sedela, banjur teka maning, nglolohi dara wadon sing lagi angrem. Apa maning angger ndoge wis netes dadi peyik, jan olehe urip bebrayan katon banget. Lanang wadon pada bareng bareng nggolet pangan nggo nglolohi peyike. Nek demat mataken, sebabe atine dara sekeloron pada nrimane, lan ora ngoyo olehe nggolet sanguning urip. Sing penting kena nggo mangan sekeluarga dara terutama peyike, perkara umah ya senemune. Lan rasa rumangsane atine dara duwur banget.Ora koh dumeh dara wadon bisa nggolet pangan dewek, banjur malang swiwi wani karo dara sing lanang. Semono uga dara lanange, ora tahu malang swiwi karo dara wadone dumeh ora teyeng golet pangan. Mulane ora tahu tumon ana dara lanang mecohi dara wadon jodone, angger anaha ya paling anu lagi mandan cemburu, salah paham dumeh mlaku bwake areng karo dara lanang liya, utawa pecohan katresnan. Jane para kewan kewan, senajan sing nduwe akal lewih cerdas nimbang dara, prayogane pada niru cara penguripane dara, pahit utawa legine urip derasakaken bareng bareng. Brayan.
Srengenge wis mangslup temenanan. Orong orong mburi umahe winah mulai moni, semono uga jangkrik lupa lan gasir sing nang pekarangan suwung sekidule umah, suwarane wis pating slenger. Winah menyat sekang amben risban, banjur mlebu ngumah.
***
Layangan bima wis katon mujur ngidul nang sanduwure desa Kutosari. Lintang lintang uga katon pada pating kedip senajan kadang kadang ilang ketutupan mendung ireng sing mlaku ngetan. Desa Kutosari ketone sepi pisan. Langka onen onen sing keprungu, kejaba swarane kentong sing detabuh warga kanggo nudokaken wektu, lan swarane manuk Uli uli Tuhu sekang arah wetan lor. Miturut wong Kutosari, angger ana swara Ulik Ulik Tuhu, nang desa kono arep ana kesripahan, wong mati. Kegawa nang kepercayan kaya kuwe, mulane sok mrinding angger krungu swarane Ulik Ulik tuhu, apa maning angger wong sing wis tahu weruh wujude manuk, wulune ireng, matane kuning ora kreyip kreyip, hih .... medeni pisan. Lewih medeni nimbang manuk bleketupuk utawa kokok beluk.
Sajerone kahanan sing amleng, Siwil nang senthong lagi kangelan turu. Awake gulang guling ngalor ngidul ora turu turu. Padahal sedela sedela angob. Mbok merga sentire sing dadi merekaken ora bisa turu, dadi Siwil menyat nyirep senthir, banjur mapan turu maning, jempol sikile madal kemul, sirahe detumpangaken kampil sing wis limalas dina ora degebugi nganggo blukang. Mbengkuk. Tapine ya tetep matane ora bisa ngliyep. Lewih lewih mbarang wengine kari sepertelon, ketinggi sing nang slempedan plupuh pada metu, nyerot getihe Siwil, detambah lemude pating sliwer kaya motor mabur dong lagi perang dunia kapindo. “Heh...”, Siwil nggrenyem, menyat, banjur metu maring njaba.
Siwil njagong nang duwur tugelan glugu sing nang padon umah sisih lor, krodongan sarunge kaya wong katisen. Nylingak ngiwe tengen, ora ana delengan kejaba irenge peteng. Pikirane buyar ngempyak ora genah sing depikir. Sejatine ora kaya kuwe, jan jane sing ana sejerone pikirane Siwil oranana maning kejaba rupane Winah sing delukis deweke nang tengah ati bener. Kegawa rasa cilik ngatine Siwil, mbok katresnane detolak nang winah, mulane katresnane dependem nang ati, jero pisan, bebasan kleyang garing be ora bisa mangerteni. Dadi olehe pikirane katon ngempyak ora genah sing depikir, merga katresnan sing jero banget maring Winah, katresnan sing wis campur karo getihe kang mlaku nang awak sekojure Siwil.
Tresnane Siwil maring Winah tukul wis lawas banget. Jaman kaki Paidi ngebon lombok jejeran karo kebonane pak Setra. Wektu semenane, Winah lagi njagong nang Gubug sing kegubed wit waluh sing godonge amba amba. Perek karo watese kebonane kaki Paidi. Klambine kelingkab kenang angin nganti katon sanduwure dengkul, putih pisan, mentoros kaya ares gedang sing nembe decoplek tlakope. Jentike tangan kiwe sing mucuk ngeri, nyekeli sikil nggaong sing nembe ndimek nang wit terong. Tangan tengene tletekan nabuhi ontob gubug. Ngguya ngguyu, cekikikan katon untune sing kaya wiji timun. Winah ora ngerti yen tingkah polahe jane lagi dedelengna siwil sekang sela selane wit lombok. Siwil olehe ndeleng mencenger nganti angel banget ngedipaken matane. apa maning dong winah lagi mangan terong nom karo nyigit lombok cengis abang anu nggawa kang ngumah. Lah....jan... katon ayu banget, kaya widodari sing nembe temurun sekang kuwung arep adus nang belik samini. Klesam klesem............., pasone katon banget, mendukul mandan abang nang ngisor mripate. Ketambahan maning karo tembangan lagon lagon kesenengane Siwil dong lagi ngibing dadi pemain Angguk Kutosari. Jan... Siwil kayong klenger. Kawit wektu kuwe tukule katresnane Siwil maring Winah. Ktresnan sing kineksenan manuk manyar kang lagi pada kandahan karo kancane nangkring nang runggehan pari mbari nyisil. Katresnan sing de sekseni karo mabure manuk branjangan sing duwur banget, lagi bundel, istilah kawinane manuk.
Manuk branjangan nek lagi bundel, lucu banget. Lanang wadon ngoceh bareng mbari mabur duwur pisan. Nek wis melik melik nang duwur, banjur tempuk dadi siji, mubeng lelet gesit tiba nang duwur runggehan pari, nek nasibe lagi apik, nek lagi ora apik, nggesit banter banget ngantem watu nang galengan, mati karone, mati bareng. Perjuangan katresnan sing langka bandingane, adoh banget karo katresnane jalma manungsa sing sok peat peot ora nggenah, kaya tembunge wong waskita, ‘wong lanang iku dadi bojo nalika nang nduwur kasur, nek wis metu , wis dadi wong liya”.
Sekawit wektu kuwe, Siwil nglukis gambare Winah nang sajerone ati sing paling jero. Awan mbengi, eseme, cengar cengir lan keyipe matane Winah tansah dadi panggodaning ati. Nanging Siwil ora mampu ngomong blag-blagan karo Winah. Merga Siwil sadar, penguripane karo nggone Winah adoh melah meluh, kaya bumi karo langit. Mula, senajan Siwil tresna maring Winah, Siwil tetep biasa biasa bahen, malah nguja katon ngedohi. Nek papagan nang dalan, Siwil mandan katon arep nyimpang, senajan kringete byuk byukan.
Kedadiyan andingane wingi, ora ngulati eseme Winah, jan jane namung kanggo nutup nutupi katresnan sing kesimpen nang sejerone ati. Polahe Siwil mung merga kedorong dening rasa kewatir detampik nang winah, mbok kaya wong keprok nganggo tangan siji.
Siwil sadar, polahe nyinggung persaane Winah. Siwil krasa banget luput karo Winah. “Ngapuranen ya Win....“, Siwil ngomong nang ati dewek karo mbeneraken sarunge sing wis mandan mlorod sekang gulu. “ sejatine aku banget tresnane maring kowe Win, ngerti ora, jenengmu tansah tek sebut sebut bareng karo mangslup metune ambekan, saben dinane, gambarmu kayong ngebeki pagere senthongku. angger lagi njagong dewekan kaya wengi kiye, kowe katon melu njagong, nganti kampil sing tek bopong tek tumpangaken nang senduwure pupuku, katon kaya sirahmu sing temumpang, tek elus elus rambute, tek pijet pijet cengele.Winah..... kangenku maring kowe tansah nggubed jantungku. Aku sering kangelan turu, merga kepengin weruh kowe, senajan mung kang kadohan. Ampuranen aku Win, olehe aku ora ngulatikowe winginane mung kadereng mbok aku detampik, aku kewatir banget mbok aku desiksa dening katresnanku maring kowe. Winah, muga kowe krungu tangise batinku, muga kowe bisa ngrasakaken apa sing tek rasa kaya nang wengi iki. aku kepengin banget ngetokaken jeroanku maring kowe, nanging nganti saprene aku durung nemu wektu kang pas kanggo medaraken rasaku maring kowe Temenan Winah, pengapuramu tek arep arep banget, sukur banget kowe gelem urip brayan karo aku, gelem nglawehaken dayung prahuning mbangun wisma karo aku nang sanduwure segara urip bebrayan.Winah, muga rasamu bisa gathuk pethuk nampani rasaku, rasane wongkang oranduwe, rasane wong sing kaya cebol nggayuh lintang, rasane wong kang kabur kanginen, ora duwe rama biyung lan sedulurkejaba kaki Paidi.Rasane wong kang pelungguhane adoh melak meluk, paribasane kowe njagong nang lintang kejora, aku nang sajerone lampeng sumur. winah..... Sawinah oh Sawinah.
Tambah wengi, tambah adem rasane. Siwil awake ndredeg ndredeg katisen. Swaraning jago kluruk mulahi keprungu. Siwil menyat , banjur bali maning maring senthong, mapan turu. ‘ mbok sapa jere teyeng turu”, Siwil ngomong nang njero ngati.
_______
BAG :3
Rebah mangsa rendeng wis meh rampung. Buktine wong wong wadon sing pada mangkat sawah arep derep wis ora patiha pating ndlidir. Ora kaya winginane. Saben esuk, gili desa Kutosari dadi delengan sing endah pisan. Wong wadon mlaku larikan ngebeki gili, pada nganggo tudung lancip sing nduwure deblebed plastik ireng. Gulune pada kalungan jarit ciutan warna abang tua. Tangane pada nyekel ani ani sing arep nggo derep, kadang ana sing ani anine ora decekel, tapi deslempedaken nang sela selane anaman tudung. Mlaku larikan mbari kandah dewek dewek. sing dekandahaken ya ora nggenah. Ana sing ngandahaken mertuane pelite dubila setan, ana sing ngandahaken anake wis mulahi gacoan nanging ora cocog karo bocah lanange, lan ana uga sing sedawane gili kandahe ngalem ngalem anake lanang, “kahe lah,anak wadone pak Setra karo anak lanangku wis sedengkul,sedeng de rangkul”, kandane karo ngguyu gemede. Pokoke angger sing kepengin ngerti pawartane desa Kutosari,ari esuk kari njagong bahe nang tambleg gili, mesti krungu pawerta sing pirang pirang,awit werta sing temenanan nganti tekan werta sing dablongan.
Wis dadi pengadatan turun temurun, angger mangsan rebah, nang desa Kutosari mesti akeh banget wong mbarang gawe, pada uga nyepiti anake lanang, utawa ngrabekaken anake wadon. Mbuh anu kepriwen ko dadi ndadak ngenteni mangsan rebah olehe mbarang gawe. Mungkin, ndeyan ndeyane anu kon akeh sing kondangan, tembung istilahe desa Kutosari. Miturut asal usule tembung, cara mbesuke Etimologi, tembung Kondangan desusun sekang tembung Kon sing artine supaya lan tembung Dangan sing artine Ringan. Dadi kondangan artine kon supaya ringan, utawa gawe ringan, gawe ringan maring sing mbarang gawe. Jenengane bahe mbarang gawe, samu barang degawe, jenang, wajik, ketan,ampyang lan liya liyane, wis mesti bahe akeh wragade. Tujuane kanggo nyuguh medangan wong wong sing pada teka nggawa sokongan.Mulane ujarewong Kutosari sing winasis, Kondangan kuwe artine kon medangan.
Warga desa Kutosari olehe mbarang gawe ya werna werna carane. ana sing mung ngalap cukup tok, sing penting apa tujuane kaleksanan. tapi ana uga sing degawe gede gedean, samu barang tontonan detanggap. Umume sing mbarang gawe gedean ya wong sing sugih sugih. Dene sing mandan sugih ya mbarang gawene tumiba sedeng, ora rame banget, kaya mbarang gawene pak Setra sing arep nyepiti anake lanang sing jenenge Tejo, adine Winah sing nembe umur sewelas tahun. Rencanane olehe nyepiti ngesuk sore. Sedurunge sepitan, Tejo deiring iring nganggo jaran, mengko bengine bar sepitan nanggap angguk, angguk desane dewek , “ANGGUK KUTOSARI”. Jarane arep nyewa nggone kaki Sentika warga desa Klahang, sebab jarane kaki Sentika jaran sing paling bagus lan manut, lan biasa nggo pranti sewan bocah sepitan. Kaki Sentika awit kuna mekuna kewentar wong paling pinter ngrumat jaran. Mbuh salah mbuh bener, jere kaki Sentika kuwe isih turunane Adipati Klahang sing jenenge Tunggul Wulung, adipati sing sekti mandra guna, tumpakane jaran. Saking sektine, nganti uwit sing nggo pranti nyancang jarane tesih ana bekase. Malah kenonge sing jumlahe ana nenem bahen uga esih, wis malikdadi watu dejenengi Watu Kenong, panggonane nang salore Petek desa Klahang. Petilasane detengarani karo lawang gapura kayu degambari ula naga loro pada adep adepan. nganti seprene prene petilasan watu kenong tinggalane adipati Tunggul wulung tesih bisa dedeleng, malah nang warga sekitare dianggep panggonan kramat, buktine nek bar malem jemuah kliwon ana sebarane kembang nang nduwure watu kenong. Ora mung kasektene tok sing kewentar, pemetune tanah wilayahe sing arupa badeg uga dadi kondang pengonang onang, nganti keprungu tekan kraton mataram. Malah badeg mau dadi klangenane Ratu Mataram. Angger dong pisowanan adipati kang saperlu asok glondong pengareng areng, Ratu Mataram medar sabdo, “ Kalahang, kalahang”cara jawane, “ badeg, badeg”. Saking sabdane Ratu Mataram kuwe mau, nganti seprene ndarani Desa Klahang.
Wondene pak Setra nanggap angguk Kutosari ora merga ngerti anake wadon, si winah, kayong kasengsem maring Siwil. Babar blas ora merga kaya kuwe. Tapi murni, niat kanggo lek-lekan bar sepitan. Di samping kuwe, ya karo idep idep nguripi kesenian lan kabudayan desane dewek. Sewijining tekad lan niatan sing apik. Nguri uri Kesenian lan Kabudayan. Aja nganti anak turune warga Kutosari mbesuk nembe ora ngerti kesenian lan kabudayan desane dewek. Katon ora patut banget, nek mbesuke bocah bocah Kutosari ora ngerti kesenian angguk , ora ngerti bahasa jawa umume, lan Banyumasan khususe, mung merga nduweni sifat kagetan.Mung weruh ana tlekem sing bisa moni kaget, semaput, nganti ora kemutan budaya lan bahasane desane dewek. Weruh ana tlekem sing kena nggo omong omongan karo kancane sing adoh lan bisa nggo ngeburaken tulisan, ya kaget, semaput, ora kelingan irig sing nggo temumpang lahire nang bumi ngendi. Sing lucu, kadang bocah kagetan kaya kuwe sok umuk rumangsa dadi bocah pinter lan pengalaman. Padahal sifat kagetan mbok nuduhaken bocah kemplu sing bodo leya leyo kaya kebo. Kuwelah maksud lan pengarep arepe pak Setra nanggap angguk, “ANGGUK KUTOSARI”.
***
Sore kiye kebener terang, biasane angger mangsa rendeng, awit bedug mendunge wis molahi nutupi langit desa Kutosari. Malahan kadangkala nang wektu bedug wis molahi udan deres, sering seringe wong tani olehe gedeng pari nganti seminggu sekang panen, mergane meme pari ora garing garing. Tapine sore kiye langite katon padang njembrang, ora tumon ana mendung mlaku mlaku nang langit. Kayonge alam melu ngormati olehe pak Setra duwe gawe. Saking padange, angger ngadeg nang prapatan madep ngulon bisa weruh wit witan desa sakulone desa Kutosari. Mulane janur kuning sing mlengkung nang ngarep omahe pak Setra katon ngegla pisan. Wis dadi pengadatan turun temurun, warga desa Kutosari angger mbarang gawe mesti masang janur kuning melengkung nang nggon lawangan umahe. Nang pipir togog loro gethek depasangi godong godongan, misale godong welut welutan sing nduweni werna pirang pirang, ana sing tengahe kuning pinggire soklat mandan abang, ana sing tengahe abang pinggire ijo. Biasane wit welut welutan pada thukul nang sekubenge sumur, nggo jaro sumur.
Wit welut welutan sing depasang nang togog lawangane pak Setra katon apik pisan, kayonge sawernane warna ana. Kuwe ya wis lumrah, mbok pak Setra duwe anak wadon sing ayu pisan, mesthi bahe gole nata wit welut welutan ya apik.
Sanduwure togog desogi dawegan klapa ijo, wedang clebek nang bumbung, suluh dawane kira kira sekilan banjur debengket dadi loro, tengahe desogi bilah, istilahe suluh sepikulan, banjur ketan seiris lan apem siji. anu sing kaya kuwe wis kaprah banget, malah ora mung desa Kutosari thok, aningen kena deomongna saben desa saindenging tlatah kadipaten Banyumas. Cara sing kaya kuwe cara sing paling pas kanggo nyambut tamu sing pada teka , sebab tesih langka wong bisa maca nulis.
Dawegan kanggo erang erang tembung ndaweg sing pada artine karo monggo, silahkan, selamat datang apa dene welcome. Dene wedang clebek minangka erang erang rasa panganan, mbuh pahit, mbuh legi, kon depangan. Suluh sepikul erang erang , lamon kabeh degawe kanthi pemikiran sing seimbang. Ketan, saka tembung cara ngarab “khoto’an”, sing cara jawane luput, kesalahan. Apem uga cara ngarab ‘afwun’ sing artine maaf, njaluk pangapurane. Dadi panganan sing depasang nang togog kuwe lagi ngomong maring tamu sing pada teka, “Selamat Datang, silahkan makan apa adanya, semua dibuat dengan resep yang seimbang, namun bila ada kesalahan, mohon maaf”.Kuwelah carane wong wong desa Kutosari olehe ngormati tamu kang pada teka arep kondangan.
Demolahi sekang prapatan,Tejo deiring iring nunggang jaran putih. Tejo dienggoni jas ireng,sarunge batik model banyumasan, nganggo songkok trubus model Turki. Tabuhane mung werna papat, kenong cilik, gamelan cilik, gong cilik lan kendang, kabeh dekalungaken nang gulune penabuhe. Winah debatiri kanca pereke, Sarti, mlaku nang ngarepe jaran. Dene sing nang samburine jaran pak Setra lan bojone, mBok Painem.
Warga desa Kutosari metu kabeh kaya ambrungane laron masa kapat. Kabeh ngadeg jejer sedawane gili awit sekang prapatan nganti tekan ngarep omahe pak Setra, detambah bakul plembungan sing ora mandeg mandeg ngonekna toet toet, bakul srabi,bakul mendoan lan bakul bakul liyane. Rame pisan.
Sing pada nonton ora mandeg mandeg olehe ngguyu ndeleng polahe jaran sing detunggange tejo. Bokonge megal megol megal megol ngetutaken blangketupak-e suara kendang, tapi angger gonge detabuh, bokonge dejontekaken karo njentharaken buntute duwur pisan.
Winah karo Sarti olehe mlaku nang ngarepe jaran mandan degawe mincek mincek, sedela sedela mesem lemah mendem karo mandan kayong mameraken untune sing pancen apik, mijing timun, sirahe sedela sedela degeblesaken karo ngipataken rambute kang antar. Ari dedeleng deleng, polahe bocah loro, winah karo sarti, kayonge nang ati nduwe pengarep arep kang Siwil ndeleng maring deweke sakloron. Ora ngerti nek siwil ora melu ndeleng iring iringan, Siwil lagi latihan ngibing nang ngumah, umahe kakine, kaki Paidi. Siwil sekanca usaha ben mengko mbengi penampilane paling apik debanding penampilan sedurunge. Ben ANGGUK KUTOSARI katon kemajuane, ora merga arep kanggo nang umahe Winah sing jenenge tansah cemathel nang sejerone ati.
Satekane nang ngarep omahe, banjur Teja dedunaken sekang jaran. Tejo dikon ngaso, supayane nek mengko mbengi olehe desepiti getihe ora kicir. Sebab sering kedaden, bocah desepiti bar playon, getihe kicir pisan nganti semaput, kentongan getih.
***
Bar sepitane Tejo, banjur glidig glidig pada nggelar klasa mendong, klasa sing anamane degawe sekang wit pandan. Mbuh pirang lembar bahen klasa mendong sing degelar nang nggon balene Pak setra. Umahe pak Setra model srotong jaman leganu, dadi balene ya amba pisan, kena deomongna umah sing balene paling amba nang desa Kutosari, ya umahe pak Setra.
Rampungan gelar mendong, kaki Paidi banjur menyat wara wara maring penonton sing ngebeki latare pak setra;
‘ sedulur sedulur kabeh warga desa Kutosari, nyocogi karo karepe sing kagungan kersa, bar sepitan deanakaken tontonan angguk. perlu pada dengerteni ya, angguk kutosari kuwe jemedule wis lawas banget, awit kuna, awit kowe kabeh durung pada lahir, inyong kiye sederma nerusaken kesenian sing derintis dening nenek moyang desa Kutosari kene. mulane aku nduwe penjaluk, sawise inyong mlebu nang ngisor dangka, kesenian kiye pada deuri uri, aja nganti ilang. ing sarehning anake inyong lanang, ramane siwil wis mati, ketiban cumplung setundun, mulane dalang angguk tek serahna maring putune inyong, Siwil, mbok ya pada setuju ?”. “setuju”, swarane penonton nyahuri wara warane kaki Paidi. Malah mbuh wong Kutosari sisih ngendi, menyat banjur ngomong,” pokoke angger sing ngganteni dalang Siwil, inyong kabeh setuju, iya apa ora”, penonton sing nang sekubenge wong mahu, bareng bareng pada ngomong,” iya........iya.... iya”, rame pisan, nganti kaki Paidi ngawe ngawekaken tangane mbari ngomong,” ya..ya...ya, kesuhun, kesuhun banget dukungane, wis, meneng disit,”, kaki paidi ngenengaken penonton, banjur nerusaken wara warane,” malah mengko dong lagi ngaso, sedurunge konto Pencak Cimande, aku njaluk salah sijine penonton kon ana sing pada lelagon, pokoke bebas, arep pangkur, arep asmarandana utawa pucung ya kena, malah lelagon karo tembang sing ora tahu keprungu nang desa Kutosari, ya kena, pokoke bebas bas. wis ya, cukup semene wara wara sekang inyong”.
Bar wara warahe kaki paidi, penabuh genjring pada njajal nabok genjringe, maksude ya mbok sentakane wis kendo. Tapi rupane sentakane genjring kayong tesih kengkeng, semono uga beduge.
Bocah rolikur maju maring ngarep, sing rongpuluh ngadeg baris, banjur sing loro, Siwil karo Kartono ngadeg nang pinggirane. istilahe kemendan. Jan katon gagah pisan, kathoke ireng, klambine putih, slendang ijo degubedaken nang nggon beyekan, banjur bathuke dejiret kacu abang amba. Katon kaya pendekar sing gagah perkasa. Warna sandangan sing katon nyolok kenang sorote damar strongking pirang pirang, lah...... katon pada nggantheng nggantheng pisan.Penonton bocah wadon akeh banget sing pada kepengin dadi gacone salah sijine pemain angguk. Lewih lewih si Winah, nggole mencenger ndelengna Siwil, katon banget olehe ngiler kepengin dadi gacone.
Sawise lagu pembuka, ya kuwe lagu ngenalaken “ANGGUK KUTOSARI”, deterusaken lagu “ MLAKU MLAKU BARIS”, bocah rolikur karo mentengkelek, mlaku mlaku nang panggonane dewek. Siwil karo Kartono tah olehe mlaku karo ngubengi barisan, olehe mlaku karo ndeglug ndeglugaken dengkul, banjur dong mlebu barisan karo mandan nyiuk mereng setitik mbari ngrembyakaken slendang ijone. Jan............ apik pisan......... .Penonton ora mandeg mandeg olehe keprok.
Sawise limang lagu, angguk dikon leren disit. Medangan. Kabeh pada ngadepi gelas dewek dewek sepacitane. Dong Siwil arep nyemol ketan, ijig ijig kaki Paidi ngadeg banjur ngomong,”sedulur sedulur, kanggo ngisi wektu, ayu sapa ngeneh, maju, nembang sekarepe.”. Penonton ora ana sing gelem maju, kaki Paidi nunggu sedela, mbok ana sing gelem maju. mBarang wis nyata nyata ora nana sing gelem maju, kaki Paidi banjur ngomong: Kyeh, sedulur sedulur , aku duwe pinemu, kepriwen angger sing duwe umah bahen sing kong nembang, Winah, setuju ?”. Kabeh pada semahur,” setuju, setuju, setuju”. Malah bocah nom sing pada ngadeg nang padon wetan lor, keprok keprok karo ngomong,” Winah, winah, winah”, ora mandeg mandeg, “wis meneng disit”, kaki Paidi ngendeg. “ ngeneh win, maju !”, kaki Paidi ngongkon Winah kon maju. Winah katon abot alot, tapi kaki Paidi meksa,”Win, kowe aje ngecewakaken penonton, penonton kan setuju kowe sing kon maju, yu’, arep nembang apa ?. Kanthi abot alot, winah menyat, tutuke karo manga tanpa swara, “ADEM”. mBarengi bantere swara keprok keproke penonton, kaki Paidi wara wara, “ kiye sing arep nyanyi bocah sing ayune ora menitan, Winah, jare arep nembang lelagon sing erah erahane “ADEM”, ayu pada derungokna”. Penonton pada meneng, sebagian ana sing karo mikir mikir lagu ADEM kuwe mahu, apa kelebu pangkur, apa sinom. Kanthi mlaku alon alon, winah maju maring ngarep. Banjur nembang :
Wengi sing adem, aku dewekan
adem adem ati kiye tambah adem
mbuh kenang ngapa
angger seneng aku pancen wis ora nduwe
banyu mataku saiki uwis garing
adem.....
Arepan wadeh, njur maring sapa
ora salah wong liya sing mu senengi
dudu dudu salahmu
tapi dewek kiye uga ra’ salah
duwe rasa duwe mata duwe kuping
sayang.....
Krungu lelagone winah sing kaya kiye, senajan tukang tabuh genjring olehe nabuh sekedar nglawehi larase lelagone Winah, tapine atine Siwil kaya remuk remuka, jantunge kaya deremed remed, rumangsa salah banget karo Winah, senajan anu ora nguja. Winah kayong katon lagi nguntabaken rasaning ati sing paling jero. Winah katon banget putus asa olehe ngarep arep katresnan sing ora nggenah wangenane. Ora krasa, banyu matane Siwil tumetes, njlarit mujur ngisor nang pipine.
Ko njajekaken seneng seneng, maring pucuk ndunya
Ko njajekaken sepatuku, welulang menjangan
Nanging janji, kari janji, seneng seneng namung ngimpi
Nanging janji kari janji nang lambemu
Winah olehe ngomongna tembung“nang lambemu”, katon degawe nggrentes lan debandemaken maring atine Siwil. Tembung kuwe katon banget nduwe kekuatan, dadane Siwil kaya detindihi gajah sing lagi lara beri beri, abot banget. Banyu luh nang mripat kaya dawuhan sing arep njebol, Siwil banjur menyat, mlaku karo nutupi mripate maring senthong padusan sing nang nggon pereke pedangane pak Setra. Siwil nangis ngguguk ngguguknlangsani pisan, “winah winah, olehe aku ora nglahiraken katresnanku maring kowe , merga aku wedi kesiksa nak katresnanku dewek, aku ngomong karo kowe win, Winah, kowe koh kayong ngerti temen pengunek uneke atiku, pancen aku ngawan lan mbengi atine tansah janji,angger aku katekanan bisa urip brayan karo kowe, aku arep tansah ndadekaken atimu seneng lan tentrem,aku arep njaga karo kowe, apa maning nganti delarani nang manungsa, bebasan ana semut abang kang nyokot awakmu,mesthi bahe bakal tek wenyed wenyed nganggo tanganku dewek, kowe duwe jalukan apa bahe bakal tek leksanani, senajan pari basan kon ngguguraken gunung slamet, tek leksanani Win,temenan, ora mung nang lembe thok Win”, kaya kuwe omongane atine Siwil bebarengan karo nggone Siwil raup lan ngucek ucek matane kanggo ngilangaken rasa perih. Siwil nang senthong padusan, wis ora bisa ngrungokna maning lelagone Winah.
Mbarang atine Siwil wis aso, Siwil metu, njagong maning nang pereke Kartono. “kenang apa kang siwil”, pitakone Kartono. “ anu....eeh... anu... matane inyong ketiban tahi cecek koh, jan perih banget”, jawabe Siwil nggragap karo ngosode rahine sing tesih mandan kayong abang.
Sawise rampung lelagon, winah mundur bali maring panggonane njagong, olehe mlaku katon plincat plincut karo mandan plirak plirik ngiwa nengen,”kakang Siwil ngerti apa ora ya karepe lelagonku”, onine batine Winah.
Kaki Paidi banjur menyat maning lan wara wara,” sedulur sedulur kabeh, kaya biasane, dong wektu ngaso, detampilna konto “Pencak Cimande-an”, wengi kiye sing arep ngayahi, putuku lanang, Siwil”, kaki Paidi bali maring panggonane njagong.
Penonton pada keprok rame mbarengi swarane tabuhan pencak cimande, jring-jring-tong, totakto jring, jring-jring-tong. Siwil metu, ngadeg nang tengahe klasa mendong, sandangane sarwa ireng, sirahe udeng udengan iket wulung, ngadeg jejeg, tlapak tangane loro dedapokaken banjur detempelna dada mbari nganggukaken sirahe. katon gagah pisan, kaya pendekar majapahit dong ngadepi mungsuhe, ora kelingan ngguli senggrak senggruk, nangis nang senthong padusane pak Setra, mung merga ngrungokaken lelagone Winah. Tangan kiwane mandan nekuk maring nengen, tangan tengene uga mandan nekuk nduwur detumpangaken sanduwure tekukan tangan kiwa, banjur degentawilaken selaras karo tabuhane genjring. Soyo banter tabuhane, soyo kerep Siwil olehe gentawilan, kadang sikile siwil nyetatak maring nduwur ngarep kaya wong lagi nendang mungsuh. Suwe suwe awake Siwil muter muter, tlapakan sikile uncat sekang klasa mendong, banjur nylorot nempel nang pager sisih kulon. Sirahe nang sisih ngisor karo manggut manggut. Sekang pager kulon, siwil nylorot maning, sikile lurus, tangane ngembapang, muter muter sedela nang awang awang sanduwur sirahe penonton, banjur nylorot nempel nang pager wetan. Penonton olehe keprok ora mandeg mandeg. “ apa kahe sing jenenge ajian tlerep ngelayang cecek putih ?”, pitakone salah sijine penonton.”iya ndeyan, aku ora patia ngerti”, wangsulane penonton sing nang jejere. Penonton bocah bocah nom sing ngadeg nang sisih lor sebagian pada keprok, sebagian ngedengaken kepelan tangan tengene mbari ngomong, ‘ urip siwil, urip siwil”. Winah ngguyu bangga, kaya rumangsa wis dadi gacone Siwil.
Wektu arep bali maning maring pager kulon, Siwil olehe nyolrot mandan alon, persis nang nduwur sirahe winah, awake Siwil mlintir tiba persis nang pangkone Winah. ‘ hekg’, Winah katon kaboten. Siwil merem kenceng pisan, untune gathik, ambekane alon. Klenger.“tulung, tulung, kakang Siwil kepriwe kiye’, penjerite Winah kewedinen,ilang rasa kepengine perekan karo Siwil, padahal kawit leganu, kepengin banget jagongan bareng karo Siwil. “kuwe ngeneh, ana bocah loro kon mbopong Siwil, degawa maring senthong”, kaki Paidi prentah bocah loro, penonton sing perek karo nggon njagonge Winah. Bocah loro merek banjur mbopong awake Siwil sing wis lemes bules, deturonaken amben kayu senthong ngarep umahe pak Setra. Penonton sing maune reang dadi amleng njimleng, kaya bancet kepidek.”anu, degerusaken adas pula sari, dlingo sejempol, terus nek ana temu lawak wulung, nek ora nana ya seanane temu lawak, banjur nek wis lembut deperasaken combrang nom”, prentahe kaki Paidi maring salah sijine wong wadon sing wis gemiyung.
Ora let suwe, gerusan ramuan mau teka, kaki Paidi mblonyohaken ramuan maring awake Siwil sekojur. “wis, mayu detinggal metu , paling paling ya ana wong siji sing kon nunggoni”, ujare kaki Paidi. “ win ..win, kowe bahen sing nunggoni Siwil’, mBok Painem ngundang winah kon nunggoni Siwil nang senthong. Winah mlebu maring senthong banjur neteg lawange separo, sorot lampu setrongking bisa mlebu, mandan padang.
Suasana dadi amleng, ana siji loro sing pada kandahan, kuwe bahen ya mung krisik krisik, ora genah sing deomongna, tapi sing jelas, pada melas maring Siwil lan rasa kewatir mbok nganti ora bisa waras, bablas nusul bapa biyunge sing wis lagi ngenteni nang sajerone ngisor kayu dangka..
Suasana sing amleng dekagetaken dening swara gembor gembor sanjabane umahe pak setra.’ kobongan...................kobongan.............ana kobongan umah”, swara gembar gembor ora liren liren. Kabeh matane penonton angguk dearahaken maring arah ngidul ngulon, arahe kobongan umah, pereke kayu Lemberang. Langit nduwure arah mahu, katon abang njembrang, gegodongan katon genah pisan kenang sorote geni sing mulad mulad. Wong sing nang njero umah ya melu metu ndelengna, mbarang paham, wong wong mau pada ngomong, “oh....umahe kaki Paidi, umamahe kaki paidi kobongan”, kaki Paidi metu banjur nylingak maring arahe padange geni, nyata pancen umahe dewek sing kobongan, kaki Paidi kelingan babon lorone sing lagi angrem, mlayu sipat kuping karo nggembor gembor ,”tulung....tulung....tulung”. Kabeh wong sing nang nggone pak Setra pada mlayu karo nyawel peralatan seolih olihe, nyaweli ember sumur sing deliwati.
Kaki Paidi ora kakehen pikir, langsung bahe mlebu maring njero ngumah, mbuh apa sing arep dejimot. wong sing nang sekitare ora kuat nggodogi kaki Paidi sing wis ilang pikirane. Kaki paidi nembe mlebu ngumah, durung nemu apa sing arep dejihot, dumadakan pengeret tengah tugel , tiba ngantem cengele kaki Paidi. Kaki Paidi nglumparah melu kobong. Ana pager, ana ontob lawang, ana rangken tumplek blek ngrubuhi awake kaki Paidi. Wong wong sing nang njaba ora bisa nulungi, mergane wangan sakulone umahe kaki Paidi kebener lagi asat.Swara pating blethak pating blethok kaya mercon dodetan sing desumed ari malem bada. Wusanane, umahe kaki Paidi ora ketulungan, kobong entong nggrontong, kabeh dadi awu.
Esuk, jam setengah lima, pak Setra karo kanca kancane teka maring bekas umahe kaki Paidi saperlu nggoledi jasade. Tapine babar blas ora ketemu. Ora ketang balunge sepethil, ya ora nana. Katone awake kaki Paidi sekojur ajur mumur, melu dadi awu bareng karo apa bahe sing kobong. Pak Setra sekancane degawe tliti banget olehe nggoleti, nanging ya tetep ora bisa nemu. Keadaan sing kaya kuwe, malah dadi ndadekaken semange pak Setra sekanca. Kaki Paidi melu kobong dadi awu, apa murca maring kahyangan, wong nyatane kaki Paidi ya dengerteni wong sing sekti. “ niki kados pundi pak Setra, nyatane jasade kaki Paidi mboten enten, ajeng dedusi, napane sing dedusi, ajeng deulesi, napane sing deulesi, ajeng dependem , napane sing ajeng dependem”, pitakone salah sijine kancane pak setra, kebingungen. Pak Setra uga bingung, nyambi mlered mlered bathuke, pak setra ngomong ; Gyeh kaya kiye bahen, wong nyatane jasade kaki Paidi ora ketemu, dewek mbok nganti goleti balunge ora ketang sepethil ya ora nemu mbok, mulane siki njukut awu sing dekira kira ana jasade kaki paidi, banjur dewadahi kendil lemah , detutup karo ciri lemah, banjur dependem nang nggon ngisor kayu gede, kayu Lemberang, kiye shi penemuku”, ujare pak setra nutup olehe nglahiraken penemune. Kabeh kancane pak setra nyetujoni penemune pak Setra. Banjur ana sing maring nggone pak setra njukut kendil lemah karo ciri lemah, sing sijine maning ngorehe awu nang nggon pipir lawang penggede karo ngira ngira panggonane jasade kaki Paidi, banjur njukut awune kira kira telung bathok, awu mahu delebokna nang kendil lan de tutup ciri lemah, banjur bareng bareng dependem nang nggon ngisor kayu Lemberang, nang nggon ngisore Lawang Kori, pereke wit kemuning sakidule Sumur Jalatunda. Pak Setra sekancane banjur pada mulih maring umahe dewek dewek.
Mungkin awit kedadiyan kuwe, kayu gede, kayu Lemberang banjur katon wingid, katon jis. Mungkin awit kedadiyen kuwe akeh crita crita mitos Kayu Lemberang, nganti bocah bocah sing pada bali urek urek, mancing welut, angger ngliwati kayu lemberang pada ngomong nang sandinge lawang kori,’kula nuwun......kula nuwun” karo mlayu, jare wedi mbok dedimek nggo banten. Padahal jan jane lawang korine dewek ya anu ora nana, sing dearani lawang kori kuwe kulite kayu Lemberang sing mandan katon kuning cedeke wit kemuning, banjur lor ana growongan oyod kayu Lemberang dearani sumur Jalatunda. Malah ana crita, angger malem jemuah kliwon, ana tontonan wayang nang nggon kayu Lemberang, sing bisa krungu wong sanjabane desa Kutosari, gamelane jemengglung nglawong pisan, ujare sing krungu, mbarang depereki ora nana apa apa, sing lucu, wong Kutosari ngimbuhi crita, jare kelangan wajan, ana sing kelangan soled, ana sing kelangan kukusan lan alat dapur liyane. Jare desilih dening sing mbahu reksa Kayu lemberang. Nganti ana sing crita, jare nang nggon kayu Lemberang ana emase sekendil gedene, tapine degubed ula naga gede pisan.Pokoke critane Kayu Lemberang akeh pisan, nganti ana sing ngomongna mbesuk nang rejane jaman kayu Lemberang arep murca, ilang ora nana bekase babar blas.
Jam sanga, winah ngerodi awake Siwil nganggo gombal sing de clubaken banyu anget. cara mbesuk ndarani nyekah. Dong tangane Winah nggranyang dadane Siwil, matane Siwil melek mandan krasa, ‘uaaah, aku si nang ngendi, aku si kenang ngapa ?”, pitakone Siwil. “anu kang Siwil, kowe nang nggone inyong, mau mbengi kowe dong lagi konto semaput”, sahure Winah karo ngerodi awake Siwil ben katon seger. ‘ winah, winah “, pak Setra ngundang Winah kon metu, “engko disit ya kang Siwil, aku deundang ramane’, ujare winah karo ngesogaken gombal nang sandinge Siwil. Winah metu karo atine deg degan mbok domehi, dumeh nyekah kakang Siwil. “ mengko ari Siwil wis pulih pikire, kowe aja crita disit kakine mati, wis menganah awake siwil dekerodi maning karo banyu anget, eh eh, anu mengko kon degawekna bubur nang biyunge ya “, kaya kuwe prentahe pak Setra maring anake wadon. Winah krasa mak plong atine, krasa ces, adem njejes, “ujarku arep domehi”, atine Winah moni mbari mlaku maring senthong, nerusaken ngerodi awake Siwil nganggo banyu anget.
***
Swaraning manuk Sir Gedasir sore kiye mandan nyander. Ujare wong Kutosari, mertandani mangsa rendeng wis meh rampung. Dadi kewalikane manuk srewiti angger wis katon mabur ngrompot nang awang awang, mertandani mangsa terang ketiga wis meh rampung, arep mlebu mangsa kapat, mulai ana udan.
Pancen nyatane iya, rasane wis kayong anyes, lan udane wis katon arang arang. Mulane umahe kaki Paidi kobongan ora bisa ketulungan mergane wangan sing nang kulon umahe kebener lagi asat, lagi ora nana wong ngeleb sawah.
Swarane manuk Sir Gedasir angger derungok rungokna kayong nlangsani banget, mbuh anu kepriwe. Ana wong cerita, jarene manuk Sir Gedasir, mau maune manggone nang gunung kidul, banjur delombo nang manuk prit putih lunga maring tlatah lor, manuk Sir Gedasir arep bali kebingungen, banjur undang undang manuk prit putih,” prit putih..... prit putih..... jujugna gunung kiduuuuuuuuuuuul”. tapine ari depikir pikir kayong crita sing kewalik. Artine, sing tukang nglombo justru manuk Sir Gedasir. Miturut pengamatan, manuk Sir Gedasir kuwe gede awake, tapine ora bisa ngengremi ndoge dewek, mulane angger wis kepengin ngendog nggoleti susuh manuk sing cilik cilik, kayata manuk prit, branjangan, utawane prenjak, banjur ndoge debuang, deganti karo ndoge deweke, dadi sing ngendog manuk Sir gedasir, sing kon ngangremi manuk cilik sing debuang ndoge. Mengko ari wis netes, sing nglolohi peyike ya manuk cilik sing angrem. Bener bener manuk sing nglanggar perikehewanan, tumindak maring bangsa manuk sekepenake deweksenajan gawe rugi maring liyan, lan ora tanggung jawab maring peyike dewek.
Swaraning manuk Sir Gedasir kang nlangsani, kayong lagi melu bela sungkawa maring Siwil kang lagi nandang sengsara. Buktine ubak ubek nang nggon sekubenge umahe Pak Setra kang lagi kanggonan Siwil.
Mbarengi swarane manuk Sir Gedasir, kesehatane Siwil pulih setitik tuk setitik. Mbareng wis pulih sempurna, Siwil nembe sadar, jebule nang senthone umahe pak Setra, ya umahe Winah sing jenenge tansah cemanthel nggantung nang tengah atine.“akh...akh.”, Siwil ngelihaken awake mandan maring pinggir amben. Arep menyat, aningane durung kongang njunjung awake. Siwil nekuk kampil banjur njulukaken sirahe, supaya mandan duwur, banjur jarit sing wis mandan adoh sekang awak, detata maning nang duwur dadane.Mripate melang meling mandeng maring nduwur kaya lagi ngetungi usuk rangken. Pikirane katon mabur nang awang awang, ngoyok oyok wewayangan kang adoh parane, kaya mau mbengi olehe awake mabur nang awang awange umahe Pak Setra, banjur tiba nang pangkone bocah sing mesem lan plirikane ora bisa debusek sekang ati.
“wis mandan sehat kowe Wil...”, pak Setra takon mbari mbukak lawang senthong. Siwil mung manthuk tok. Banjur pak Setra nerusaken mlaku maring pedangan arep ngesog tudung ambalan pacule, banjur maring sumur nylampiraken kacang urean sing kulite kuning nang nggon jaro sumur, arep nggo winih. Terus maring senthong padusan. Adus.
Sawise nyruput teh tubruk sing nang muk seng, lewiyan mau bedug, sedurunge mangkat sawah, pak setra mlebu maring senthonge Siwil.
“ Kepriwen wil .... wis katon kepenak ngawak mbok ?”, pitakone pak Setra maring Siwil.”radi lumangyan”, jawabe Siwil. “Kiye kaya kiye ya Wil, kowe manggon nangkene disit”, omonge pak Setra mbari mbeneraken sarunge sing mandan mlorod. “pripun shi?”, pitakone Siwil. Kanthi rasa abot alot, pak Setra nyritakaken maring Siwil kedadiyan mau mbengi. Awit kobongane umah, nganti tekan matine kaki Paidi. Siwil ninglingaken critane pak Setra karo mbayangaken awake kakine dong nang sajerone geni sing mulad mulad. Rahine katon banget nlangsane, banyu luh lewihan mahu mbengi dong ngrungokna Winah lelagon tumetes maning. Kena deomongna penlangsane Siwil ngentekaken banyu luh. Padahal Siwil kena deomongna bocah sing bandele ora lumrah, ora tahu nangis, ora tahu katon susah. Awit cilik deonggrong nang kaki Paidi, ya wong nyatane putu lanang mung mungan, mulane kabeh kekarepane ya desembadani, ora ketang ndadak adol jagung pirang pirang gedeng. “ kuwe kaya kuwe critane Wil, dadi kowe manggon nang kene bahen,mbatiri Winah karo Tejo, nek gelem lan ana wektu, ngrewangi aku ngrumat sawah”, kaya kuwe omongane pak setra olehe nutup crita kedadiyan mau mbengi. Siwil manthukaken sirahe.Setuju.
***
Hawa esuk sing sarwa sedeng mbarengi pulihe kesehatane siwil total. Siwil katon wis bregas kaya asale maning. Kaspire katon mendukul ari tangane detekuk. Mripate katon cerah, senajan putih putihe mandan katon abang bekase olehe nangis. Sikile katon wis enteng dejunjung, ora kaya winginane bar ngetokaken ajian Tlerep Nglayang Cecek putih.
Siwil metu sekang senthong, nganggo clana ireng lan kahos oblong putih sing wis bedah sekilan nang nggon pipir balung centhonge sisih kiwe. Rambute desempong maring arah tengen, model sempongan sing lagi dadi kesenengane bocah bocah lanang desa Kutosari. Siwil njagong dewek nang amben risban karo mandeng maring gili, ndelengaken wong wong tani pada mangkat maring sawah. Ocehing manuk crocokan sing nangkring nang pucuk wit salam ndadekaken wektu esuk kuwe katon semringah. Bajing gendu sing pada oyok oyokan nang blarak ndadekaken gemuyune siwil katon bombong. Jago sing ngoyok oyok babon tapi ora kecendak merga babone mabur banjur nylesep nang tumpukan suluh sawetane umah, ndadekake rasa lemese Siwil ilang blas.
“ kakang siwil..............”, Winah undang undang sekang njero ngumah. Siwil menyat, banjur mlaku maring arahe swara. “ anu , kang Siwil kong medang dimin”, omonge Winah mbari ngesogaken wedang clebek lan godogan kimpul kemebul nang meja mbale, terus bali maning maring pedangan. Siwil njagong kursi ngadepi wedang clebek. Urung nyruput nyruputa, Siwil wis ngrasakaken kepyar kepyare wedang clebek. Siwil njukut kimpul seblindi, banjur deceti kulite, banjur metil sepetil delebokna tutuke, jan buket pisan, empuk pisan, empere kaya empuke lengene sing nyuguhaken. Wedang clebek desruput, kepyar kepyar, pikirane kayong padang pisan. Lewih lewih wedang clebeke nganggo gula aren, pokoke rasa rasa ora kepenak sing manggon nang awake Siwil bubar kabeh.
‘ wil.... kowe ora usah lunga lunga dimin, tunggu umah karo Tejo lan Winah, aku karo biyunge arep maring sawah, arep ngrambat ngrambataken wit kecipir “, omonge pak Setra karo nganggo tudung ambane , banjur metu tututan karo bojone, mbok Painem. “ iya, kaya kuwe bahe ya wil”, omonge mbok painem cekak.
Siwil njagong metonggo dewekan, ngrasakaken bukete kimpul karo ndeleng ndeleng gambare winah sing nempel nang pager. Dudu gambar potrek, nanging gambar anu pesen nang pasar, leganu dong becer arep mbarang gawe. Winah nang gambar nganggo klambi putih, slendange deslampiraken nang pundak tengen. Rambute dekepang loro desogaken sisih ngarep siji. Cara bocah Kutosari, nek ana bocah wadon rambute dekepang banjur dedelah ngarep siji nudokna bocah wadon sing wis nduwe bocah lanang kang dadi ganthelane ati. Beda karo angger dedelah ngarep karone, nudokaken bocah wadon mau anu wis lamaran, nunggu ijaban.“ sapa ya sing dadi ganthelane atine Winah, beja temen”, Siwil ngomong nang ati karo mandeng gambare Winah sing katon mesem. Siwil ngubengaken pikirani nggoleti bocah lanang sing wis cemanthel nang atine Winah. Siwil ora nemu nemu, wong pancen ora nana pawerta nang desa Kutosari Winah lagi gacoan karo sapa. “kakang siwil kakang siwil, nimbang metonggo, jagongan mburi ngumah bahen yu”, swarane Winah sekang pedangan. Siwil rumangsa lagi nunut, dadi ya ngetutaken karepe Winah, sing nduwe umah.Siwil menyat, mlaku maring mburi liwat pedangan.
Bocah loro pada njagong jejeran nang panggok pring sangisore wit kemundu. Meneng karone. Kayong bingung, arep demolahi sekang ngendi olehe kandahan. Winah bahen sing atine wis murub tresna maring siwil, ya meneng. Ora sumbat karo angger lagi adoh karo siwil, atine bola bali olehe moni ” kapanane.........kapanane”. Pancen sok kaya kuwe bocah sing nembe nduwe rasa seneng maring lia jenis. Ora lanang, ora wadon, pada bahen. ari bocah wadon mandan memper, wong nduwe rasa isin. Sing ora memper tuli bocah lanang, angger nang mburi kaya bandot lagi ginjali, tapi angger nang ngarepe bocah wadon sing deimpi impi, kek, gulune kaya dejiret karo kenteng lanjaran kacang urean.
“kakang siwil...kakang siwil’, winah mulahi mbukak kandahan karo menyek menyek, “ apa win..”, jawabe siwil cekak. “ kembang sore kuwe kira kira mengko jam papat megar apa ora kang Siwil”, omonge Winah nyambi acung acung kembang sore sing tesih pada mingkup. Siwil meneng, reka reka ora paham maring karepe omonge winah. “ kang Siwil !, detakoni ko ora semahur”, winah olehe ngomong mandan doso decampur ndablong. “ oh iya iya, ya megar lah, biasane mbok megar?”, jawabe siwil mandan kayong ngawag. “ sebabe apa jajal?, pitakone Winah. ‘ sebabe, sebabe”, siwil jawab karo njengkerutaken bathuke, terus nerusaken omonge,”sebabe angger mengko jam papat ora megar, jenengane udu kembang sore”. Ngrungokaken jawabe Siwil mandan katon ngawur , Winah ngomong” mbuh lah !”, karo kewat, tapine mesem.
Banjur pada meneng karone. Sejerone meneng, pikirane Siwil nggregah arep nguntabaken isen isene ati. Rasa kewatir mbok detampik katresnane desingkirna adoh adoh, mbuh apa kedadiyane Siwil nduwe tekad nglahiraken katresnan maring Winah.
“win...”,siwil mulahi ngomong. “ kowe ngerti ora , tembung sanepa ‘ Cebol Nggayung Lintang”, Winah semahur, “ alah ya ngerti banget, kuwe tuli sanepa wong sing nduwe gegayuhan katresnan sing ora seimbang antara lanang wadone. Kuwe sanepa anu jaman gemiyen, jaman Kerajaan Singasari, siki wis ora jaman kang Siwil. Mungguhku, katresnan ora ndeleng pangkat ora ndeleng dunya brana. Pari basan kere tresna karo inyong, tetep tek tampa angger pancen aku tresna maring deweke”, omonge Winah kayong lagi mbukak lawange katresnan maring Siwil. Sawuse Siwil krunge omonge winah, katresanane siwil maring Winah sing tesih mingkup katon megar kaya megare kembang Sore dong jam papat sore. Siwil mantep banget arep nglahiraken katresnane maring Winah, sebab miturut petungan katresnane siwil mesthi detampa nang Winah.
‘win... “, omonge siwil, “win...win’, sejatine inyong banget tresnane maring kowe, wewayanganmu tansah ngebeki atine inyong, rasa kangene inyongtansah nylesep nanggon jantung banjur melu kegenjot mlaku bareng ilene getih nang awak sakojur”. Winah krungu omongane Siwil, atine krasa padang jembrang, kaya padange damar setronking sing nembe deganti kahose. apa sing dadi pengarep arepe ngawan mbengi sida kasembadan. wis mesti bahe, ora kakehen mikir ngetan ngulon, katresnane Siwil detampa. “iya kakang Siwil, aku uga banget banget tresnane maring kowe, awit leganu aku ngarep arep kowe gelem ngomong maring inyong. Tek tampa katresnanmu kakang siwil. Molahi sekiye, inyong kuwe kowe, lan kowe kuwe inyong. ayuh pada deniati urip brayan, nerusaken turunane jalma manungsa nang desa Kutosari kene. Tapine kakang Siwil, katresnan kiye aja dekatonaken disit maring wong liya, katresnan kiye desimpen disit nang atine inyong karo kowe”. Siwil manthuk. Bocah loro pada klesam klesem, mbarengi kinjeng tangis ngawiti swarane nang pokol nduwure wit kemundu.
***
Wis setengah sasi Siwil mangggon nanggone umahe pak Setra. Siwil rumangsane kaya manggon nang umahe dewek, geblas geblus ora rikuh mekewuh. Apa maning pak Setra karo mbok Painem olehe eman pada karo maring anake dewek. Kabeh kedadiyan winginane wis ilang sekang pikirane Siwil, sing sok kadang kadang tesih gelem nongol nang ati gegambaran kakine dong kobong, katon melang melang kaya ngapa rasane lagi njrepapang nang tengah tengah geni sing lagi mulad mulad, awak sekojur kurugan bamba penglari sing dawane pitung meter, kurugan rangken, kurugan pengeret lan liya liyane. Ari gegambaran kuwe nongol nang ati, Siwil mrebes mili, nlangsa, kelangan kakine panggonane ngeluhaken kabeh persoalan sing dealami.
“pak, kula ajeng nuweni pekarangan ngrika kidul, ajeng kula paculi”, ature Siwil maring pak Setra. Pamitan. “ ya nganah, kahe pacule nang pipir petarangan”, wangsulane Pak Setra dikanteni rasa welas asih. Banjur pak Setra ngomongi Winah, “ mengko Siwil dekirimi wedang ya win”.
Siwil mangkat maring pekarangan tinggalane kaki Paidi sing nang sakidule kayu Gede, kayu lemberang. pacule depanggul, nganggo topi kesenengane. Tindake sedeng bebarengan karo srengenge kang katon sekang sela selane dapuran pring lan manuk uceng sing mlumpat mlumpat nang wit witan. Wong wong tani sing pada papagan kabeh pada takon. Lewih lewih Siwil wis deresmekaken dadi dalang ANGGUK KUTOSARI nang kaki paidi winginane dong lagi detanggap nang nggone pak Setra, Siwil lewih deajini.
Siwil duwe keniatan, sawuse pekarangan depaculi, arep detanduri boled angkrik karo ganyong. Sebab sedela maning mangsa paceklik. Kaya biasane wong Kutosari, angger mangsan peceklik, pada ngganjeli wetenge karo boled angkrik utawane ganyong. Kena nggo ingget ingget beras. Angger ora kaya kuwe, berase gelis entong, sebab biasane angger mangsan paceklik kepengine mangan bahe. Hawane kayong kencot terus. Ora mung derasakna nang menungsa thok, nanging hawa kencot mau derasakna uga nang kewan. Buktine ayam pada seneng grijagan, nganti sok ngesuhaken banget, apa apa dethingkringi, nganti kampil sing lagi depe nang latar temumpang kursi ya de thingkringi, ndarani ana panganane, sangking kesuhe, ayam ninggali kotoran nang kampil utawa kasur sing lagi dipe.
Mulane, senajan dong lagi paceklik kelebu urutan nomer telu sawise jagung lan gaplek, wong Kutosari akeh sing pada nandur boled angkrik karo ganyong. Khususe Kutosari sebelah kidul. Angger dedeleng, awit sekang pekarangane kaki Paidi tekan ngetan isine wit boled angkrik karo wit ganyong, di samping dapuran pring. Senajan kaya kuwe, nek mlaku mbengi nang kono, weruh pemandangan sing endah pisan, saben dapuran pring nggon tunggake pada murub. Jarene wong pinter, tunggak pring oyode mengandung phospore apa apa arane, mulane ari nang petengan katon murub.
Siwil olehe macul gotot pisan, nganti kringete sing sebotor botor gedene nelesi kahose, malah nganti tekan nggon kathok ya melu teles. Sedela sedela Siwil ngesodi kringet sing nang bathuke karo topi sing delempit. Siwil liren ngadeg, mergane krungu Kartono mlaku ngulon nyambi tembangan karo sirahe gembalang gembeleng, gemagus pisan.
Klayaban aja klayaban
Nek ora nana perlune
Klayaban kena bahen
nek pancen ana perlune
Angger sering kenang angin wengi
sekabehane penyakit gampang teka
Mulane kuwe, aja klayaban
Nek pancen ora, nana perlune
Klayaban aja klayaban
nek ora ana perlune
Klayaban kena bahen
Nek pancen ana perlune
Wis sirahe gembalang gembeleng, detambah sikile gejol gejol kaya bocah cilik sing budi lagi njaluk othok othok. Sing gegeti maning, rambute dedowal dawul kaya petarangan bodol, ngkana kanane niru karo sing nembangaken “KLAYABAN” sing asli. Ndeyan. Tingkahe Kartono sing kaya kuwe ya ana mempere, wong deweke sering ngambah kota, malah jere wis tahu pirang pirang sasi manggon nang kota Batavia, dadi bakul plembungan.Pancen sok kaya kuwe, nembe mingser maring kota semending bahen, omonge, anggon anggone lan tingkah polahe sok owah, pada degawe gawe. Dongen si aja pada kaya kuwe, mbok dadi merguyokaken wong sing akeh pengalamane. Wong mbok dekaya ngapa polah tindak tanduke, tetep katon bahe bocah anu lahir nang tengah tengah ganyongan, maksude bocah ndesa, senajan olehe ngomong,”gue gak bise kate kate kaye lu, gue sudah lupe semue omongan kaye lu’,karene lu’ lu’ tobing tidak mau bersame gue gue tobing”, omongan sing ora nyambung. Mulane tingkahe Kartono ya cukup dengerteni nang Siwil, apa maning deweke kanca, dadi Komendan Angguk Kutosari.
“wil, mengko mbengi ana ujungan, ndeleng mbok ?”, omongane Kartono sawise perek Siwil. “ Nang ngendi ?”, pitakone Siwil. ‘ Biasa, nang plataran Kali Berem, kulon Kramat”, semahure Kartono. Banjur Kartono merekaken tutuke maring cedeke kupinge Siwil karo ngomong krisik krisik, “ mengko Winah diseng ya....”. Mesti bahen siwil ora gelem, sebabe ngerti Kartono uga seneng maring Winah.”wegah, aku ya ora kepenak karo pak Setra, kowe mbok ngerti, aku lagi nunut”, jawaban lan alasane Siwil ora gelem aseng Winah.
Kartono nerusaken lakune.
Siwil nerusaken maculi pekarangan. Awu bekas umah desingkir singkirna maring pinggir. Kayu kusenan sing pada dadi areng dekumpulna, sapa ngerti kena nggo menatu sandangane. Ora suwe, kahos sing wis mandan garing dong lagi kandahan karo Kartono mahu, katon mulahi teles maning. Bathuke ya labuh katon meling meling, kringete kenang sorot srengenge sing wis labuh katon duwur.
“kakang siwil...... ! medang dimin !’, suwarane Winah karo mlaku gibyak. Tangan tengene nyangking ceret, tangan sing kiwe nyangking tenggok detutupi kacu ijo amba. Siwil leren olehe macul, ngormati tekane Winah. ‘medang dimin kang siwil”, Winah nawani medang karo ngesog ceret lan tenggoke nang duwur lemah. Siwil merek, banjur njagong ason ason nang ngarepe Winah. Kanthi alon alon, Winah ngecoraken wedang clebek maring cawik. Bungkusan nang tenggok debukak, sing sebuntel isine grontol, sing sebuntel maning isine kluban rontak rantek sing deurab lothoh pisan. “ ayu win.... “, siwil aseng medangan bareng maring winah, Winah mung ngatokaken eseme minangka jawaban. Siwil katon belan banget olehe mangan, kayane enak banget, eh.... nyatane grontole putih, lawuh kluban rontak rantek, detambah eseme Winah. Sing derasakna nang Siwil, kayane salumahing bumi , sekurebe langit ora nana wong sing beja nimbang awake dewek. Padange dina kuwe kayong ora merga sorote serngenge, tapi merga sorote untune winah sing katon angger gemuyu.
Sarehning wektune wis awan, Siwil ora nerusaken olehe macul. Mlaku bareng iring iringan kaya dara giring. Siwil lan winah pada bali. Sejerone mlaku, bocah loro pada kandahan ngalor ngidul, ora genah pok buntute.
***
Ari dedeleng sekang keteb wetan Kutosari, wulan purnama wis katon, bunder, gede, kuning semu abang. Kampret kampret uga wis katon pating sliwer arep pada nggolet pangan. Bocah bocah cilik ya wis mulai pada ngelompok ngelompok arep pada gojegan sing pethuk karo kesenengane dewek dewek. Pancen kaya kuwe pengadatane bocah kutosari sakiwe tengene. Angger padang wulan pada dolanan, awit sing ora bebayani, kaya jonjang, nganti tekan sing mbebayani, kaya gobag sodor sing debarengi karo binten, lan ujungan. Tapi sing paling bebayani dewek kuwe ujungan, paling ora lara ngawak, malah nek ora kebener nyawane mabur, alias mati. Mulane ujungan kuwe dolanan khusus kanggo bocah sing gede cilike nduwe kadigdayan, seora orane bocah sing degebug karo penjalin beyekane ora tugel. Sebab senjata utama sing degunakna kuwe penjalin selengen gedene, dadi angger bocah sing awake ora kuwat kok melu ujungan, pada bahe arep setor nyawa nang pinggir kali. Lan nang sejerone dolanan ujungan ora nana aturan aturan sing tertemtu, sing penting ora nggebug bagian awak awit dada sependuwur. Masalah banting bantingan kena bahen, senajan nang duwur watu. Malah penontone ya kena mlebu maring palagan, angger pemaine wis katon arep ora kuat.
Ujungan bisa dumadi angger ana tantangan. Mbuh apa jalarane. Kadang rebutan bocah wadon, kadang rebutan banyu nalikane ngeleb sawah, kaya winginane dong kang Jumhur lagi nggolet banyu nang Gewok, dumadakan derusuhi nang kang Parta, bocah grumbul Nagasari, yakuwe murid kasihane kaki Yasa sing kawentar dadi tukang ngiseni awak. Olehe padu wong loro ngotot banget, nganti arep pada cacagan pacul.”Nek pancen lanang sejati, ngesuk malem purnama pada Ujungan, mengko dadi bathangmu kewenangan manungsa”, omongane Parta karo nyelapaken arite maring kethoprak. “ Iyalah, ujare wedi karo dapurmu apa ?”, jawabe Jumhur pada atose. Biasane angger wis pada tantangan kaya kuwe, liya dina kabar arep ana ujungan kewentar tekan ngendi ora.
Kaya janjine mau ngawan, Kartono karo Siwil lan bocah bocah enom mbuh pira jumlahe, pada mangkat maring plataran kali berem kulon desa Kramat sawetane desa Karang Tengah. Ana sing tembangan, ana sing singsot, ana sing cuit cuit karo ngrungokake lawongane lan liya liyane. Kaya biasane, bocah bocah nom ari mlaku mbengi tangane ora nggutatek kayong kurang sreg. Mula sedawane kali berem, bocah bocah nom rombongane Siwil olehe mlaku tangane pada pating sranggeh. Apa maning angger ngliwati kebonan tanah derik pinggir kali, wis, terong pet petan ngesuk entong, saben bocah met depangan turut dalan.
Satekane rombongane Siwil nang plataran kali berem kulon Kramat, ujungan meh arep dimulahi. Sing nonton banget umyeke, ora ngemungna wong desa sekitar, tapi kang luar daerah uga akeh. Umume sing nonton wong lanang, wong wadon ya ana, tapine siji loro, kuwe bahen ya bocah wadon sekitar plataran kono.
Nang tengahe plataran kali berem, dekubengi penonton lan depadangi karo sorote wulan purnama nang langit biru, kang Parta sekang dukuh Nagasari ngadeg persis nang ngarepe kang Jumhur sekang desa Kutosari. Sawise ana aba aba, wong loro nyekel penjalin, ngadeg jagang, gigire mandan mengkelung maring ngarep. Kang Parta banjur awake ntreg tregan kaya manuk trinil sing nembe menclok nang duwur watu, banjur nyabetaken penjaline maring awake kang Jumhur, tapine ora kena, sebab kang Jumhur olehe inda gesit pisan, kaya gesite manuk sikatan nyamber lemud. Sateruse penjaline wong loro gatuk, tabrakan kaya wong anggar, bola bali , bola bali, akhire Jumhur nyabet kempole Parta. Kang Parta cengar cengir kelaranen, banjur menyat maning. Penjaline sing dawane semeter deubeng ubengaken, akhire degebugaken beyekane kang Jumhur. kang Jumhur nglumparah ora bisa menyat maning. Kang Parta ngadeg jejeg karo nyekel penjaline, banjur sesumbar” Hai wong wong Kutosari, ayuh tokkaken jagoanmu !. Aku.... Parta Kleyang ora gadang mlayu, ayuh wong wong Kutosari lawanen murid kinasihe ki Yasa sing sekti mandraguna !”, krungu sesumbare kang Parta sing kaya mbledag mbledaga watu sakebo, atine panas, mripat kupinge mbranang kaya bamba bathok sing lagi nggo indel badeg, siwil mlumpat maring tengah palagan, penjalin sing lagi decekel nang kang Jumhur dejaluk. Sadurunge Siwil ancang ancang, penjaline kang Parta tiba nang gigire siwil, gigire siwil ngeleb geni putih, banjur desusuli kukus kemebul. Penonton pada kamitenggengen kabeh, rambut sing nang gulu pada ngadeg.Mrinding.Siwil mabur kira kira duwure rong meter, sikil ngecucung lenceng, tangan ngembapang karo nyekel penjalin, nyiuk karo nyabetaken penjalin maring beyekane kang Parta. Sesabetan,getihe kang Parta mluntah , mili campur karo banyune kali berem. Siwil ngadeg jejeg kaya pendekar Gunung Wilis, mripate mbranang karo nyumbari wong wong Nagasari,” Kuntul Nagasari, Blekok Lemberang, ari pancen wani, maju kabehan”. Penonton pada pating njeleketut, lewih lewih wong dukuh nagasari. Kang parta wis ora bisa menyat maning, ambekane kempas kempis ngaloni, banjur nyawane mabur.
Jam rolas mbengi, ujungan bubar, kemenangan nang pihake wong Kutosari. Penonton pada bubar, bali maring omahe dewek dewek. Siwil ora mulih maring umahe Pak Setra, rumangsa ora kepenak gugah gugah, dadine Siwil turu nang nggone umahe Kartono.
Ujungan wengi kuwe, ndadekaken jenengi Siwil kawentar nang ngendi ngendi. Kabeh kabeh pada ngomong” Dalang Angguk Kutosari duwe kadigdayan sing ngedab ngedabi”. Padahal angger depikir jero, ora kaya kuwe anane. Buktine, dong lagi kanggo nanggone pak Setra, mung deesemi nang Winah, Siwil semaput. Berarti wong Kutosari dudu Siwil sing paling digdaya, tapine Winah, anake pak Setra. Kuwe nudokna, mbok kayangapa kadigdayane wong lanang, mbok kaya ngapa kepinterane wong lanang, paribasan ngelmuni sundul langit, nek tesih melik klening gemrimpying pupu kuning, mangka ilang kadigdayan lan ngelmune. Mulane dadi wong lanang ora usah gemagusan, ora usah kegeden sirah, nyia nyia karo wong wadon, tumane angger deesemi nang wong wadon seeseman thok bisa buyar pikirane. Nanging wong wadon nduwe kadigdayan, angger pada ora ngilangaken sifat wadone, misale lemah lembut cature lan tinutupan awake. Angger sifat wadone wis ilang, misale olehe caturan kasar, gagah maring wong lanang dumeh wis teyeng nggolet duwit, utawa anggon anggon kaya penganggone wong lanang, mangka ilang kadigdayane.
Mbok menawane awit ana sesumbare siwil maring wong dukuh Nagasari, angger ana barisan blekok mabur nang sanduwure desa Kutosari, bocah bocah pada keprok karo lelagon : Kuntul nagasari, blekok Lemberang, ari pancen wani maju kabehan”.
_____
BAG :4
Wis karotengah sasi, langit ora ngguyuraken udan maring tlatah Kutosari. Lemah pesawahan wis katon garing, malah tanah derik sakidul solokan bendungan Ketajaya, salore wit randu gede, wis katon akeh telane. Kali sawetane belik samini sing tuke nanggon ngisor wit cangkring gede pereke kuburane ki Jagayuda, uga wis katon cilik ilene, mulane lunjar andong karo susu melik sing lagi pada uber uberan katon ngegla, nganti buntut lunjar sing gripis bekase decapit yuyu uga katon. Mergane kaline katon cetek tur banyune bening pisan.
Nang sajerone mangsa terang, kayong deatur, bocah bocah Kutosari kegiatane nyocogi karo umure. Kelompoke bocah bocah cilik pada nyekeli sapu ada utawa sapu duk, mlaku mlaku karo ngomong,” itik itik goletna kinjeng itik tek upahi jarit lurik”, angger ana kinjeng itik merek, banjur detubruk karo sapu, angger kecendak, buntute dejiret karo ramat gedang banjur kon mabur, kadang malah ana sing kebangeten, buntute desindik karo pucuk sada, banjur kon mabur nang duwur sirah, terus degawa mlaku mlaku karo moni, “ mim blo blo, mim blo blo, ora ngandang ora nganggo, nganggone kinjeng kebo’, bola bali olehe moni kaya kuwe, nganti ana kinjeng kebo menclok nyokot ndase kinjeng itik, banjur dedimek, angger kecendak, banjur degoletna kertas sepetil, debolongi tengahe, banjur sewiwine kinjeng kebo delebokna, banjur kon mabur, jenenge lagi dara dara-an.
Ari kelompoke bocah bocah bujang tanggung, angger wektu bedug, pada rogoh iwak nang sedawane kali bodas. Senengane pada rogoh nang nggon ngisor kayu cangkring saben tikungan, sebab biasane nangkono akeh iwake, mungkin sebab banyune adem, dadi desenengi iwak.
Ari bocah bujangan gede, umume pada mbantu wong tua nggebrusi dogleg bekas ketebon, arep detanduri kacang urean utawane jagung. Angger sing wong tuane ora duwe dogleg ya ngode, utawa ngarahi dongklak tebu nggo suluh.
Ari bocah wadon umume mung pada playon, kasti nang damenan sing arep dewuwuri kedele, nek kencot, nggolet jugil nggo ngodek siwil munthul, kadang olih siwil munthul teblo, rasane mandan sepa, kadang olih siwil munthul serwiti, nah kiya klangenane bocah wadon Kutosari, rasane anyling tur mandan ngocor banyune. Mulane dalang Angguk Kutosari dejenengi Siwil, mergane dong lahir kebener kaki paidi lagi njugili siwil munthul sing pada trubus nang galengan. Senajan katone jeneng janjian, tapine methuki karo kahanan, kaya pengadatane wong Kutosari, nek bocah lahir dina Selasa Kliwon, dejenengi Sawon, sing lahire Setu Legi, dejenengi Tugi, mengkono sebanjure. Dadi ora kaya bocah lahiran mbesuk, ngguli pada gawe jeneng awur awuran, tur ora pethuk karo kahanan. Lah wong bocah lahir nang tengah tengah kebon boled angkrik, jenengan Alexander Fransisco, kaya bocah blesteran wong Mesir karo Amerika. Merguyokaken.
Ananging ana uga kegiatan sing ora pandang ngumur. Ya kuwe Unda unda Layangan. Ari sore, kira kira jam papat, pesawahan kulon desa Kutosari rame pisan. Ora tua ora enom, pada ngunda layangan. Jenis layangane werna werna pisan, awit sekang sing arane layangan dok dokan sing dejiret karo tambang duk, nganti tekan godong gadung garing sing pucuke dejiret nganggo benang. Ana kabeh.
Mbuh olih wulangan sekang ngendi, angger ora nana angin, wong ngunda layangan pada tembangan”Umbe umbe tekakna barat gede tek upahi banyu tape, umbe umbe.....”, banjur srebed........... ana angin teka.
Nalika layangan wis pada mabur nang ngawang ngawang, kabeh mripat pada mencenger ndelengaken obahe layangan, ana sing ngejejer, mung buntute thok sing obat abit, nggulung sekang ngisor maring nduwur, ana sing layangane ngejek, ayag eyeg ngiwenengen, lan ana sing semiyuk mergane benange dededet, layangan nyiuk maring ngisor , banjur menggok munggah maning karo nggubed benange kancane, angger wis katon nggubed, benange detarik, prel, layangane kancane pedot banjur kemangsang nang pucuk wit pring. Bocah Kutosari ngarani kedadiyan kaya kuwe Gesrekan. Kadang kadang anu ora nguja, tapi uga ana sing pancen nguja degesrek gesrekaken maring layangane kancane. Sing sok nguja gesrekan, biasane bocah sing benang layangane degelas, ya kuwe benang sing detempeli beling lembut pisan nganti ora katon mata, nek desenggol karo jentik tah krasa, kasar. Bocah Kutosari carane nggelas benang layangan umume nganggo gembili sing dekecruk kecruk nganti lembut, banjur deulet karo tutukan beling kaca sing lembut tur alus pisan, sateruse banjur deusar usaraken maring benang layangan banjur dipe kon garing.
Endahing delengan layangan sing pada mabur, ketambahan anane kapuk randu sing pada pating sliwer kenang angin. Endah banget, ndeleng nduwur weruh layangan mabur, ndeleng ngidul weruh alam pegunungan sing ijo royo royo kenang sorot srengenge, malah kadang kadang ketambahan anane manuk alap alap lagi ngoyok oyok dara lawatan, mbarang wis perek, manuk alap alap mau nyiuk nyengkerem dara sing dadi mangsane. Ora mung kuwe thok, malah kadang ana manuk ulung gede pisan nang senduwure desa Kutosari, mubeng mubeng terus, angger weruh ana babon lagi angon pitike, sewiwine dekembapangaken, alon alon temurun, angger wis perek, tanpa pamitan , nyengkerem pitike siji, banjur mabur maning karo manthukaken ndase, kayong lagi ngomong ” thank you...... mung siji thok ikih”.
Delengan angger wektu mbengi endahe ora kalah dong awan awan. Sakulone desa Kutosari, awit sisih kidul tekan ngalor katon pating klencar banget obore bocah nginggeng jangkrik, ngarah gedubur, clingker, apa dene walang. Awit gemiyen, turun temurun, nang desa kutosari angger mangsan terang ana budaya mangan Gedubur Goreng. Gedubur kuwe sejenis jangkrik, tapi wernane serupa, awak lan wulune mandan kuning kusem, terus nang ndase kayong ana pilake. Mulane angger bocah sirahe pilaken, sok dewadani kaya gedubur. Dadi beda karo jangkrik, ari jangkrik wernane pirang pirang, angger sing wulune ireng seawake dearani jangkrik jliteng, mulane kaki dalang angger lagi nyandrakaken Werkudara ngomong maring Kresna “ Hai Jliteng kakangku”, sebab Kresna awake ireng, malah jere kaki dalang nganti tekan getihe ya ireng. Angger jangkrik sing wulune abang seawake, dearani jangkrik jlabang Geni, miturut bocah Kutosari, jare Jangkrik Jlabang Geni ngentire nang nduwure ndas ula welang, mulane ladak pisan. Nah angger sing campur abang karo ireng, dearani jangkring Jlabang Gula Geseng.
Pating klencare obor, terkadang deselani sorot setrongkinge bocah sing lagi pada ngobor manuk puyuh. Ngobor puyuh pancen kudu nganggo damar setronking, ora bisa nganggo obor, kurang padang, gampang nyrunthule. Beda angger nganggo setronking, matane kesiloen, ndekem bahen, sing ngobor mung kari meg, terus kecikrep. Manuk puyuh ora bisa mabur duwur, tapi ari nyrunthul, kayane peluru kendali scot be ora bisa nyendak, sangking bantere.
Wengi kiye, Siwil kebener lagi ngobor manuk puyuh karo kancane papat, lima siwil. Mbarang perek kayu randu ngggon tanah benda, Siwil sekancane liren. Awit mau mubang mubeng nembe olih puyuh telu. Bocah lima pada jagongan nang ngisor wit randu gelaran klaras gedang, damar setronkinge desogna tengah tengah. Klethak klethik pada mangan klentheng goreng sing degawa dening Sarman. Angger lagi krasa mandan anyes pancen paling enak nongkrong nang pinggir setronking karo mangan klentheng goreng. Senajan mandan langu, tapi ya kena nggo lumangyanan. Jan jane shi klentheng ora anggone depangan, tapi ya mbuh kepriwe leganu leganune, angger mangsan terang sok pada seneng goreng klentheng, wiji randu, nang sangan. Angger wis panas banjur desiram uyah, nggo pranti sangu nginggeng jangkrik utawane puyuh.
Siwil ndeleng maring duwur, delengna lintang kusan sing kayong katon murube padang wengi kuwe. Mbarang nylingak ngalor ngetan, Siwil weruh ana lintang kemukus sing buntute dawa pisan. Miturut ahli pelintangan desa Kutosari sejatine sing sok ndarani lintang kemukus kuwe komet, dene buntute kedadiyan saking es sing ana kiwe tengene, katon njlarit kaya buntut mergane orbit komet tansah ngungkuri serngenge. Jarene buntute dawane 50 juta kilo meter, mbuh kepriwe carane ngukur. Dadi metune lintang kemungkus soal biasa, seasline ora nana hubungane karo kedadiyan nang bumi. Tapi merga dianggep aneh ndeyan, wong Kutosari awit gemiyen duwe anggepan lamon ana lintang kemukus ngaton nang sisih wetan lor, arep ana kedadiyan bencana sing gede.’ hai kanca kanca, kahe ana lintang kemukus”, omonge Siwil karo acung acung maring arah wetan lor.
Bocah lima pada nggencileng banget olehe ndeleng lintang kemukus, pancen keton aneh shi, apa maning angger buntute katon lagi nyendeki, jan endah pisan. Ora nyana , ora ngira, dumadakan ana suara jemegur nang sisih kulon, lemahe kayong krasa oreg. Bocah lima pada nylingak ngulon kabeh, jan genah banget ana bunderan geni gedene kaya bal ampit, ketone mabur sekang Kembaran tiba nang desa Pliken. Demat mataken, saya suwe saya kerep suarane, lan bola bali ana bunderan geni mabur. Mbarang desa Pliken wis katon mongah mongah, keprungu swara pating njlerit pating bleker, saking padange, nganti wit witan katon ngegla pisan, warga desa Pliken katon pating renggunuk kaya semut, pating slebar pada mlayu ngungsi. ana sing katon mlayu maring ngetan, arep ngungsi maring Kutosari. kebener banget, wong sing arep ngungsi mandeg nang ngarepe Siwil.” enten napa pak ?” siwil takon. “ Anu desane inyong lagi debom nang wong Landa, jare arep degawe Karang abang”, keterangane wong mahu. ‘ Anu kepripun si pak asal asale ?”, pitakone Siwil maning. “ jarene, winginane ana opsir landa lagi kontrol, banjur nang tukang becak detekek, bathange desogna nggili nggon desane inyong, banjur wong landa jengkel, wengi kiye desane inyong arep degawe karang abang, padahal ya mas, weduse inyong mahu nembe manak loro, jan tek tinggal mlayu bahen, kayane ya mateng ndeyan”, ujare wong Pliken sing arep ngungsi.
Swarane bom jegar jegur ora mandeg mandeg. angger sejeguran, katon prul kaya bamba pada mabur. Wong Kutosari pada metu kabeh maring kulon ndesa, pada ndeleng desa Pliken lagi debomi nang wong Landa. Mbarang wis pirang pirang jam, swara bom ngarangi lan akhire mandeg. Siwil sekancane lan ketambahan wong ngungsi mahu, pada mlaku ngetan. “ mengkin bapake tilem teng nggene kula mawon”, pengajake Sarman. Samandege swara bom, kahanane dadi sepi. Lintang lintang pada mlaku dewekan tanpa ana swara keprungu. Amleng njimpleng.
***
Anane wong Landa sing depateni nang desa Pliken, banjur ana prentah sekang Gubermen Belanda supaya deanakna pengawasan maring wong Pribumi desa Pliken lan sekitare, termasuk desa Kutosari. Saben dina, serdadu landa mlebu maring ndesa ndesa.
Mr. Bruckhen salah sijine serdadu sing kon mlebu maring desa Kutosari. Saben esuk, kira kira jam sanga, Mr.Bruckhen lan ajudane, Jasmin, wis ana nang desa Kutosari. Pancen kadang ana bahen manungsa Jawa, tapi ngetutaken uteke Landa, mbantu maring Landa, dadi mata matane Landa mung sekedar nggolet sega seplokan, senajan ngorbanaken maring kancane. Sering kedadiyan, ana wong ndesa detangkep serdadu Landa, sebab laporane wong sing modele kaya Jasmin. Mulane angger winginane ora nana laporane mata mata maring wong Landa, mangka ora nana kedadiyan desa Pliken degawe karang abang.
Nalikane Bruckhen karo Jasmin, ajudan sing nganggo topi caping tur kelanda landahan, persis nang ngarep umahe pak Setra, weruh Winah lagi meme wasuhan nang tlawungan, Winah mung nganggo kemben sedada, rambute tesih madul madul. Katone Bruckhen seneng maring Winah. “eeeeeeee. itu perempuan yang sedang jemur, eeeee siapa poenya nama, end siapa poenya anak, Jasmien !, pitakone Bruckhen maring Jasmin. “ oh itu tuan, namanya Winah, anaknya pak Setra, tuan e..e..e ke Winah ya”, jawabane Jasmin katon akrab pisan. “Jasmin, apa kowe bilang e..e..e, ix tidak tahu Jasmin”, Bruckhen ngomong karo mlintir kumise sing kaya gedang kapokan. “ mangsude, apa tuan suka maring Winah, gitu tuan”, omonge jasmin ngapak. Bruckhen manthuk manthuk,” eeee... bitul, bitul Jasmin, hati punya ix suka ke eee sapa itu, ya winah. En kowe Jasmin, nanti beli roti en...eeee..apa itu yang bulat bulat kaya keneker, oh ya....gituk goreng, gituk goreng. Nanti sore, kamu eeee en ix sama sama dateng ke rumah...eeee...sapa tadi, oh ya tuan Setra, minta supaya mengawinkan dia punya anak perempuan dengan ix, kebitulan, ix itu masih bujang ..... eee....apa itu istilah orang pribumi punya....eeeee...kring kringí”, omongane bruckhen langsung decandak nang Jasmin, ‘ cling cling tuan”, Bruckhen nerusaken ngomong, ‘ iya itu kowe punya ngomong”.
Temenanan, sore kuwe uga, Mr.Bruckhen karo Jasmin nekani umahe pak Setra. Kebener banget, Pak Setra karo mbok Painem lagi pada jagongan nang amben risban ngarep karo nyanding beneman budin. “ hai kula nuwun pak setra”, swarane Jasmin karo ngguyu guyu gemede dumeh teka bareng karo serdadu landa. “ mangga, mlebet mawon”, jawabe pak Setra sopan.
Sawise pada njagong nang kursi sing ngubengi meja bunder, banjur Mr.Bruckhen ngawiti ngomong, ‘ eee.... begini tuan setra, kedatangan ix ke rumah eeeee tuan Setra poenya maksud, eee apa itu istilah orang kowe poenya tradisi,Jasmin nyahut, “anu nglamar”, Bruchen nerusaken omonge, “ oh ya bitul, seperti Jasmin poenya omong, eeee.... sama kowe punya anak, yang kowe kasih nama Winah”. Pak setra meneng, ora langsung jawab omongane Bruckhen. “ masa aku kon nduwe mantu wong landa sing kurang anthok, sing gunane gawe sengsarane wong Indonesia, lha wong winginane bahen tes ngobar desa Pliken, masa”, omonge pak Setra nang njero ati. ‘ eeee...bagaimana tuan setra kowe punya pendapat, atauw begini saja, biar cepet, tuan Setra, eee.... kowe poenya dua pilihan, kowe ngawinaken kowe punya anak perempuan,eeee dengan ix, atau kowe poenya desa ix bakar seperti desa sebelah barat kowe punya desa. Bagaimana tuan Setra ?”, ancamane Bruckhen maring pak Setra. Pak Setra meneng bahen, bingung.” kaya kiyen bahen kang setra, turuti karepe Mr. Bruckhen, nimbang desane de obong, di samping kuwe ya kang setra, manut maring mr. bruckhen kuwe dadekna urip sing kepenak, contone inyong, siki umah inyong wis apik, malah wis nduwe kothak sing bisa nembang”, Jasmin mbujuk maring pak setra nganggo gaya Sengkuni.
Pak Setra diadepaken masalah loro sing pancen bener bener abot, manut Bruckhen berarti melu maring mungsuh, ora manut berarti desa Kutosari deobong , kaya desa Pliken. “ bagaimana tuan setra”, Mr.Bruckhen takon maning. Akhire pak setra nganthukake sirahe, pertanda manut maring Mr. Bruckhen. eee...crima kacih tuan Setra, end kowe tidak perlu bingung, eee semua biaya kowe punya hajat ix yang menanggung, end pelaksanaan eee harus secepatnya, karena ix poenya father in Nederland kemaren tilfun,ix supaya eee cepet cepet poenya bini, end ix punya cicin tujuh gram kowe kasihkan ke winah kowe punya anak”. Kaya kuwe pungkasane omonge Mr.Bruckhen maring Pak Setra. Banjur Mr.Bruckhen karo Jasmin metu sekang umahe pak Setra.
Winah sing ngrungokna kandahane ramane karo Mr.bruckhen sekang senthong, rasane kaya desamber bledeg mangsa sanga. Dunyane katon peteng dedet. Bebasan rambut seler pinara sasra, winah ora nyana ora ngira katresnane maring Siwil arep deganggu. Sapa sing ora bingung. Arep manut maring Bruckhen, ateges nyidrani karo kang siwil, ora manut desane arep degawe Karang Abang nang serdadu Landa. Winah pikirane buntu, bisane mung ngungkeb ngungkeb, nangis lahir, nangis batin nang senthong.
***
Awit tekane Mr.Bruckhen karo sengkunine sing jenenge Jasmin, Siwil ora katon mulih maring ngomahe Pak Setra. Kabeh pada bingung mikiraken apa sebabe Siwil wis telung dina ora mulih, “ lagi ana apa lan nanggone sapa kahe bocah”, batine Pak setra. Sebab Pak setra pancen bener bener ora ngerti yen siwil pada ngadu katresnan karo anake wadon. Semono uga bojone, mbok Painem, ya ora ngerti hubungane antarane Siwil karo Winah. Bener bener katresnan sing deslempedaken nang tengahe atine bocah loro.
Ora baline Siwil maring ngomah dadekaken atine Winah tambah remuk jujuk. “kang Siwil, apa ujare rika aku arep ngladeni maring wong landa apa, ora mungkin kang Siwil, lewih apik nginum banyu peresan peron utawa jenu, nimbang aku kon dadi bojone Bruckhen. Tapi nang ngapa, ana kaya kiye, rika malah lunga mblusneng mbu maring ngendi, ora genah sangkan parane, lha aku dadine mikir dewekan kaya kiye, kang siwil, kang siwil, aku melu maring rika, aku wegah pedotan karo rika, kang siwil.....................”, kaya kuwe kandahane Winah nang sajerone ati, karo ndelengna woh kemundu kang mulahi lagi kuning nang nduwure sirah. Winah metonggo nang panggok ngisor wit kemundu, rasa susah, rasa bingung, rasa kepengin nggoleti kakang siwil lan rasa kepengin nginum banyu peresan jenu, tumplek blek dadi siji nang jerone atine Winah. Saking ora kuate nanggung bebane ati, banyu luhe ndlewer ora uwis uwis.
“Winah...!”, Winah njingkut krungu pengundange Sarti, kanca pereke. “ana apa ti ?”, pitakone Winah karo ngeyip ngeyipaken matane supaya banyu luhe mlebu maring mata maning, dadi ora ketara lagi nangis. “ anu Win, wingi kakang Siwil nitipaken layang nggo kowe dong arep lunga”, omonge Sarti karo tangane ngruwek ngruwek kutang njukut buntelan kertas sing deslempedaken nang tengahe kutang.“ Lha wonge si maring ngendi ?, pitakone Winah. “ Wingi dong titip layang maring aku, terus ngucut lunga maring ngalor, ora ngomong apa apa”, keterangane Sarti. Banjur Sarti ngulungaken layang maring Winah, sawise layang wis detampani, Sarti pamitan, “ya uwis ya Win, aku arep maring warung, tuku gorengan dage karo ondol ondol”, Winah manthuk ora karo ndelengaken lungane Sarti.
Layang debukak nang Winah, tulisane katon mbrilik banget. Ijoane layang :
Kanggo : Ganthelane atiku, Winah.
Salam ;
Satekane layang iki, muga bisa dadi gantine awakku adep adepan karo kowe, lan bisa dadi tambaning kangen aku karo kowe.
Winah, mestine nang sajerone atimu ana pirang pirang pitakon kang ora nana jawabane, “kenangapa awit wingi aku ora mulih maring ngumah?”. Ngertenana Winah, sawise aku krungu kowe dejodokaken karo Mr.Bruckhen, atiku krasa peteng dedet, kayong wis ora nana kiblat sing kanggo panutan sajerone uripku. Rasaku kang kaya iki, ora merga aku nduwe penyana kowe nyidrani maring aku, ora babar pisan Winah. Aku yakin banget, kowe mesthi ngrasakaken apa sing tek rasakaken.
Sawise tek pikir kanthi jero, aku karo kowe kudu pisah, sebab nek ora pisah, warga desa Kutosari sing arep nrima akibate, desa Kutosari degawe karang abang. Sejatine, aku kon mithes sing jenenge Mr.Bruckhen, banget entenge, lawas mijet wohing ranti.Tapi apa artine, angger warga desa Kutosari sing dadi korban. Apa artine katresnan iki, engger kudu dadekaken penderitaane wong akeh.
Winah..............winah kang tek tresnani, aku njaluk banget kanthi ikhlasing ati, kowe nurut karo penjaluke Mr.Bruckhen, gelem dadi bojone. Anggepen kedadiyen iki, minangka pangurbananing katresnan aku karo kowe. Jarene wong pinter, “katresnan butuhaken pangorbanan”.
Winah kang tek tresnani........
Sateruse pandongamu tansah tek arep arep rina lan wengi, muga aku...aku kuat ngadepi masalah iki. aku arep lunga Winah, aku arep aninggalaken desa Kutosari, panggonan aku karo kowe nyulam katresnan. Win.... nek aku ora metu saka desa kene, atiku mesthi bahe arep karajang-rajang nalika mripatku weruh kowe njagong bareng, mlaku bareng, dulang dulangan bareng karo bojomu. aku mesti ora kuat Win, atiku mesti lara banget win, jantungku bisa mandeg olehe mompa getih nyemprotaken maring awak sekojur.
Winah, lungaku ora nggawa sangu duit, ora nggawa sangu salin, aku lunga separan paran, ngetutaken srebeding angin, ngetutaken kareping sikil, mbuh arep maring ngendi.
Winah, aku saiki wis ora bisa ngarep arep bisa weruh untumu kang mijing timun, alismu kang njlarit nanggal sepisan, kedepmu kang kaya damar kanginen, lambemu kang kaya nggula satemplik, pipimu kang nduren sejuring, beyekanmu kang nawon kemit lan kabeh kaendahan kang ana awakmu awit sapucuking rambuttekan pucuke jempol. Winah, kabeh mau wis ora dadi pengarep arepe atiku. Winah, kang dadi pengarep arepku mung kari pandongamu aku kuat ngadepi masalah iki lan ora nana alangan nang dalan.
Winah, muga kowe entuk kabejan olehe umah umah, senajan asale kepaksa, tapi kowe kudu latihan bisa nampa Bruckhen, senajan dekawiti kanti ora ana katresnan.
Winah apuranen aku.
Salam;
gambar godong waru depanah tengahe.
JAKA LELANA [SIWIL]
Surat kalempit maning dening Winah. Banyu luweh winah wis ora kena den bendung maning. Winah nangis nggembor nang ngisor wit kemundu. Dadi delengan wong akeh.
***
Ora clingak ora clinguk, wengi kuwe Siwil mlaku ngidul, arep maring setasiun Sokaraja. Wayangane Winah tansah ngetut bureni terus, angel banget desingkirna sekang slempedan ati. Lewih lewih dong leren nang ngisor kayu udan, wayangane Winah katon melu bareng mangan godogan boled angkrik sing diwehi nang kaki Dipa, sing nunggoni gudang mbako babah Wilin ,sing nang lor kali Jinten. Bisane desangoni , winginane dong lagi degoleti nang keluargane pak Setra , Siwil umpetan nang nggon gubuge kaki Dipa. ari awan, ngrewangi matun mbakoan, ari mbengi ngobor welut, pekolihe dedol esuk esuk , detitipna maring kaki dipa dong adol mbako irisan nang pasar Kembaran.
Malah bisane Siwil lunga, uga anu detuduhna nang kaki Dipa winginane dong lagi jagongan wengi wengi nang gubug.” Gye wil.... angger inyong ngrungokana critane kowe kaya kuwe, mungguhe inyong apike kowe lunga bahe, nimbang kowe atine kelara lara terus. inyong cocog banget karo pikirane kowe Wil, inyong cocog banget karo pengorbanane kowe wil, nrima ora kumpul karo Winah, kanggo jaga tentreme wong sedesa. Kowe mungguhe inyong kelebu Pahlawan Tanpa Tnda Jasa”, gelem ngorbanaken katresnane kanggo kepentingan wong liya. Angger kowe wis mantep arep ninggalaken desa Kutosari, apike kowe maring daerah Sumantra, tepate maring daerah Blitang. arah arahe kaya kiye, kowe nunggang sepur kluthuk sekang setapsiun Sokaraja temuju maring setapsiun Gambir, Batavia. Sekang Batavia kowe mlaku maring pelabuhan Banten, biasane sih sok ana oplet maring nganah, mbok aranana ya mlaku bahe. terus nunggang prahu. bar mudun sekang prahu, sekang bakahuni kowe nunggang sepur kluthuk sing nggo gawa batu bara sekang Muara Enim. Nah kowe melu ndompleng bahen, mengko ari wis tekan nang daerah Palembang, kowe mudun. Mlaku ngetan maring desa Talang Pangeran, terus mlakumaring daerah Blitang, nggolet desa talang rejo nang BK sanga, wis nang kono akeh banget wong kutosari.”,Siwil ngrungokaken wejangane kaki Dipa karo kletak kletik mangan bakaran botor. “ Tapi ki, inyong kan de amanati karo kaki Paidi kon ngurip urip Angguk Kutosari, kepriben ?”, pitakone Siwil. Kaki Dipa aweh keterangan; Lah wong nang kana tuli mengko kowe bisa nerusaken, ngedegaken Angguk, jenengi bahen Angguk Kutosari, aliase mbok kowe ya nglakoni piwelinge kaki Paidi, Eh ... sapa ngerti malah dadi lewih kuncara lan kawentar sapa ngerti”.
Ana limalas menit, Siwil njagong nang ngisor kayu udan karo ngeling eling dong lagi kandahan karo kaki Dipa winginane.
Sawise cukup, Siwil menyat, nyangklong kantong gandum sing isine boled angkrik karo duwit telung ringgit hasil olehe ngobor welut. Miturut etungane Siwil duit telung ringgit kayane ya tekan maring Blitang daerah Palembang.
Ketiban bener, Siwil tekan setasiun sokaraja, ana sepur kluthuk teka sekang Wonosobo. Ora let suwe, Siwil mlebu maring gerbong nomer pitu. Banjur sepur mlaku. Mlakune alon banget, sebab sepur anu wis tuwa banget, degawe dong jamane James Watt nembe nemokaken mesin uap. Lewih lewih sing nggo manasi ketel uape ora nganggo batu bara, tapi nganggo suluh kayu, dadi kaya wong lagi nggodog wedang nang pawon. Mbarengi sepur mlaku, Siwil ngomong “ Winah........ kowe tek tinggal, muga tansah pinayungan kawelasan lan anugrah saking Gusti Pangerane alam kabeh”, nanging ngomong nang njero ati.
***
Sebenere nang wektu paceklik sing mangklik mangklik, ora umum nang Kutosari nganakaken mbarang gawe, tapine nang wektu peceklik kiye Pak Setra mbarang gawe ngawinaken anake wadon si Winah karo Mr.Bruckhen, senajan nang atine jane anu ora cocog, tapi ya kepriwen maning , nimbang desa Kutosari degawe Karang Abang, kadaran biayane detanggung ikih karo Bruckhen.
Critane mbarang gawene Pak Setra sing nang wektu peceklik kaya kiye, degawe gedehan. Malah kayane nembe tahu ana mbarang gawe gede gedean nang Kutosari awit gemiyen. Biayane bahen nang Bruckhen deanggar 10.000 pounsterling. Damare bahen ora nganggo stronking kaya biasane, tapi nganggo lampu balon sing desambung kabel maring diesel. Pethetane uga ora kaya biasane, nganggo wit welut welutan sing mbedul nang pinggir sumur, tapine nganggo kertas sing warna warni. Kang tengah ngisor wuwungan tratag desogi kertas warna warni sing detarik maring pinggiran pojokan papat tratag, tengah tengahe desogi plembungan sing gedene seklapa klapa, banjur desogi pirces sing urube pating kerlip pirang pirang warna. Para penggede pemerintah landa akeh sing deundang, semono uga bisnismen bisnismen landa, kaya Mr. Vergonben, Mr.Golbengoden lan liya liyane. Malah ana hiburane birang, wayangan nganggo dalang Cunggret, dalang sing paling kawentar wektu semana.
Maune Mr.Bruckhen arep ngundang “BATAVIA BAND”, yakuwe kumpulane bocah bocah Landa, anak anake Pejabat pemerintah Landa. Band aliran Rock n Roll sing lagi dedemeni bocah bocah nom seindenging nuswantara. Tapine Pak Setra ora nyetujoni, mbok nganti entreg entrgane nulari bocah nom Kutosari, sebab pak Setra ngerti banget, yen bocah bocah Kutosari kelebu bocah kagetan, apa apa sing deweruhi langsung pada detiru, ora mikir pethuk karo budaya timur apa ora. “Kalau bigitu, ix punya pendapat ikut eee pendapat tuan Setra poenya”, ature Bruckhen maring calon mertuane. Bruckhen kewatir angger ora manut karo keputusane Pak setra. Ora sida kawinan karo Winah.
Keputusane pak Setra nanggap wayang, merga wis kepikir nang atine, selot suwe bocah Kutosari katone kurang pada demen karo kebudayane dewek, Budaya Wayang sing mengku piwulang budi pekerti kang luhur lan sejatine wong urip.
Ujare pak Setra, wayang kuwe nyritakaken sejatine wong urip. Pak Setra tau ngaji maring wong pinter nyritakaken babaging wayang sing detembangaken nganggo bahasa arab sing cara jawane,” ingsun nekadaken wewayangan kuwe gede gedene kanggo ngalap tulada, tumrape wong kang kepengin munggah ing dalem ngelmu hakikat.Ana jenggerenge barang ora duwe nyawa bisa mlaku mlaku, nalikane wektu esuk, kabeh pada mati, sing urip mung kari wong sing ngobah ngobahaken (red:dalang) “.
Mulane sing nglakokaen wayang ndarani “dalang”, sejatine saka tembung ‘arab “ dalla yadullu daallan”, artine nuduhaken. Dadi dallan (jawa: dalang), artine Tukang Nuduhaken. Utawa miturut tukang Otak Atik Gatuk , Dalang kuwe sekang tembung nguDal piwuLang. Dadi dalang kuwe artine wong kang ngudal udal (menjabarkan) piwulang.
Wong ndalang ora kena sekepenake dewek olehe nglakoken wayang, carane molahi, carane pisowanan, carane nyandrakaken, wayang sing ndekukul ora pada omonge karo wayang sing ndengar lan liya liyane, ana aturane. Mulane tau ana dalang jawa kanggo nang Sumatra, dong nglakokaken Werkudara kelalen mabur, padahal ora nana jarate Werkudara mabur, mulane banjur deguyu dening penonton sing sekang jawa, mbarang kaki dalang ngerti deguyu sinis nang penonton sekang jawa, banjur kaki dalang suluk, “hemmmmm....wong jawa sing ngerti pada menengooooooooooo, kadaran liyane ora pada ngerti ikiiiiiiiiiiiiiiih”, thok thok thok, kotak ditotok.
Dalang ngendi bahe, angger arep nglakoken wayang mesti dimolai nganggo Jejer Gunung. Nang sejerone gunung ana gambare wit witan utawa kekayon, mulane ana sawenehe daerah sing njenengi Kekayon di samping jeneng Hardi. Ujare wong pinter , Kayon kuwe mau njukut sekang tembung arab “hayyun” sing artine urip. Dadi sedurunge para wayang pada urip, kudu ana sing urip lewih dingin, ya kuwe kaki Dalang. Kuwe gambarane jalma manungsa, sadurunge para manungsa urip, kudu ana sing urip lewih dingin kang kagungan sifat “ hayyun”, yaiku Gusti Dzat Kang Maha Dumadi. Malah ari decermati, nang sejerone gunung, di samping gambar kekayon ana gambar kewan kewan sing medeni, kaya singa, macan, gajah lan liya liyane. Kuwe nggambaraken, yen sanduwure bantolo (bumi), sedurunge kepanggonan manungsa, wis ana sing ngenggoni, arane abul jann sing senenge pada gawe kerusakan, mangan kancane dewek, sing nang jaman mbesuk dearani Zaman Dinosourus 600 juta tahun kepengker.
Malah angger kaki dalang mulahi nglakokaken Gunung, pucuke Gunung decekel karo jempol lan penuduh, nang kono kaki dalang umad umed maca donga “Duh Gusti ingkang maha dumadi, kula bade nglakoken wayang, mugi ingkang mirsani sami betah, mboten ngantuk lan mboten sami bibar ngantos dumugi enjang tutup kelir”, nggo gantine ucapan amin, nggejug bumi utawa amben sing nggo jagong kaping telu. Kuwe aweh piwulang, jalma manungsa ari ndonga kudu nyewiji maring Dzat kang Hayyun ‘Aliyyun, Dzat kang urip tur dzat kang luhur. Mulane sing decekel pucuke gunung, dudu garane gunung, malah ana sewenehe dalang, bar maca donga banjur pucuke gunung degeget, maksude nek ndonga sing mantep, aja mangmang. Kaya kuwe maksude, mulane olehe nyekel karo jempol lan penuduh, ora nganggo penunggul, jentik manis, apa maning entik entik (jentik sing cilik dewek).
Kelir gambarane langit, gedebog gambaran bantolo lan lampu lentera gambarane srengenge sing madangi jagade wayang.
Kawitane jejer isine para wayang pada rembugan, biasane sing de rembug soal tahta,harta lan wanita. Nang sejerone rembugan terkadang ana kasulayan sing ndadekaken peperangan, nanging ora nganti pada paten pinaten. Jenengane Perang Kembang. Nah angger wis kira kira lingsir mbengi, kaki dalang banjur suluk “ bumi gonjang ganjing langit kelap...dst”, banjur kaki dalang nyandrakaken gonjang ganjinge jagat wayang, nganti decritakaken akeh pageblug, bumi sedina lindu kaping pitu. Banjur kaki dalang ngetokaken punakawan papat. yaiku, Bodronoyo, utawa Semar, saka tembung “ Sammir ‘ala tho’ah”, artine sregepa olehe taat maring dzat kang sewiji. Banjur metu Petruk , saka tembung “ Fatruk ‘anil ma’ashi”, artine ninggalo sira saking mangsiat. Banjur metu Nala Gareng, saka tembung “ Nala Khoeron”, sing artine merkoleh kebagusan. Banjur metu Bawor miturut dalang Banyumas utawa Bagong miturut dalang daerah Ngayogyokarto Hadiningrat. Bagong kuwe saka tembung “Bagho”, sing artine mbrengkunung, nanging mbrengkunung bener, cara wong daerah Banyumas “ cablaka”, apa anane ora neka neka, mulane Bawor sok kanggo simbul keblag- blagane wong Banyumas. Lan Bawor tansah ngewula maring wayang sing apik lan jujur, ora mandang sugih apa mlarat. Dadi beda karo Togog lan Sarawita, pada pada balg-blagan, tapi ngewulanine milih maring ratu sing sugih sugih senajan salah lan ora jujur, kaya dene ngewulani maring Rahwana utawa Dasamuka ratu Ngalengka direja, lan Kurupati utawa Duryudana Ratu Hastinapura. Mulane cakblakane Togog sok keganggu karo muncise, mulane pada pada lambene amba beda karo Bawor. Ari Togog lambene amba nanging ndungis maring nduwur, simbul kemuncisan lan penjilat. Nek Bawor lambene amba nanging rata maring ngiwa nengen, simbul kecakblakaan sing lurus ora neka neka.
Sejatine miturut buku pakem wayang Ramayana Mahabarata, Punakawan namung telu, Semar, Gareng lan Petruk. Mulane Bagong utawa Bawor anane nang buku pakem wayang jawa.
Biasane sajerone gara gara, deisi hiburan, awit wangsalan sing lucu lucu nganti tekan lelagon sing isine piwulang, misale gudril Banyumasan lan liya liyane.
Sawuse gara gara, banjur deterusaken percaturan urip jagad wayang. nangkono kasulayan dadi peperangan sing nganti ndadekaken paten pinaten. Jenengane Perang Tanding.
Bar Perang Tanding, esuk esuk bedul gunung, lampu lentera desirep, kelir dekukud, gedebog dibedul, kabeh wayang mlebu kotak kabeh. sing urip kari siji, kaki dalang. Banjur tundunan gedang karo pari rong gedeng sing depasang nang duwur kiwa tengene kelir, dadi duweke kaki dalang, siji bahen ora nana wayang sing melu nduweni gedange utawa parine, melu mangan ya ora, dadi murni nduweke kaki dalang.
Kabeh kuwe mahu nggambaraken percaturan uriping manungsa. Nang jaman kawitane, manungsa senajan sok ana sulaya rembug, biasane gampang disapih umpama pada gelutan ya lumrah, paling paling pada jejekan, dupakan, tempilingan utawa bithen, ora nganti pada tegel mateni. Nanging mengko nek wis tekan lingsire percaturan uripe manungsa sing degambaraken lingsire wengi dening kaki dalang, nang kono ana kedadiyan sing ora lumrah, nulayani karo kebiasaane manungsa jaman dingin. Malah kahanane ngalam bahe sulaya, kaya sing dengendikaken wong wong winasis, Pujangga Jawa kaya dene Djayabaya apa dene Ronggo Warsito. Jarene mbesuk nang rejanining jaman, akeh kali ilang kedunge, pasar ilang yonine, swara ilang lawongane, wong wadon ilang wirange, wong lanang memper wong wadon, wong wadon memper wong lanang, wong jujur ora pinercaya malah sing pinercaya wongkang cidra , lan akeh kreta jarane doyan sambel. Kuwe ujare para winasis.
Mulane mbesuk nang mangsa lingsire percaturan uriping manungsa,jaman gara gara, kali sing maune kedunge jero dadi cetek aliase ilang kedunge, pasar katon rame, nanging dudu wong arep pada dol tinuku, balik wong pada ayang oyong mlaku ngalor ngidul ora nana tujuane, awake dewek saiki nek ngomong seru keprungu ana sing nyahuri, jenenge lawongan, mbesuk nang jaman gara gara, mbok nggembor kaya ngapa serune , ora keprungu ana sing nyahuri, ilang lawongane, saiki bocah wadon tesih pada nduwe wirang lan isin, bebasan arep nusoni anake dewek be gunung windoro sumbinge dekimput kimput, ketemu karo bocah lanang pada mingkur mingkur, oh mbesuk nang jaman lingsire percaturan uriping manungsa, jaman gara gara, wong wadon wis ora duwe wirang ora duwe isin, ora arep nusoni ora ngapa, wani ngedengaken gunung windoro sumbinge dada, ora perduli de deleng nang wong sengalam dunya, ketemu karo wong lanang dudu sanak dudu kadang jragas jreges ora nduwe rikuh mekewuh detawani mbonceng ya langsung nyemplak ora mikir wong lanang bener apa ora, malah olehe nyekeli beyekan katon kenceng tur maju pisan nganti gunung windoro sumbinge nyenggol gigire sing mboncengaken, mulane angger mbeneri sing mboncengaken bocah lanang sing mbajug, nguja dejeglug jeglukaken kaya kaya ana jlewagan, maksude ben awake luwih meped, saiki tesih gampang mbedakaken antarane wong wadon karo wong lanang, mbesuk nang jaman gara gara, bakal angel mbedakaken antarane lanang wadon, sebab akeh bocah lanang rambute dawa kaya wong wadon , nganggo giwang nganggo kalung, wong wadon pada cendek rambute, pada nganggo anggo klambine wong lanang, nganggo klambi kemeja kuthungan, terus nganggo kathok jin sing ngapret nganti katon lekak lekuking awak, nganti igir igirane gunung slamete be katon pendukulane, nek kathok jin mandan lumangyan merga bahane kandel, nah kadang nganggo katok setan bahane lewih tipis tur ngapret pisan, nang jaman sing kaya kuwe, nganti tau ana sing kesasar, ndarani kancane dewek, wong nganggo kathok setan krodong sarung, ora takon ora mbireng, langsung derangkul, mbarang nylingak karo nyewara jebule bocah wadon, oh,,, wolak waliking jagat, pancen seser dewolak walik dekok. Siki wong jujur tesih dipercaya wong akeh, sebab tesih akeh wong pada cekelan piwulang bebener lan budi pekerti kang luhur, mbesuk nang jaman gara gara langka wong cekelan piwulang bebener lan budi pekerti kang luhur,jaman wong pada rebutan tahta harta lan wanita, nganggo dalan apa bahe dilakoni senajan nyimpang saking bebener lan pakerti luhur, nang kono akeh banget tukang cidra dipercaya, mergane sadurunge olih kedudukan olehe ngomong lemes bules lan janji kang legi legi, sing jarene arep mikiraken uripe wong cilik, arep ngangkat derajate gembel gembel sing nang pinggir gili, malah kadang kanggo narik kepercayan pada maca dawuhe Gusti sing kamot nang buku suci, ananging menawa wis tekan maring tujuane, bisa njagong nang kursi kang empuk sesandingan karo wanita kang endahing rupa, nang kono pada nulayani janjine, malah kadang nyengsarakaken wong cilik lan gembel kanthi nyolong kesugihane negara kang arep degunakaken kanggo ngangkat derajate wong cilik, ananging lucune, mbesuke maning wong cilik tesih pada ngandel maning merga deparingi sega seprencok, malah ora percaya maring omonge kang tumindak jujur mergane olehe ngomong ora nyambi aweh sega seprencok. Mulane nang jaman kuwe, wong sing jujur apese ora pinercaya, cilakane malah mati enom. Saiki tesih ana grobag nggo pranti nggawani panenan pari sekang sawah, sing nggered empane suket, tesih ana dokar nggo pranti tunggangan lunga maring pasar, sing nggered mangane suket, ananging mbesuk nang jaman gara gara grobag dokar arep ilang, deganti tunggangan sing gered mangane sambel, kuwe sing deisyarahaken karong wong winasis ana kreta jarane doyan sambel.
Tumrap wong sing menangi jaman gara gara kesebut, ben bisa slamet, kudu ngenggon ngenggoni puna kawan papat, Semar, Nala gareng, Petruk, Bagong [ Samir ‘ala tho’ah, Nala Khoeron, Fatruk ‘anil ma’ashi, Fa Bagho, “ cacuto taliwondo olehe to’at maring dzat kang sewiji, supaya bisa olih kebagusan, banjur tinggalna kema’siyatan, lan lakonana sifat kejujuran lan blag-blagan], nanging aja kaya Togog lan Sarawita sing kejujurane sok depoles karo omong muncise sing tujuane nggo ndilat dunyane ratu utawa wong sugih.
Nah sajerone ngalam gara gara, kudu tansah kelingan omonge para leluhur, “pada teguh cekelan waton, paribasan ana gajah polah sedina kaping pitu”, sing maksude pada teguh olehe cekelan piwulang kang bener, kebudayan kang apik, senajan saben ndinane ana perubahan piwulangan kaping pitu, sing ketone bener, nanging sejatine anu metu sekang karepe hawa nafsu kang bakal njlomprongaken maring inaning urip.
Nanging senajan kaya kuwe, olehe mikir ora perlu degawe ndakik ndakik, sing alon alon bahen, deselingi karo guyonan, gojegan lan lelagon, ben otote ora ngencengi [spanneng], kaya sing degambaraken dening punakawan papat.
Anggere wis rampung mangsa gara gara, nang kono kedadiyane Perang Tanding. Jalma manungsa wis ora nduwe sifat kamanungsan, tegel, mung pada mikiraken wudele dewek dewek. Sing penting dewek wareg, senajan kudu nyengsarakaken wong liya, nek perlu kudu mateni wong liya , ya bakal delakoni. Mulane nang jaman kuwe, namung jalaran perkara sing cilik, mung rebutan emas paling paling limangatus miligram, tegel mateni kancane, malah kadang wong lanang tegel mateni bojone, bojo tegel mateni lakine, anak tegel mateni wong tuane, wong tua tegel mateni anake. Nang jaman sing kaya kuwe wong mateni wong pada karo mithes bancet, kayong wis ora nana pernatan sing bisa jejegaken lakone manungsa, pernatan urip kayong namung dadi lelagon kang ditembangaken nang pinggir pinggir gili, kosong ora nana artine. Angger kahanane manungsa wis kaya kuwe, wis pada lali karo piwulang bener , ora ngabekti maring kang maha suci, anane pada rebutan dunya brana , kedudukan lan wanita, banjur gunung debedul, srengege desirep, langit seisine degulung, bumi seisine degonjang ganjingaken, dewutahaken kabeh isen isene, manungsa dekukud delebokna maring kotake dewek dewek, banjur ana pangundang, limanil mulkul yaum, dina siki keraton bumi langit kagungane sapa ?. Banjur ana jawaban,” Lillahil wahidil qohhar, keraton bumi langit seisine kagungane alloh, Dzat sewiji, Dzat kang Perkasa”.
Mengkono gambaran percaturaning uriping manungsa kang degambaraken kelawan percaturaning penguripan alam wayang.
Dene lakon kang dewedaraken karo kaki Dalang, uga mengku piwulang sing bagus banget tumrape wong kang ngudi piwulang bener lan pakerti luhur. Contone lakon Bima Ngaji. Nang erah erahane lakon bahe wis mengku pengertian sing banget jerone, mulane mbok ngliwati jaman apa bahen, ora nana Dalang sing wani ngowahi erah erahane lakon Bima Ngaji deganti umpamane Bima Kursus, Bima Sekolah apa dene Bima Kuliyah.
Angger dedeleng sepleredan, tembung ngaji, kursus,Sekolah lan kuliyah kayonge mengku pengertian sing pada, yoiku golet ngelmu utawa kepinteran. Ananging sejatine tembung ngaji nduwe arti khusus kang ora pada karo tembung kursus,sekolah apadene kuliyah. Ngaji kuwe sekang tembung kaji kang nduweni arti penalaran utawa pengangen angen utawa tadabbur. Beda karo tembung sekolah kang artine nekani maring panggonane nggolet kepinteran, senajan nang kana mbuh arep dolanan thok utawa ora, semana uga tembung kursus apa dene kuliyah sing penting teka maring panggonane, senajan nang panggonan mahu ora bener bener olehe ngupadi ngelmu utawa kurang pengangen angene nang babaging ngelmu.
Nang sajerone ngaji, detuntut kepercayaan lan i’tikad kang bener maring sing mulang, senajan sing mulang anu ora bener. Contone degambaraken nang perwayangan lakon Bima Ngaji. Bima utawa Werkudara ngaji maring Pendeta Durna, sing dekenal ndarani Pendeta Genthong Umes, kang maksude pendeta kang gampang miring kiblate ari dewehi panganan. Sejatine Pendeta Durna kuwe, pendeta kang nduwe linuwih nang babaging ngelmu. Jeneng asline kuwe Kumbayana manggon nang Kahyangan. Tapine dong temurun maring ngarca pada kepanjingan Danyang Durna, bangsa lelembut kang nduwe perilaku kang ala. Mulane dong lagi nembe temurun nang ngarcapada deweke kebingungen arep nyabrang kali kang banget ambane. Banjur ana jaran teka kang sejatine putri kahyangan kang banget olehe gandrung maring Kumbayana, lan sanggup detunggangi kanggo nyebrangaken. Nalika Kumbayana nunggang jaran mau, Danyang Durna mlebu nang sajerone jiwane Kumbayana. Akhire olehe nunggang mundur mundur nganti tekan nggon buntute jaran. Nang kono banjur ana kedadiyan rasa sing angel banget decritakaken nganggo omong apa dene tulisan. wusanane banjur jaran mau meteng, anake dejenengi Aswatama, mulane sikile Aswatama ujare ana tracake kaya tracak jaran, sebab Aswatama kuwe anake Pendeta Durna nganggo Ha Pe utawa Hubungan Peselingkuhan-e karo jaran sing detumpaki.Awit kuwe, Kumbayana sering miring kiblate angger lagi kelebon Danyang durna.
Nalikane Bima ngaji nggolet banyu perwita urip, Pendeta Durna duwe keniatan kepengin mateni Bima. Mulane banjur dikongkon supaya lumebu maring wewengkon sing mbahayani, kaya dene alas gung liwang liwung apadene segara kidul kang banget bahayanine. Ananging Bima nduwe tekad kang bener, apa sing dengendikaken karo gurune bener. Titik. Sekang tekade sing bener, nalika mlebu maring alas gungliwang liwung nang kono malah oleh kasekten sing ngedab edabi, nganti jenenge delih dadi Bratasena. nalika nang segara kidul malah ketemu karo sang Hyangbaruna apa dene Dewa ruci. Malah nang ngarepe Dewa Ruci dedeg piadege Bima dadi cilik pisan, lan nangkono Bima deanggep wis olih banyu perwita urip, yoiku Sejatine Urip. Kedadiyan awake bima sing gede duwur dadi cilik kuwe mau rahasiane pangendika “ man ‘arofa nafsahu faqod ‘arofa robbahu”, sing sapa wonge ngerti maring (cilike, apese) awake dewek, maka dewekne iku wis ngerti/ma’rifat maring (keagungane, kekuasaane) pangerane. Ikilah sing sok dearani ma’rifat. Mulane wong sing wis ma’rifat maring pangeran, dadi wong sing sekti mandraguna, manungsa sapa bahe ora ana sing dewedeni, kaya Bratasena kang wis nduwe banyu perwita urip. Dadi sekang lakon Bima Ngaji bisa depahami, lamon guru kuwe mau ora bisa nasaraken maring muride, angger muride nduweni i’tikad sing bener lan apik maring gurune, senajan gurune nduwe keniatan ala maring muride.
Senajan Pendeta Durna kewentar Pendeta sing ala, nanging Bima tetep ngajeni lan ngormati saha ta’dzim maring deweke. Nganti adine dewek Nakula lan Sadewa deuleng nang Werkudara mergane ngoni ngoni lan ngala ngala maring Pendeta Durna. Semana rasa takdzime wongkang lagi ngaji maring gurune. Dadi ora nana critane wong ngaji demonstrasi maring gurune, nek nganti kedadiyan sing kaya kuwe, mangka ora bisa dearani wong kang lagi ngaji. Dadi beda banget karo sekolah apa dene kuliyah, sing mungkin bahe pada demonstrasi maring gurune utawa dosene,tapi tetep tesih dearani bocah lagi sekolah utawa kuliyah. Mulane ora nana dalang sing wani ngrobah lakon Bima Ngaji dadi Bima Kursus,Bima Sekolah apadene Bima Kuliyah.
Saking gedene piwulang kang depetik sekang perwayangan, bocah bocah Kutosari dolanane serba wayang. Contone Umbul, yakuwe wayang deburaken , mengko dedeleng tibane , angger sing melumah , katon gambare deanggep sing menang, angger sing kemureb deanggep kalah. Pitikan ya kuwe nyocogaken gambar wayang kanti njukut wayang sing detumpuk kemureb. Wartet, ya kuwe nyocogaken gambare wayang kanti ngubengaken wayang siji secara urut, nek kebener pada dianggep menang. Ada, yoiku nocogaken gambare wayang , karo wayang sing debukaki dening salah sijine pemaine. Lan ana sing darani kocam, ya iku nggolet angka sing paling gede, mulane angger olih angka sanga mesti menange, sebab angka sanga kuwe angka sing paling gede.
Saking senenge dolanan wayang nganti pada apal nomere, misale nek wayang gede, 1. Pandu,2. Drupadi.3. Kresna.4. Jembowati.5. Gatutkaca.6 .Pergiwo. 7.Arjuna.8.Sembodro .9.Ongkowijoyo 10. Utari 11 Wilutomo 12 Arimbi 13.Werkudoro, nganti 49 Jetayu lan 50 Kidang
Lan biasane saben bocah nduwe kesenengan wayang dewek dewek, misale ana sing senenge Werkudara, mulane angger umbul wayang sing desenengi tansah desebut sebut lan deagungaken.
Ikilah kabeh sing dadi merekaken Pak setra njaluk nanggap wayang lan nolak karepe calon mantune Mr.Bruckhen, ngundang BATAVIA BAND.
***
Jam setengah telu sore, Ijab kobul kawinane Winah lan Mr.Bruckhen kanti desekseni kyai pengulu wis rampung. Kaya adat biasane warga Kutosari, bar Ijab kobul deanakna acara Nandur Penganten. Dene kang mimpin lan ngatur nini Dukun Penganten.
Winah lan Bruckhen deenggoni pakaian adat jawa, pethuk karo kekarepane pak setra kang tansah ngugemi kebudayaane dewek, budaya jawa, lan ora gelem nganggo kebadayaane Bruckhen, budaya kulon.
Winah nganggo nyamping jarit batik lan kebaya ijo mupus gedang, rambut degelung bunder kanthi desogi tusuk onde lan pendul kang pating kerlip nang duwur sirahe. Rambut sisih ngarep dikerik setitik, banjur nggon batuke dekuning kuningi karo atal. Katon banget endahing rupane Winah, wis dasar bocah ayu, detambah polesan ageman adat jawa. Jan.
Dene Bruckhen, uga denyampingi karo jarit batikan kuning campur ireng, nganggo jas ireng adat jawa, sak Jase dedelehi jam rante gede sing sok dearani mainan, banjur sirahe deenggoni blangkon weton yogya. Banjur keris sawrangkahe deselapaken nanggon gigire. Dasar wonge kuning, irunge mbangir, gede duwur, katon banget ngganthenge, katon banget gagahe. katon banget wibawane. Sejatine pancen ageman jawa nek deenggo nambah kewibawaane wong kang nganggo, beda banget karo anggon anggon liyane.
Kanthi debarengi Gending Kebo Giro, acara nandur penganten demulai. Nini Dukun Penganten nyebut asmane Pangeran katerusaken niat nandur penganten lan maca pirang pirang donga nganggo bahasa jawa, Winah lan Bruckhen dikon mlaku temuju maring nggon pethukan. Nang kono, nini Dukun maca donga banjur medot lawe wenang, banjur Bruckhen lan Winah supaya ngidek ndog kang ana ciri, kanthi deterusaken Winah supaya ngumbah sikile Bruckhen nganggo banyu cinampur kembang. Sateruse Winah lan Bruckhen dekon mlaku temuju maring Kursi Dampar Kencana, tangane Bruckhen supaya cekelan bengking (ikat pinggang)e Pak setra, lan Winah supaya nyekeli bengkinge mbok Painem. Wong loro pada mlaku bareng nang mburine rama biyunge kanthi desawuri karo beras kuning dening wong wong kang pada ngormati nang kiwe tengene. Sawuse tekan kursi dampar kencana banjur pada sungkeman, Bruckhen karo Winah pada salaman karo pak Setra apa dene mbok Painem. Bar sungkeman, Bruckhen lan Winah dilenggahaken jejer nang kursi kanthi deubengi dening pirang pirang putri domas kang pada ngipasi, nang kono ana acara dulang dulangan lan liyane.
Sejatine nalika Bruckhen nyengkelangaken keris sewrangkahe kuwe lagi depituturi lan dekandani, “ Hai Bruckhen.... lan Winah, kowe wong sakeloron kudu ngati ngati olehe njaga anggotane badan kang kaya keris lan wrangkahe, Bruckhen kowe ora kena nglebokaken kerismu maring sembarang wrangkah, lon kowe Winah, ora kena wrangkahmu dileboni kerise wong liya”.
Dadi keris kuwe gambarane nduweke wong lanang, lan wrangkah (wadah keris) kuwe gambarane nduweke wong wadon. Mulane degambaraken nganggo keris sewrangkahe, mergane anggota badan vitale wong lanang wadon nduwe keampuhan kang luar biasa, bisa njunjung derajate manungsa lan uga bisa ngancuraken martabate manungsa. Mulane sering bocah wadon nom noman nanggung wirang lan isin merga kurang bisa ngrumat anggota badan vital mau, kaya dene wongkang ora bisa ngrumat keris.
Nalikane medot lawe wenang, sejatine lagi dikandani, “ hai Bruckhen lan Winah, sawuse ijab kobul kowe wong sekeloron wis wenang nglakoni apa bahen sing maune sadurunge ijab kobel ora de wenangaken. Saiki kowe sekeloron wis kena lunga lunga bareng, mangan bareng, malah turu bareng ya wis wenang”.
Dadi benang sing dejiretaken maring saka loro kuwe mau minangka pembatas waktu antarane sadurunge lan sawuse Ijab kobul. Mulane ora nana acara medot lawe wenang sedurunge ijab kobul, mesthi sawise.
Nalika ngidek ndog nang ciri, sejatine bocah loro lagi dekandani,” Hai Bruckhen lan Winah, kowe mengko bakal nyampur ndogmu sakeloron kang bakal dadi ponang jabang bayi kang bakal nerusaken keturunanmu. Lan kowe Bruckhen karo winah, nek ana permasalahan kang sulit kudu depikiraken bareng bareng, kudu dipecahaken bareng bareng kaya dina saiki kowe mecahendog bareng bareng”.
Nalika Winah ngumbah sikile Bruckhen, sejatine lagi depituturi, “ Hai Winah, kowe nang posisi apa bahen kudu tansah taat lan mituhu maring guru lakimu, Bruckhen, pada uga kowe lagi nduwe utawa ora nduwe, kowe aja tiru tiru karo wong wadon sing pada urip nang jaman gara gara, dumeh ngode maring manca negara, duwite pirang pirang, banjur malang kerik maring sing lanang, ora bekti maring sing lanang, ngilang ngilangaken maring perwewehe sing lanang, malah nantang pegatan maring sing lanang. Temenan Win, wong wong wadon sing kaya kuwe aja detiru, kowe kudu rasa rumangsa dadi wewengkone wong lanang”.
Dadi sejatine, ngumbah sikile penganten lanang kuwe mengku piwulang sing jerone ora lumrah. Yoiku sifat rendah hati utawa tawadu’. Sebab sering sering wong wadon utawa bojo sok kaget angger nduwe duwit, sehingga sok wani nantang pegatan karo wong lanang, rumangsa nduwe duwit bisa olih wong lanang sing model apa bahen. Ora kelingan nek wong wadon kuwe diibarataken kaya dene bal. Nalika umur 17-san, wong wadon kaya bal tendang (bola kaki), siji nggo rebutan wong rolikur. Nalika umur, 25-an kaya bal volly, siji nggo rebutan wong rolas. Nalika umur 35-an kaya bal tenis, siji nggo rebutan wong papat. Nah nalika umur 45-an munggah kaya bal pingpong, siji nggo rebutan wong loro, kuwe bahen ora nggo dedimek, mung nggo tabokan ngalor ngidul ngalor ngidul menculat menculat nang nduwur net, apese malah nggo nyemes, detabok sanget pisan nganti pecah. Mulane angger gumede merga duite akeh, akhire dadi wong wadon sing sengsara, nggo tabokan thok kaya bal pingpong, ora nana sing gelem ngarah maning, mulane dadi wong wadon supaya tansah mituhu lan andap asor maring guru lakine sing delambangaken karo ngumbah sikile penganten lanang.
Nalika Bruckhen karo Winah mlaku bareng kanthi nggondeli bengkinge pak setra lan mbok Painem, sejatine lagi dekandani, “ Hai Bruckhen.... hai winah, kowe sekeloron olehe mbangun wisma kudu tansah ngetut karo piwulange wong tua loro, sebab mbok kaya ngapa pintere kowe sekeloron , nang babaging umah umah durung pengalaman, mulane kudu tansah njaluk lan ngetut wewarahe wong tua loro, aja nganti nyebal sekang petunjuke wong tua loro, mergane wong tua loromu kuwe lewih pinter lan lewih pengalaman nang babing rumah tangga.
Nalikane desawuri beras kuning, sejatine lagi dedongakna dening wong wong sing pada tresna, “ duh gusti ingkang maha dumadi, mugi Winah lan Bruckhen nggenipun semah tansah pinaringan rizki ingkang katah, halal lan barokah. Amin”
Nalika sungkeman sejatine Bruckhen karo Winah lagi dekandani, “ Hai Bruckhen Hai Winah, kowe kudu tansah bekti lan ngormati karo wong tuwa loro, tansah ngajeni karo wong tua loro, senajan kowe olih kamukten kang banget luhure, olih banda dunya kang banget akehe, kowe kudu eling maring jasane wong tua loro, angger ora ana wong tua loromu kowe ora gadang bisa olih kamukten lan dunya brana.
Kaya kuwelah sejatine adat Nandur Penganten sing lumaku nang desa Kutosari. Adat sing mengku pirang pirang piwulang lan pitutur.
***
Jam setengah wolu mbengi, Bruckhen lan Winah wis nganggo anggon anggon biasa. Bareng bareng pada metu nang jaba, seperlu ngormati tamu kang lagi pada ngrasakaken pahormatan kang wis decahosaken nang ngarepe dewek dewek. Sedela sedela Winah mesem maring para tamu, senajan mesem lamisan, merga atine ngrasa ora sreg kawinan karo Bruckhen. Sejatine kang ana sajerone atine winah, ora nana maning kejaba kakang siwil, sing wewayangane tansah ngebeki pikiran. “ kakang Siwil.... kowe jane nang ngendi kakang ?”, pitakon kang bola bali ngaton kanthi ora ana jawaban. Mergane Siwil seprana seprene ora nana kabare.
Wong wong kang arep pada nonton wayang mulai pada teka.Gemlidir banget. Kayonge wong teka sekang sekabehane arah. Semono uga bakul bakul, gemridig temuju maring panggonan siji, latare pak setra. Bakul apa bahen katon ana. Mulane swarane saur manuk olehe pada nawakaken dagangane. Apa maning sing jenengi tukang kipyik karo dadu, mesti bahen tekan.
Sawise atur pambagyo kang kagungan hajat, kaki dalang manggung lan aweh weruh lakon sing arep dewedaraken. Wahyu Windu Wulan.
Lakon “Wahyu Windu Wulan” kuwe nyritakaken kawinane Kyai Semar karo Dewi Kanitren kang sejatine garwane dewek nalika tesih ana ing kahyangan. Mbarang Semar temurun maring Ngarcapada manggon nang Karang Gumenggeng, Dewi Kanitren nusul kanti jeneng Windu wulan.
Dalang Cunggret olehe nyandrakaken Semar nalika kasengsem maring Kanitren bagus banget, dadekaken penonton pada melu trenyuh.” Ouh lha.... Windu wulan windu wulan, wong ayu wong denok, esemmu tansah gawe kasengseme ati, auh lah wulan wulan, nang ngendi bahe kowe katon ngetutaken bahen, Windu Wulaaaan, aku wis ora kuat nahan rasa kepengin ketemu karo kowe wulan, aku ora bisa turu nalikane lagi mangan, lan ora bisa mangan nalikane lagi turu, Ouh lah..................... Bawor, nganah enggane aku degotekaken Windu Wulan, cepet Bawor, Aku wis ora sranta pisan”. Kocap kacarita, Bawor terus lunga maring nggone Kanitren, kebener nangkono ratu Manduro, Baladewa, uga lagi ngrembugi utawa goteki Kanitren dekongkon karo Duryudana ratu Hastinapura, ananging nangkono Baladewa ora langsung nembung, ndadak kandahan ngalor ngidul. Dumadakan Bawor teka lan langsung nembung goteki Kanitren pethuk karo tujuane. Nang kono banjur dadi kasulayan antarane Baladewa lan Bawor. Wusanane dadi peperangan. Saking gembunge Baladewa, banjur senjata pamungkase kang aran Alugoro detokaken kanggo mateni Bawor. Kanggo nglayani, Bawor ngetokaken kudi cenggerenge sing desengkelang nang gigir. Akhire Alugoro sing pada perang, wusanane Baladewa dekalahaken dening Bawor. Lan akhire crita , Semar daup karo Windu Wulan.
Sejatine crita Wahyu Windu Wulan mengku pirang pirang pelajaran kang bisa dejukut kanggo tepa tulada, yaiku , antarane hakikat lan syari’at kudu pethuk. Senajan nang hakikate (ngalam kahyangan) Dewi Kanitren wis dadi bojone Ki Bodronoyo, Semar, nanging nang ngalam syari’at (ngarcapada) dudu bojone, sebab durung ngliwati proses cara perkawinan undang undang ngarcapada.
Mulane Winah senajan atine tansah kasengsem maring Siwil, tetep durung bisa deomongna dadi bojone Siwil, sebab lahire durung ngliwati proses kawinan.
Pelajaran sing uga bisa depetik saking lakon Wahyu Windu Wulan, angger arep rembugan kudu enggal enggal ngomong apa tujuane. Ora kena banjur ndadak kandahan disit sing ora perlu, sebab kedadiyane bisa kaya Baladewa, tujuane teka pada karo Bawor, tapi bawor sing tekan maksude senajan Baladewa lewih disit tekane.Terus dadi manungsa ora kena ngediraken kasekten lan pangkate, sebab kasekten lan pangkat bisa dekalahaken karo apa sing ndarani bebener, senjan Alugara senjata kang banget ampuhe, bisa kalah dening kudi cenggereng, senajan Baladewa ratu Mandura kang gung binathoro bisa dekalahaken dening Bawor kang jejere namung punakawan.
Jam setengah lima, ki Dalang Cunggret bedul gunung. Wayang rampung. Kabeh penonton bubar, bali maring omahe dewek dewek.Nang platarane umahe Pak Setra, anane mung kari runtah plastik lan godong godong buntel panganan.
Bruckhen kanan kanane ya tiru2 adat Jawa, esuk esuk ngrawati latar omahe mertuane. Senajan mandan katon kegok. Angger ora kaya kuwe, Bruckhen kawatir mbok deomong “ mantu sing ora apik” dening warga Kutosari.
Mbarang kira kira olehe nyapu wis olih separo latar, dumadakan ana opsir Landa teka saperlu nemoni Bruckhen. “ eeee...... ada apa tuan Mickhael kamu datang ?”, Bruckhen takon maring opsir mahu. “ Eeee....eeee....ix supaya nganter ini surat untuk tuan Bruckhen”, jawabe opsir mahu, banjur manthuk lan pamitan.
Ternyata, surat kuwe surat tugas. Jam kuwe uga, Bruckhen supaya lunga maring Yogyakarta kanggo ngatasi kerusuhan sing nang Bantul. Tanpa pikir dawa, Bruckhen liren olehe nyapu, banjur adus dandan lan pamitan maring pak Setra kathi salaman, lan pamitan maring Winah kanti kecup kening. Bruckhen mangkat nganggo klambi dines.
***
Wis limang wulan Mr.Bruckhen ninggalaken desa Kutosari.
Kahanan desa Kutosari saya gersang. Padahal miturut petungan pranata mangsa jawa, mestine langit wis mulai nurunaken banyu udan. Ananging kasunyatane durug. Lidah urung ana sing katon ngeleb nang langit sisih kidul. Sebab, kaya ngadat biasane, nek wis arep temurun udan, nang nduwur langit sisih kidul lan lor, ana lep lep sing sok darani kilat, banjur detututi swara glendeng glendeng sahuran nang lor kidul, lan uga lintang wluku katon nang senduwure desa Kutosari. Tanda pengadatan sing kaya kuwe kayonge tesih adoh banget katone. Malah angger ndeleng nang sawah, persasat tanah sing mablak mablak wis katon dadi tela kabeh. Keong keong sawah ya wis pada ora kuat ngadepi kahanan sing kaya kuwe, akhire metu maring jaba lemah kanggo nyerot bun sing pada pating prentul nang nggon suket, tapi bun ya wis ora nana, akhire keong keong pada mati ninggalaken cangkange garing nang nduwur tanah garing sing pating njlewag.
Dapuran pring wis katon kuning godonge, murang. Malah nganti tekan carange ya wis katon garing, nek esuk angger depenclas wis ora bisa tumetes banyu nggo tamba beleken, kaya biasane wong Kutosari, angger mripate beleken ora perlu repot repot nggoleti pupuh, cukup, esuk esuk menclas carang banyune sing temetes deadangaken persis tiba maring mripat sing beleken. Wit klapa blarake ya wis katon pada dadi klari, beluluke katon pating grandil, boro boro manggare kena dederes, mancunge bahe wis gemrebeg nggo suluh.
Kahanan terang ngglantahang kaya kuwe, dadekaken warga Kutosari kentongan bahan panganan sing biasane cukup kanggo sejerone mangsan terang. Mulane angger awan, akeh warga Kutosari pada lunga maring sokaraja, maring pabrik tapioka saperlu nuturi ampas boled sing wis ora kanggo, degawe gewol apadene iwel iwel, senajan sejatine anu wis ora nana sarine, ya mung nggo lumangyanan, nimbang mangan krekel lan gaplek ngengeten tur ireng lan pahit rasane.
Akibat kekurangan bahan pangan, garong lan maling saben mbengi pada keyangkaban nang desa desa, kelebu desa Kutosari. Kena deomongna , saben esuk mesti ana werta salah sijine warga desa Kutosari sing kemalingan utawa kegarongan. Angger wis kaya kuwe, sifat tegelan katon nang ngendi ngendi. Ora mung manungsa thok, kewan kewan ya melu ketularan sifat tegel. Ari wektu bedug, nang pinggir kali solokan sing nggo pranti mbanyononi sawahe warga Kutosari, akeh banget kinjeng macan sing wernane ireng kuning, matane mendelo mentheleng pada nangkring nang wit eri sing pada garing. angger kencot, sekepenake dewek bahen nyokot kinjeng sing nang pereke banjur degawa mabur, senajan kancane dewek, pada pada kinjeng macan. Nganti kadal ya ora keduman gremetan, mulane tegel mangan tobil anake dewek.
Kahanan terang ngglantang sing kaya kuwe uga murugaken sering ana umah kobongan. Winginane bahen, nang dukuh Gemilir ana umah kobongan gede gedehan, naganti rong puluh umah amblas ora ketulungan sijiha.
Pokoke kahanan wektu terang siki ora kaya biasane, sing jenengane penyakit mencret, persasat dealami nang kabeh bocah cilik Kutosari. Malah kahanan akehe penyakit nang desa Kutosari ndadekaken pageblug gedean, esuk lara sore mati, sore lara esuk mati.
Ora denyana ora dekira, Pak Setra sing lagi njagong nang lincak, nyanding wedang clebek karo tiwul sing ora deurab uraba, ijig ijig wetenge krasa lara banget. Banjur degotong maring ngamben dening Winah gotongan karo biyunge, senajan mekeh mekeh, akhire tekan senthong. Mbuh bebekan apa bahen deusar usaraken maring wetenge, kepeksa ora bisa mari. Sing akhire suwe suwe ambekane alon, lan nyawane mabur.
Winah karo biyunge nangis nggembor seru banget, dadi layadan tangga kiwene. Nanging tetep nyawane ora bisa bali maning, akhire bapane Winah, Pak setra kon turu anteng nang njero lemah.
Atine winah kayong kerontok sekang dompolane. Akhire saben sore mesti njagong metonggo nang ngisor wit kemundu mburi ngumah. Rumangsa banget dadi wong sing ndamar kanginen, kelangan Siwil, kelangan ramane, malah detambah bojone Mr.bruchen mati nang palagan perang dong mrantasi pengaco nang daerah Bantul Yogyakarta Hadi Ningrat. Berita kematiane Bruckhen adedasar surat sing dewehna maring Winah sekang Pemerintah Belanda.
Winah saiki urip bareng karo biyunge, mbok Painem. Wong loro dadi randa seumah.
_____
BAG : 5
Mubenge wektu katon cepet banget. Setahun kaya sewulan, sewulan kaya seminggu, seming gu kaya sedina lan sedina kaya sejam. Jarene wong pintere desa Kutosari, saben tahune wektu mbanteri seperjuta detik. Mulane jam mubenge katon ora ana perobahane, padahal robah, tapine ora ketara.
Meneng meneng, Siwil ora weruh Winah wis rong tahun. Padahal kabeh kedadiyan winginane tesih katon mencerong cerong nang bathuke Siwil. Awit dong jagongan nang gubug kebonan, nganti tekan dong tiba nang pangkone Winah, tesih ngegla pisan. Lewih lewih pengalaman dong lunga, jan kayong nembe kedadiyan wingi sore. Katon tesih kebul kebul, dong lagi njagong nang bangku ngisor layar prahu, prahu welah, anu ora nganggo mesin, mulane angger ana ombak ya manggut manggut, manggut manggute kayong tesih derasaknan nang gigir. Dong nang tengah tengah segara, selat sunda, ana angin lisus gede banget, wong sarathune ben katon perek pisan nang padon wetan lor, ngglancir lancip kaya pecut. Wong wong sing nang prahu pada bingung kabeh, kewatir mbok nyawane mabur. Siwil njikot patrem sekang kantong, banjur benang sing deubed ubedaken maring garane deudari, terus patrem delorod sekang wrangkahe, pucuke declubna banyu segara, banjur deacungaken maring nduwur. Jan angine mendadak mandeg. Wong sing pada nunggang prahu mbok pada mlenger kabeh, lan ngrasa seneng banget, kabeh pada matur kesuwun maring Siwil, malah ora setitik sing pada nyengklengaken sangune nggo gawe bebungah maring Siwil, ana sing seketip,ana sing kapateng, ana sing telung talen , malah ana sing aweh seringgit. Deetung etung jumlahe kayane ana limalas perak. Sejatine Siwil dewek ya babar blas ora ngarep arep, “ aja pada kaya kuwe enggane lha, kabeh kuwe kan merga olih pitulungane pengeran, ora merga patrem kiye”, omonge siwil maring wong sing pada nunggang prahu. “ ya ... ora kang, wong genah lantarane rika nyawane inyong kabeh ora mencolot, mulane ya inyong kabeh patut lah, angger aweh bebungah maring rika, tampani bahelah, mengko tuli kena nggo tuku es gosrok nang Bakahuni”, kaya kuwe omonge salah sijine wong kang nunggang prahu.
Sawuse jalane prahu normal, ora geyang geyong, wong sing pada nunggang ngrasa tentrem, pada kandahan ngalor ngidul ora nggenah. Siwil njagong dewekan, wong pancen sekang kanane ndeyan, siwil ora seneng ndopok, tapi angger de takoni ngewong, nggoli aweh jawaban nyrocos kaya manuk jalak tes deempani lombok abang. Nyrocos tur merguyokaken. “ Kang kang !”, salah sijine penumpang ngomong karo mereki Siwil. Siwil mesem karo ngesodaken bokonge , isyarah aweh jagongan karo wong sing nyeluk.
- : Kang, rika si wong sekang ngendi.
+ : Inyong apa ?, inyong sekang Banyumas.
- : Busyet alah, pada karo inyong telane, inyong be sekang Banyumas, Banyumase Wlahar.
- : Angger inyong tah Banyumase Kutosari.
+ : Kutosari ?
- : Lor Sokaraja.
+ : Ooh....................
Banjur pada meneng sedela, kancane siwil ngetokaken sangune , lothong karo gesek sing degoreng sangan. Wong loro pada mangan bareng karo nerusaken kandahan .
+ : Kang aku arep takon, kahe mahu dong ana lisus si barang apa sing deacungaken
- : Ooh.... jenenge patrem. Patrem ya keris, tapine wujude cilik. Ekole ya pada, ana sing telu,ana sing lima, malah ana sing sanga.
+ : Ekol shi apa ?
- : Ekol kuwe ugel ugel, sing nudokna kasiyate. Carane deetung karo jempol loro. Kaya
angger rika ngetung walesan. mung onen2-e beda. Anger ngetung walesan pancing mbok karo jempol sekang bongkote karo moni “ Tek, ogleng, jantra, iwak”, mengko angger pol polane iwak berarti walesane olihan nggo mancing. Ngetung keris ya kaya kuwe, sekang nggon karahe, ibarate kudi, onen2-e “ Sri, Lungguh, Dunya, Lara, Pati”. Angger pol polane dunya, sing nduwe arep dadi wong sugih.
+ : Lha rika, olih patrem kaya kuwe sekang ngendi ?
- : Inyong anu dewarisi nang kakine, kaki Paidi, dong tesih sehat. Malah loro, siji, kiye keris cilik, patrem. Lorone, Keris Nagasasra.
+ : Jane rika ya termasuk wong pinter ya ?. Teyeng nekaken dunya ?
- : Ora si pinter, tapi kon nekaken kesugihan dunya brana ya bangeting bisa.
+ : Inyong dewarahi jajal.
- : Oh..iya, rika kepengin ?. Ngene jukutna rokok klobote rika, seler bahen. Karo rek-e sisan !.
Banjur kancane Siwil njukut rokok seler, karo rek-e sisan. Rokok detampani siwil, banjur deudud. Empar empor, Siwil ngetokaken kukus sekang tutuke. “ Gye kang, mengko angger aku ngetokaken kukus sing bunder, langsung bahen detubruk nganggo tangan loro, mengko tuli langsung malik dadi duwit”, omonge Siwil . Kancane manthuk, tanda ngiyani. Siwil nyedot kukuse akeh pisan, terus depadal karo ilate maju, sekang tutuk metu kukuse bunder, mubeng mubeng. Banjur detubruk karo tangan loro. “ bukak !”, ujare Siwil. Barang tangane debukak, kosong, ora nana kukus sing kecekel, boro boro malik dadi duwit. ‘ kosong “, omonge kancane Siwil. Siwil olehe prentah ndimek kukus maring kancane bola bali nganti ana ping sepuluh. Akhire kancane ngomong “ Kesel kang lha, olehe nubruk kukus sing mubeng mubeng, nganti beyekane pegel kaya kecetit”, kancane Siwil pasrah, ora sanggup maning ndimek kukus . Banjur Siwil aweh keterangan ; Ya kaya kuwe ya kang sing jenengane dunya brana. Kaya kukus, katon ngegla, tapi angger dedimek ora nana apa-apane. Dadi angger rika nguber uber banda dunya utawa kesugihan, rika pada bahen lagi nguber uber uber kukus, katon ngegla, gempolong putih, aningane angger dedemek karo tangan loro, ora kecekel, enggane ana sing kecekel nempel nang selan-selan jentik, sedela thok mabur. Artine apa ?. Artine wong nguber uber dunya, pekasile ora imbang karo rekasane. Kiye shi nggo gambaran ya kang, bojone rika kon ngode nang Batavia, baline rong wulan sepisan. Jajal rika kepriwe rasane ? Mbok rika angger wengi gunane melang meleng mripate, ngetungi rangken, lewih lewih lagi mangsan atis, kepriwe jajal. Padahal anu kaya kuwe mbok rekasa banget deempet. Akhire rika mbok kaya sing delagoaken nang calung Banyumasan, “ wong lanang gede gorohe”, aliase rika nglomboni bojone mbok, angger wis rong wulan bojone bali rika degawe mesra banget, rika olehe ngomong maring bojone angger detakoni nang bab kaya kuwe, “ Pokoke jo, aku sekiye ora mungkin kon nglakoni sing kaya kuwe, aku lagi madep ngulon”, untung bojone rika anu wong bodo, ora teyeng mahami omong, padahal angger ngerti, bisa njimprak, olehe ora nglakoni sing kaya kuwe sekiye, angger winginane karo angger kowe lunga maning tah aku nglakoni. Angger bojone rika njimprak, mandan lumayan, tesih ngregani maring apa sing jenenge nilai nilai moral, nanging angger wis ora njimprak-njimpraka,malah duwe panemu karo ngomong nang ati”ya ora papa ya kang, kadaran tesih wutuh ikih, ora tugel, mengko angger nang Batavia aku kepengin, rika ya aja kepriwe kepriwe, kadaran wutuh ikih, ora gompal”. Semono uga angger rika sing lunga, bojone detinggal, ya kaya kuwe kahanane. Rekasa, pisahan karo anak bojo. Kuwe temenen kang, angger ana wong pisah karo anak bojo, tenang tenang bahe, miturut aku ana rong kemungkinan, jawaban nglombo, utawa jiwane anu wis ora waras, aliase tertipu karo kukus mahu dong inyong udud. Dadi pada bahen, gye tek ceritani ya kang, nang pipir desane inyong ana pelaut, supir prahu ngerti ?, baline arang arang, duwite jan mili mantur kaya lagi ngisene taman, mbuh pira bahen dekirimaken maring sing wadon, eehh ora suwe malah bojone degondol ngewong, akhire pegatan, wusanane manggon nang nggone sedulure, pada pada ora duwe umah. Jajal kang, melasi banget mbok. Dadi bahan crita wong, jarene, kurang apa sing lanang, ngganteng ngganteng, duwit pirang pirang, kurang apa jajal, aku ya semahur, genah kurang alugorone Dasamuka. ujar ujare wong urip cukup ndeleng umah sing bagus thok apa. Kaya kuwe rekasane, sing mengko mengkone, angger wis kumpul maning rika karo bojone, ya bali ngasal, bojone rika bali dadi tukang bruwun centhongan, rika ya bali maning angkat senjatane, pacul. Mulane kang inyong salut cocog banget maring rika, bareng bareng pada lunga sumantra . Kuwe rika jenenge kepengin ngrobah nasib, mengko nang kana rika ngurusi karet karo sawit, ora ketang cilik cilikan bojone kon nyambi dodol rames. Insya Alloh kang, rika arep sukses, debanding angger rika mahal dewek2, pisah karo bojone. Senajan gebyare katon olih akeh, tapi jane kosong. Sebab rika karo bojone wis duwe modal utama, ya kuwe ketenangan. Tenang tenage wong urip kembul karo bojone sing ambune tesih seger, tur daginge tesih kandel. Sebab ya kang, sing jeneng wong wadon, angger umur pitulas tekan telung puluh lima, ambune angger udu rexona ya odorono, tapi angger umur 40-an angger ora mambu afitson ya lenga gosok cap ula naga.,kancane Siwil mesem, genah iya koh, ora ngandel ya nganah takon wong liya, tapi takone maring wong waras, ibarate tebu ya kang, angger bojo sing tesih nom, ibarate tebu modres, ngerti tebu modres ?, masa wong Wlahar ora ngerti tebu modres, tebu modres kuwe mung desenggol karo pucuk ngarit sithik bahe, langsung moni, jepret, banyune akeh, angger wis tua, kaya tebu Jikem, bisane metu banyune kudu depenclas, kuwe bahen metu setitik, isine sing akeh gabes. Jajal angger rika pisahan karo bojone lawas pisan, mbok ya ibarate dong tesih mambu wangi, sing ngrasakna wangine wong liya, rika malah keduman ambu afifson karo lenga gosok. Ibarate gedang dong lagi gempo sing nyawang wong liya, mbarang wis korepen, gering maning, rika sing nyawang. Inyong salut banget maring rika kang, bareng bareng lanang wadon, pada ngrobah nasib maring sumantra. lah kaya kuwe maksude inyong kang, mbok sipil nggolet dunya brana, udud, kukuse dedamu,banjur detubruk. Mandan kesel ya kang ?
Ora krasa, Siwil olehe aweh keterangan babaging kukus mubeng, jankaya lagi pengajian umum, aningenane sing ngrungokna wong siji. Kanca njagonge.
Kuwelah sing ana nang pikirane Siwil dong lagi njagong dewek nang ngisor wit jambu thokal ngarep umahe Pak surya, sedulure kaki Dipa sing nang desa Talang Rejo, Belitang, Palembang. Siwil wis rong tahun melu nang nggone Pak Surya.
***
Senajan wis rong tahun manggon nang desa Talangrejo, Siwil durung duwe kemantepaning ati kanggo nyambut gawe. Pancen sejatine lungane Siwil ninggalaken desa Kutosari ora arep golet pegawehan, nanging golet katentremaning ati, merga pisahe Siwil karo Winah ora metu sekang katresnane wong sakeloron, ora metu sekang kesepakatane wong sakeloron kang lagi nandang kasmaran. Bener bener pisah kepeksa kanggo nylametaken wong sedesa. Dadi ya wajar angger wis rong tahun Siwil atine durung bisa anteng. Beda angger pisah kerana ana kesepakatan, mesti bahen wong loro kang lagi nandang katresnan atine enggal anteng lan tentrem, sebab tumindake adedasar pada pada rilane wongkang detresnani. Sebab wongkang tresna tansah ngormati lan seneng maring penggawehane wong kang detresnani, senajan tumindak kang gawe lara. Kiye bisa debuktekaken nalika nom noman pada jagongan nang pinggir segara, karo ndeleng kinjeng dom sing lagi nawoni banyu, bocah loro pada ciwitan karo guyon guyon. Kan ora mlebu ngakal, wong deciwit mestine aduh aduh, koh malah ngguyu, nanging ora bisa desalahna, mergane sing nyiwit karo sing deciwit pada pada nduwe katresnan. Mulane katresnan kuwe jane rasa, rasa sing ora bisa decritakaken, pada uga nganggo omong apadene nganggo tulisan. Dadi angger degambaraken kaya gula, kabeh wong pada ngomongna gula kuwe legi, tapi ora bisa nyritakaken sing sebenere rasa legine gula kaya ngapa. Saking angele nyritakaken rasa katresnan, kanggo merekaken gambaran banjur deomongna nganggo kedadiyan alam sekitare, contone kaya tembung, “ nalikane kupu kupu kuning kang pada mabur menclok nang pupuse wit kecipir kang godonge ijo nom.......”, kabeh kuwe mahu namung gambaran, dudu sejatine rasa katresnan. Sejatine katresnan kuwe rasa nang sajerone ati sing detampa dening rasa sajeroning ati uga. Ora bisa dedeleng karo tetembungan apadene tulisan. Dadi nalikane bocah lanang ngomong, jeng ...... aku tresna banget karo sliramu....................”, kuwe namung ungkapan katresnan sing 99,9 % akeh nglombone. Buktine akeh kenya kenya sing pada ngrasa delomboni karo tembung kaya kuwe, malah kadang nganti njiret gulune dewek ben nyawane enggala enggal copot sekang awake. Sing lucu, malah kadang cara ngungkapaken katresnan nganggo tetembungan sing surasane berlawanan, kaya sing kedaden antarane wong loro kang pada nandang katresnan, nalika pada jagongan nang senthong, bocah lanange madep ngulon, bocah wadone madep ngetan nganggo kudung putih, nang kono katone kandahan biasa, nanging nang batine sakarone banjur mrentul rasa katresnan sing alus banget. Mbarang wis pada pisahan, wong loro mahu banjur pada golet goletan, pada dene nakokaken maring kancane dewek dewek, mbarang ketemu, ora pada aweh tetembungan sing endah endah, tapi malah tembunge siji ngetan siji ngulon, siji ngalor siji ngidul, tetembungan sing ora tahu kepethuk, nanging tumrap wong loro mahu tetembungan sing banget endahe, sebab kuwe sejatine tetembungan lagi ngungkapaken rasaning ati kang lagi kapang suwe ora ketemu, lan ora bisa ketemu merga kaling kalingan segara banget ambane. Dadi nang sejerone katresnan ana bahasa sing ora bisa dengerteni kejaba dening wong loro sing batine ana rasa katresnan, sebab bahasane mau ora bisa desinahoni nganggo gremer, morfologi apa dene fonologi. Bahasa sing mung bisa dengerteni nganggo rasa, lan saben manungsa carane beda beda. Contone nalika wong sing wis bale somah arep pada nyesep madu, sing lanang ngemek pundake sing wadon, nang kono sing wadon mesti ngerti maksude karepe sing lanang, banjur pundake kirig kirig, nang kono sing lanang ngeti karepe sing wadon, banjur sing lanang mandan mecicil njukut slimut turu dewek nang risban njaba karo njejek njejekaken sikile maring cabol.Bahasa sing kaya kiye mung bisa dewaca lan dengerteni dening wong loro sing nduwe jiretan batin. Saben manungsa nduwe bahasa dewek lan beda beda, senajan artine pada.
Senajan kadaran kewan “ nggaong”, rupane elek tur ambune langu. Nanging tumrape Siwil, kewan nggaong kuwe mahu nduwe arti rasa sing endah banget . Saben weruh nggaong, pada uga sing lagi mabur apadene lagi menclok nang wit terong utawa wit liyane, Siwil mesthi ngrebelaken banyu luhe. Sebab sing katon nang njero batine Siwil, nggaong mau lagi decekel cutang mburine dening jentike Winah sing mucuk ngeri nyambi mangan terong mentah njagong nang gubug desekseni manuk branjangan kang lagi bundel, nang kono ana ungkapan rasa batine wong loro. Mulane banyu luweh ndlewer nang pipine siwil, katon njlarit kaya banyu sing mili nang tanah pegunungan sing dedeleng sekang kadohan.
Kanggo ngenteng ngenteng rasa, Siwil sering mlaku dewekan ngetutaken ilene banyu, sedawane Bangunan Komering (BK). Padahal sekang BK 1 nganti tekan BK 35, adohe ora lumrah. Lah wong BK 9 bahen desane akeh banget, termasuk desa Talangrejo sing wargane akehe sekang Kutosari, desa sing depanggoni Siwil.
Karo ndingklukaken sirahe, Siwil mlaku karo ndeleng lakune banyu. Saben nang bendungan leren, nongkrong, ndelengaken iwak lunjar andong sing mlumpat mlumpat nang ngisor crowokan bendungan. Siwil katon beja banget eseme, nalika ana lunjar andong loro mlumpat mlumpat bareng, bar mlumpat banjur pada oyok oyokan nang njero banyu. Olehe ngrasa beja, merga nang atine Siwil ana gambaran, iwak lunjar andong loro mahu kayong kaya deweke karo Winah nalika adus bareng njlog njlogan nang tanjlig kali bodas desa Kutosari, banjur oyok oyokan nang ngisor grujugan kang amba kaya blumbang, “ ngalih lah..... ngalihlah.... pedes kang Siwil....... kakang Siwil nakal, nakal, alah nakal ....”, tembunge Winah ndablong pisan nalika rambute kecandak tangane Siwil, decekeli kenceng banget.
Klesam klesem mripat menteleng kangelan kedep, Siwil ndelengaken polahe iwak lunjar loro , nylorot bareng sekang njero banyu, nang awang awang ndase tabrakan, banjur tiba bareng maring banyu oyok oyokan, sing siji olehe mlayu karo njentrit njentritaken buntutute kayong lagi ndablong maring iwak sijine. Lunjar andong loro mahu katon bungah pisan ngrasakaken gemrejege banyu Bendungan Komering, nganti ora nggatekaken kiwe tengene, iwak iwak liyane deanggep ora nana, ora ngerti yen ana iwak gabus (cara wong Kutosari ngarani Bogo Licin) sakempol gedene lagi nginjen nang padon grujugan, matane menteleng, cangkeme manga. Dong iwak lunjar andong loro mahu nylorot bareng bareng, iwak gabuse nututi nylorot, nyahut iwak lunjar andong sing cilik, langsung mlebu cangkeme banjur deamed karo ngeclup maring banyu. Siwil katon medegel banget weruh tingkahe iwak gabus sing ngrusak pemandangan kang endah. “Hehgh....”, Siwil ngrenyem karo lunga, nerusaken mlaku.
Siwil mlaku karo ndelengaken banyu kali komering sing bening, nganti kotoran sing nang njero banyu bahen katon, apamaning iwak iwake. Endah pisan. Sedawane dalan kali komering, akeh banget manuk acer sing lagi pada ngoceh, pada nangkring nang wit witan. Ocehing manuk acer ndadekaken ademing ati, ora patiha kelingan desa Kutosari seisine. Nanging polahe iwak gabus sing nyaplok lunjar andong sok ngganggu, malah terkadang dadi ngelingaken kedadiyan sing wis kepengker, nalikane Mr.Bruckhen meksa Pak setra ngawi
naken anake wadon.Winah. Jan Winah nasibe persis banget kaya lunjar andong sing deamed nang iwak gabus. Ora bisa budi, apamaning nglawan.
Nalika siwil petukan karo bocah wadon nom sing lagi nggendong anake kira kira umur setahun, atine Siwil ngomong,” kaya kayane anake winah ya wis semana gedene ndeyan, seneng temen kowe ya Win, jagongan karo sing lanang nang ngisor wit Kemundu, anake depangku, karo dekudang, “blang dunuk dunuk dublang, anak lanang pinter ngendang, blang dunuk dunuk dublang anak lanang pinter ndalang, blang dunuk dunuk dubalang anak lanang pinter utang”utawane nganggo tembungan sing lucu lucu, senajan mbuh apa artine” tong dudu Blik, Blik dudu Tong, tong dudu Blik, Blik dudu Tong”, Siwil mesem mesem dewekan kaya wong gemblung.
Rambut seler pinarasasra, babar blas ora denyana, nalika Siwil tekan desa Kurungan Nyawa, Siwil dendeg nang wong papat, rambute dawa madul madul, nang lengene ana gambare macan. Malah wong sing gede duwur ora kahosan, nang gigir ana gambare baya mangap arep nguntal cecek. Rambute dawul dawul kaya jurang nggrawah, brengose mbaplang kaya gedang blitung. Suwarane jemeger jeger kaya gludung mangsa sanga.
“ hai kowe ngerti ora jenenge desa kiye, kiye desa, jenenge Kurungan Nyawa, siki kowe tek tareni, kowe milih ngewehaken duwit, apa nyawamu metu sekang kurungane”, omonge wong sing brengose mbaplang. ‘ aku ora nduwe duwit kang”, jawabe Siwil karo ngrumangsani lagi dekepung begal, mula uba rampene ya desiapaken kanggo ngadepi.
“ gyeh..... aja climas climus, duwit apa nyawamu tek tokna kang kurungane hah !”, gentake begal mahu, karo plek !, tangane mabur tiba nang ndase Siwil. Mesthi bahen siwil ora trima, begal mau decekel gulune, banjur jentik penuduhe tangan sing sijine Siwil detunjebaken maring wudele, banjur dejunjung. Awake begal mau mubeng nang nduwur sirahe siwil, mbarang wis lelet banjur deuncalaken duwur, tibane depancak karo bedidang sikil banjur degentawilaken, kaya bocah lagi dolanan sigeg watu, Brekkkk !!! tiba persis nang ngarepe kancane sing telu. Begal papat medegel banget, matane abang menter menter kaya Baladewa satria Mandura angger lagi jengkel. Wong papat maju bareng, ngagar klewang landep landep, breg, bareng bareng nibakaken klewange nang awake Siwil, leb awake Siwil metu genine. Siwil tetep ngadeg ora nggeser setitik setitika. Banjur wong papat bareng bareng ndimek awake Siwil, tangan sikile decekeli, nganti Siwil ora bis obah. Dumadakan sekang sak mburi katoke Siwil, metu ulane, langsung nylorot mabur, banjur tiba nang gulune begal sing awake paling gede, sanalika nyawane copot. Wong sing telu mlayu sipat kuping mlebu maring njero desa Kurungan Nyawa. Ulane mubeng mubeng nang nduwur sirahe siwil, banjur Siwil teplek karo jempole, ulane merek, Slup, mlebu maring wrangkahe keris, Keris Naga Sasra.
Kedadiyan dekrubut begal papat nang desa Kurungan Nyawa ndadekaken arane lan kasektene Siwil kewentar , dadi kondang pengonang ngonang nang daerah Belitang, sedawane bendungan kali komering.
***
Wulan purnama wis mlethek, bunder pisan, ngegla pisan, sebabe langit bening, ora nana mendung seipret-ipreta. Gambare nini nini sing lagi tongkrong jan genah pisan. Istilah gambar “nini nini tongkrong” sing gawe jeneng wong tua tua desa Kutosari. Padahal ngkanane ya mbuh anu apa. Miturut dongenane wong Kutosari, jare gemiyen Sobat Ali dong lagi tindakan nabrak cengkli wadah lenga temen sing lagi desanding nang nini nini, isine wutah mlarah mlarah. Nini nini mahu jengkel banget, ora trima banget. Saking jengkele, ora gelem detempuhi karo lenga liyane. Mulane sobat Ali banjur meres lemah sing kewutahan lenga mahu. Deperes nganti garing. Lagi dong deperes bumine kelaranen, saking larane , bumine sesumbar ora gelem kanggonan awake sobat Ali mbesuk anggere mati. Nyata mbarang sobat Ali mati, akhire jasade dependem nang wulan, sebab bumi sisih ngendi bahe ora gelem kanggonan. Kuwe miturut dongenane wong Kutosari jaman leganu pisan. Padahal jane ya ora kaya kuwe, miturut ahli pelintangan, werna ireng sing kaya gambar nini nini tongkrong kuwe mahu jane jlewagan bekase meteor sing pada tiba nang wulan.
Sekang padange wulan, nganti wengi kuwe kaya awan awan. Ijo royo royone wit pari sing lage nembe meteng genah pisan. Dasar wit parine mledung mledung tur dapurane katon kandel. Kuwe nudokaken daerah Belitang daerah sing subur, makmur jibar jibur. Pancen daerah Belitang awit kuna mekuna kewentar daerah subur. Mulane jaman kolonial, kira kira tahun 1930-an akeh wong wong Jawa sing deboyongaken maring Belitang, termasuk wong desa Kutosari. Mulane daerah kono persasat wargane sekang Suku Jawa, di samping Suku Komering, penduduk asli. Bahasa sing nggo ngomong aben dina ya bahasa jawa, di samping Bahasa Komering lan Bahasa Melayu Palembang. Semono uga seni budayane, kaya wayang purwa (wayang kulit), reog lan jatilan nang kono kesenian sing desenengi, nganti seni budaya asline sing dearani “ runcak runcakan” utawa “ Lempar selendang” mandan kurang katon. Warga Belintang bener wis campur aduk dadi siji, nganti kayong angel mbedakaken endi wong penduduk asli, endi wong jawa sing neka. Paling paling ya bisa dengerteninganggo tembung akhiran “O”, angger jenennge Paijo, Sutarjo, Kartomarmo, sing mesti kuwe wong jawa. Utawa jeneng desane, Tawang Rejo, Bangun Harjo, Banyumas lan liya liyane sing kaya jeneng desa nang jawa. Saking subure pesawahan daerah Belitang, kawentar yen daerah kono kuwe mahu dadi Lumbung Parine Sumatra Kidul. Ora mung parine thok sing kawentar, tapi woh wohane daerah Belitang uga kawentar, lewih utamane dukuhe. Dukuh weton Belitang, tepate sekang desa Rasuan sing penduduk asline suku Komering, kawentar legi banget, anyling banget. Dukuh sing dekenal nang Batavia dukuh Palembang sejatine dukuh sekang desa Rasuan, Belitang. Olehe dearani Dukuh Palembang namung kanggo nggampangaken tembung, sebab Palembang lewih kewentar jenenge nag sanjabane Sumatra.
Nang sejerone kahanan padang wulan sing padang njembrang, Siwil tongkrong nang padon umahe Pak surya sing nembe deganti bature nganggo plester. Karo ndelengaken sawah sing nang ngarep umah, Siwil nunggu tekane wong wong sing deundang saperlu arep dejak rembugan ngedakaken Angguk.
Sejerone nunggu, Siwil mikir mikir sregepe lan semangate warga Talang Rejo olehe pada ngolah tanah pertanian. “nang kene jan ora nana wong lanang nglungakaken bojone maring luar daerah , kon dadi tukang mbersihi bratangan wong, jan wong lanange pada bener bener tresna maring wong wadon, bener bener ngajine karo wong wadon, bener bener pada tanggung jawab karo wong wadon”, ujare omonge Siwil nang njerong ati, mbandingaken antarane wong lanang Talang Rejo karo wong lanang Kutosari, sing katone mulahi pada seneng nglungakaken bojone kon dadi tukang mbersihi bratangane wong Batavia. Pancen si angger depikir pikir ora mudeng babar blas, lah wong wadon, bojo, sing mestine kudu deelus elus kasih sayang, kudu disemproti katresnan sejati, kudu deturonaken nang kasur sing empuk mendut mendut, malah dikon ngesodi jogan ngewong, kringet godras gadres nganti metu ambu brambange. Sementara sing lanang detinggal mung ayang oyong, ngalor ngidul, pahal sekepenake dewek, angger ora duwe duwit nggo makani anake, kari njaluk maring sing wadon, sing nembe mutahaken kringete sing breng brengan mambu brambang. Angger ora diwehi, langsung malang kedek maring sing wadon karo ngomong “gye bojo,kowe aja mblekithi enggane, angger ora tek jujugaken maring Batavia nang inyong, ora mungkin kowe bisa ngode ngesodi bratangan”, sing wadon deomong kaya kuwe ya kesuh pisan, matane mblalak abang kaya woh saga, malang kerik karo sikile siji nylekadak temumpang kursi, tangan sing sijine acung acung persis nang ngarepe bathuke sing lanang, banjur ngomong, “ pancen, rika dadi wong lanang ora ngrasakaken rekasane wong wadon, senenge jaluk duwit thok maring aku, duwite nggo ngapa jajal, jajal nggo ngapa, seprana seprene ora nana wujude,kejaba kahe mbok tanah seceblek sing regane ora seimabang karo duwit sing tek kirimaken, nggo ngapa jajal, nggo ngapa jajal, ndarani aku ora ngerti apa, rika angger malem minggu gunane lunga, angger ora maring Blater ya Baturaden, mlebu warung remang remang,pada pijetan karo wong wadon, apa bahe jajal sing depijeti, mesti ora gigire thok, iya mbok, ndarani aku ora ngerti apa, boro boro nafakahi maring wong wadon, aku awit jodohan karo rika , sepisan bahe durung tahu detukokna bujur seslewir slewira, boro boro klambi kebayak apa kutang tete, CD (celana dalam), be urung tahu”. Lagi kaya kuwe, biyunge teka nggawa tutup krenyeng karo soled, banjur detutuki pethuk karo nada lan iramane omong. Jan kaya Srikandi lagi dong ngomehi Dursasana. Sing lanang mak clakep kep, tutuke kaya dekunci karo gembokan setampel gedene. Banjur tangane ngranggeh asbak beling sing nang ngarepe, deburaken nganti nyadug penglari tengah, tibane mubeng kaya pesawat nuvo, brek ! tiba, remukane mlarah mlarah nang jogan. Lunga karo ngrasa banget kabeh kebecikane ilang sekang atine bojone.
Banyu luhe Siwil ndlewer angger ndeleng wong lanang sing ora ngregani karo wong wadon, kelingan Winah, mbok nang sing lanang desia sia kaya sing sok kedaden nang desa Kutosari.
Sawise warga Talang rejo pada kumpul nang balene Pak surya, kira kira wong seket, lan sing akeh asal wong Kutosari, banjur Siwil nerangaken maksude.
“ assalamu ‘alaikum warohmatullohi wa barokatuh”, Siwil ngawiti salam olehe mbukak rembugan. Bar dijawab, banjur nerusaken guneme, “ eeh, begini bapak bapak semua. Pertama, saya haturkan terima kasih kepada bapak bapak semua, atas kesediaan bapak untuk meluangkan waktu menghadiri undangan saya, yang mungkin dianggap kurang etis, karena sebagai orang yang lebih muda mengundang orang yang lebih tua. Saya mohon maaf. Selanjutnya, perlu saya jelaskan di sini, bahwa maksud saya mengundang bapak bapak adalah menyampaikan suatu gagasan saya yang sekaligus untuk memusyawarahkannya. Begini, dalam rangka menambah hasanah seni budaya di daerah belitang atau daerah Komering, bagaimana kalau saya menambah satu kesenian lagi, yaitu Kesenian Angguk. Karena selama dua tahun di sini, saya tidak menemukan kesenian itu. Jadi andaikata ada kesepakatan, maka berarti di daerah kita, di samping ada Reog,Jatilan, wayang Kulit dan Runcak Runcakan, ada pula kesenian Angguk. Saya mohon, bapak bapak untuk menanggapi gagasan saya ini. Wassalamu alaikum warohmatullohi wa barokatuh”. Langsun bahen Cik Amin ngacung, terus aweh tanggapan, “ Begini Pak Siwil, saya belum mengerti kesenian Angguk, mohon penjelasan”, Cik amin banjur meneng . Siwil aweh penjelasan, ” bagus bagus, wah tadi saya lupa nggak menjelaskan. Begini pak, Angguk itu jenis tari tarian, tapi berbeda dengan tarian pada umumnya. Tarian yang gerakannya, menggunakan gerakan bela diri, kalo di daerah saya sana , desa Kutosari, disebut konto atau pencak. Maka dalam tarian angguk tidak ada unsur roqosh (ngigel, melambaikan tangan secara lemah gemulai, seperti yang ada dalam kesenian sintren). Maka tarian dalam angguk itu diperbolehkan dalam Agama. Tarian yang Halal. Adapun alat musik yang digunakan adalah genjring dan Bedug. Peralatan ini, nanti Pak surya yang supaya mencari, beliau kan sering ke Jawa, mungkin malah panen nanti , beliau juga mau ke jawa menghadiri hajatan kakaknya, iya apa ya Pak Surya, Pak surya manthuk, eeh.... begitu. Bagaimana , ada lagi ?. Rupane penjelasane siwil wis gamblang, ora nana sing takon maning. Banjur siwil ngomong, “ Kalau begitu, atas dasar kesepakatan kita, warga desa Talang Rejo, malam ini, telah berdiri kesenian angguk, yang saya beri nama “ ANGGUK KUTOSARI”. Omonge Siwil desambut kanthi keprok manthep tanda setuju banget. Banjur pada medangan, wedang clebek lawuhe budin goreng. lan godogan jagung. Katon nyamling banget.
***
[BERSAMBUNG]


Tidak ada komentar:
Posting Komentar